Yesaya 61:1-7; Jabur 19; Rum 7:1-6
KAMARDIKANING GESANG KANG SEJATI
“…awit kita wus padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki
kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh…” (Rum 7:6)
Gesang ing salebetipun angger-angger (Toret), ateges enering gesang, lampah lan pandamel mligi netepi pratelaning angger-angger. Kenging punapa makaten, kados pundi, punapa wigatosipun, boten perlu dipun penggalih. Jer angger-angger punika namung saged dipun tetepi punapa badhe dipun terak. Netepi pindha robot tanpa nyawa, nerak ndhatengaken bebendhu. Sedayanipun nyawabi bilahi lan pepejah.
Wondene pakaryan kawilujenganipn Gusti Yesus kepareng ngluwari kita saking pepejah lan maringi kawilujengan. Gesang anyar ing salebeting sang Roh Suci. Srana makaten anggen kita gesang mligi awit sih rahmat kawilujenganipun Gusti. Wondene pandamel sae minangka cihnaning pamuji sokur lan panuwun. Ingkang katindakna klawan kamardhikan lan suka bingah. Boten awit kapeksa netepi paugeran ingkang ngunjara kamardikaning gesang
Emanipun, murih luwar saking kinunjaraning toret, ngeneraken gesang wonten ing kamardikan ingkang tanpa wates. Satemah sangsaya kathah tiyang ingkang ngupadi bebas srana perangan ingkang tanpa wewaton. Remen omben-omben ngantos mabuk. Remen dhateng candu lan narkoba. Nguja kanikmataning gesang srana abyor ing “gemerlap dunia malam”. Kamardhikan ingkang ngemu perangan, “sakremenipun, sasekecanipun awakipun piyambak”. Tan duga bilih punika sedaya saged kemawon njalari manugsa kinunjara ing dosa; lan nyawabi pepejah.
Punapa kelampahan Gusti Yesus kasalibaken lan pejah malih murih kita linuwaran malih? Boten. Sampun wekdalipun gesang ing salebeting sih rahmat kinanthenan gesang ing salebeting pamratobat. Awit inggih srana pamratobat punika, gesang kita tansah kaenggalaken lan kasampurnakaken. Gesang miturut tata gesang anyar kados ingkang sampun kaprasetyakaken Gusti. “…awit kita wus padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh…” (Rum 7:6) Mugi Sang Roh Suci tansah mitulungi mujudaken gesang ing salebeting kamardhikan ingkang sejati. |*AJ