+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 18 Januari 2025 Minggu I Saksampunipun Epifani

Yeremia 4:1-4; Jabur 36:5-10; Lukas 11:14-23

SAESTU INGGIH SANES ORA

“Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa

ora melu anggonKu nglumpukake, iku dadi mbuyarake.”

 (Lukas 11:14)

Mbok menawi nate mireng pasambat: “Lho aku ra wis nampa. Aku ora njaluk apa-apa. Aku wis ngalah; ora nate serik apa maneh kepingin males. Wis sakarepe, ora bakal ndak glape. Kok pijer ora kapeneran. Njur aku kudu kepriye?” Padatanipun anggen kita mangsuli nggih cekak aos kemawon, murih boten sangsaya goreh manahipun. “Wis to kang, ditenangna pikirmu, mengko ra nampa pituwase Gusti!”. Tembung ingkang sanyatanipun boten mangsuli panggresahing sederek ing ngajeng.

Puji sokur konjuk Gusti wondene Gusti Yesus paring pangandika ingkang saestu dados pambereg anggen kita ngrampungaken perkawising gesang ingkang pinanggih. Makaten, “Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa ora melu anggonKu nglumpukake, iku dadi mbuyarake Saestu cetha lan trawaca. Ora nyarujuki ateges nglawan, ora nglumpukake ateges mbuyarake. Klawan tembung sanes, menawi cemeng nggih cemeng, menawi pethak nggih pethak. Boten saged klawu. Wonten kalanipun pethak, wonten kalanipun cemeng. Pramila makaten pandamel ingkang pasif, ora nggagas, ora ngglape, ora papa, lan ora-ora sanesipun menggahing para pitados boten cekap. Samesthinipun aktif; INGGIH. Nggih ndherek, nggih nyarengi, nggih nuladhani, inggih mitulungi, nggih nresnani lan sapiturutipun. Laras kaliyan paugeran ingkang utamanipun Gusti Yesus. “Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong.” (Lukas 3:11).

Murih raosing kumandel wonten ing sang Kristus sageda kebabar klawan nyata, boten wonten perangan sanes ingkang kedah katindakna kejawi nuladha Gusti Kristus; mbabaraken kratoning Allah ing gesang sanyatanipun. Cunduk kaliyan pangandikanipun Gusti: “… martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun martakake luware para wong kang kinunjara, sarta pulihe pandelenge wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran.” Sanyata inggih! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *