+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 22 Januari 2025 Minggu Limrah 

Mustikaning Kidung 4:9-5:1; Jabur 145; Lukas 5:33-39

NEPAKAKEN GESANG

Apa bisa para mitraning panganten lanang dikon pasa,

sajroning pangantene isih ana? (Lukas 5:34)

Nampeni sih rahmat kawilujenganipun Gusti Allah wonten ing Gusti Yesus, saestu perkawis ingkang mirunggan lan pangaji sanget. Mirunggan; inggih awit  pakaryaning kawilujengan ingkang kebabar kagem jagad kepareng murugi lan nimbali, miji lan netepaken kawula minangka umatipun. Pangaji; inggih awit sih rahmat kawilujengan linambaran rah lan pangurbananipun Gusti Yesus. Srana nandhang sangsara, sinalib seda lan wungunipun ing antawisipun tiyang pejah.

Mila saking punika, sampun samesthinipun kawula sedaya ngaturaken panuwun sokur ingkang tanpa pepindhan wonten ngarsanipun. Panuwun sokur ingkang kebabar wonten ing peranganing gesang ingkang sregep ing pandamel, tumemen lan kebaking pangajeng-ajeng.  Gesang ingkang tansah mujudaken Gusti Yesus ing pamanggih, pangandika lan pandamel ing gesang saben dintenipun. Punika ingkang dipun wastani ngriyadinaken gesang (merayakan hidup).

Ngriyadinaken gesang ingkang dipun gambaraken wonten ing kabingahaning pandherekipun temanten jaler ing satengahing pawiwahan. Kambi kembul dhahar, kekidungan lan mbok menawi lajeng sami jejogedan.  Saiba emanipun, nalika ing salebeting kabingahan, wonten mitranipun ingkang kendel lan mbegegek kemawon, sinartan pasuryan ingkang nyureng, boten wonten esemipun babar pisan. Jalaran saweg siyam. Sinaosa makaten wekdal pinanganten kakung mengker, wonten wekdalipun anggenipun siyam. Inggih punika nalikanipun manten kakung kapethal; njalari kawulanipun piyambakan.  Wekdal piyambakan; kaparingan wengan ngraos-raosaken sedaya peranganing gesang ingkang kelampahan. Niti priksa pundi peranganing gesang ing kalepetan ing dosa; lajeng mratobat. Siyam minangka wekdal nelakan patunggilaning manungsa lan Gusti ing pandonga. Nuwuhaken daya kekiyatan anggenipun  nglajengaken pambudidaya mbabaraken Injil kratoning Allah. Mugi kita sami kasagedaken nepakaken gesang miturut kawontenan lan kabetahan. Wonten wekdalipun mbudidaya, wonten wekdalipun siyam. |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *