+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 19 Januari 2025 Minggu Limrah  

Yesaya 62:1-5; Jabur 36:5-10; 1 Korinta 12:1-11; Yokanan 2:1-11

 DAMEL  KAELOKAN

Apa sadhawuhe marang kowe padha lakonana.”

  (Yokanan 2:5b)

Rikala kapengker wonten acara reality show ingkang nggiyaraken kasudibyanipun manungsa anggenipun nindakaken kaelokan. Kaelokan-kaelokan ingkang boten saged katindakna dening salimrahipun manungsa. Olah kanuragan temahan boten tedhas tapak paluning pande. Olah pikir utawi mentalis temahan saged meca perangan ingkang badhe kelampahan. Hipnotis ingkang saged nelukaken tiyang bangun turut punapa kemawon ingkang kadhawuhaken. Saestunipun kaelokan ingkang  pangaji boten ngemungaken saged nindakaken perangan ingkang boten saged katindakaken dening asanes. Ananging sepinten kaelokan punika migunani lan sae tumraping pagesangan.

Wonten ing waosan dinten punika, Gusti Yesus ugi adamel kaelokan inggih punika ngewahi toya dados anggur. Kaelokan punika boten ujug-ujug kelampahan, ananging wonten cak-cakanipun. Boten ugi awit kirang pedamelan punapa dene iseng kemawon. Wiwitanipn wonten manten ing Kana kamongko katelasan ing anggur. Lajeng tuwuhipun raos sih piwlas ing manahipun kang ibunipun Gusti Yesus. Mekaten ugi raosing kumandelipun para palados anggenipun setya tuhu nindakaken punapa sadhawuhipun Gusti Yesus. Kados ingkang kaserat wonten nas ing nginggil. 

Sanajan Gusti Yesus sampun nyemanyani kelawan pawadan “dereng dumugi wekdalipun” ananging agengipun sih piwlas kang ibu lan kandelipun kapitadosanipun para pelados nyawabi kebabaring kaelokan.  Kamongko saestunipun dereng wanuh Gusti jer kaelokan ing Kana punika minangka kang kawiwitan anggenipun Gusti Yesus adamel kaelokan. Wusana Gusti Yesus inggih ngestokaken srana dhawuh: “Genthonge pada kebakana banyu!” Tumuli iya diiseni nganti kebak. “Saiki cidhuken, lan aturna marang pitayaning gawe!” Banjur kelakon digawa lan dipun incipi sampun dados anggur. Pituwasipun, menawi wonten kawigatosan wonten pangajeng-ajeng lan raosing kumandel ing ngarsanipun Gusti Allah, boten wonten perangan ingkang mokal kelampahan. Sauger kagem kesaenaning asanes lan kaluhuranipun asmanipun Gusti. Mara adamel kaelokan! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *