Yeremia 1:4-10, Jabur 71:1-6, 1 Korinta 13:1-13, Lukas 4:21-30 KATAMPIK “Lan Pangandikane maneh: Aku pitutur marang kowe, sanyatane ora ana nabi kang kajen ana ing tanah asale ” (Lukas 4:24) Wonten ing lelampahan gesang padintenan, sinten ingkang nate ngraosaken dipun tampik? Mbok manawi ing antawisipun kita wonten ingkang nate dipun tampik dening tiyang sanes. Lajeng punapa ingkang ndadosaken tiyang punika katampik? Kathah bab ingkang dadosaken tiyang punika katampik, kadosta: raos mboten remen, tuwuhing pamawas ingkang negatif dhateng tiyang sanes, kaanggep boten cocok, lan sapiturutipun. Bab katampik punika kadosdene satunggaling prastawa ingkang dipun cariyosaken wonten ing Injil Lukas 4:21-30. Nalika Gusti Yesus paring piwucal saha nelakaken kayekten gegayutan kaliyan jati dhirinipun, kasunyatanipun mboten sadaya tiyang saged nampi. Punapa ingkang njalari? Awit rikala semanten tiyang-tiyang punika mawas Gusti Yesus kanthi cupet lan matesi bilih Yesus punika namung putranipun bapa Yusuf si tukang kayu. Bab punika dados satunggaling pambengan kangge mitadosi bilih Gusti Yesus punika Sang Mesih piyambak. Ngadhepi sikep tiyang-tiyang punika, Gusti Yesus boten duka. Ananging Panjenenganipun paring pangandika kados ing ayat 24-28. Mireng pangandikanipun Gusti Yesus punika, tiyang kathah lajeng sangsaya nepsu saha nglarak Gusti Yesus ing sakjawining kitha. Sinaosa Gusti Yesus nampi tumindak ingkang ala saking tiyang kathah, ananging Panjenenganipun boten duka. Panjenenganipun mujudaken tumindak ingkang wicaksana inggih punika tindak saha jengkar saking papan punika. Saking prastawa punika, para pitados pinaringan piwucal bilih kita kedah saged nuladha sikepipun Gusti Yesus. Inggih punika tansah tatag, lan boten ewah gingsir martosaken Injiling Allah sinaosa nampi sikep ingkang boten sekeca saking sesami. Saklajengipun, tansah purun ngapunteni lan boten males tumindakipun tiyang ingkang sampun natoni manah kita. Amin |*MEK
Setu, 1 Februari 2025 Minggu Limrah
II Babad 36:11-21; Jabur 71:1-6; Yokanan 1:43-51 PEPENGET “Ewasamono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, mawali-wali anggone paring pepenget lumantar para utusan, amarga saka tresnane marang umate lan papan padalemane” (II Babad 36:15) Tembung “pepenget” punika nggadhahi makna ngelingake, ngemutaken dhateng bab-bab ingkang prelu dipun gatosaken. Pepenget ugi dados bukti saha wujuding katresnan tiyang sepuh dhateng para larenipun. Mekaten ugi Pangandikanipun Gusti ing Kitab II Babad 36:11-21. Lumantar Nabi Yeremia, Sang Yehuwah paring pepenget dhateng Prabu Zedhekia awit lampah gesangipun ingkang asring nerak angger-anggeripun Gusti. Saha sikep ingkang boten purun ngurmati Nabi Yeremia minangka utusanipun Gusti lan sikep memberontak dhateng Prabu Nebukadnezar (ayat 12-13). Sampun makaping-kaping anggenipun Prabu Zedhekia dipun engetaken lumantar para utusanipun Gusti. Ananging piyambakipun tansah mangkotaken manah saha boten purun bikak manahipun lan mratobat. Awit sikep gesang ingkang mekaten, mila Gusti Allah dhatengaken ratuning tiyang Kasdim, kangge nglawan, mejahi para jaka ingkang wonten ing ngriku. Mboten namung punika kemawon ananging Padaleman Suci ugi dipun obong. Lan sadaya pirantos ingkang wonten ing lebetipun Padaleman Suci dipun pendhet saha dipun angkut dhateng Babel. Bab punika kados dene Pangandikanipun Gusti Allah ingkang dipun ngendikakaken lumantar Nabi Yeremia. Prastawa ingkang dipun serat wonten ing Kitab II Babab 36:11- 21 saged paring piwucal dhateng kita bilih: Ingkang sepisan, pepengetipun Gusti Allah punika sejatosipun minangka tandha tresnanipun Gusti dhateng kita. Gusti Allah saged paring pepenget lumantar maneka warni sarana. Kanthi pepengetipun Gusti punika dadosaken gesang kita langkung sae, ngatos-atos anggenipun nglampahi gesang lan tansah ajrih asih dhumateng Allah. Kaping kalihipun, pepengetipun Gusti prayogi katampi kanthi nglenggana, sampun ngantos mangkotaken manah. Awit menawi kita taksih mangkotaken manah saha taksih gegeki punapa ingkang dados pikajeng kita piyambak, punika saged ndhatengaken bilai, dampak ingkang boten sae tumrap gesang kita. Amin |*MEK
Jemuwah, 31 Januari 2025 Minggu Limrah
2 Babad 35:20-27; Jabur 71:1-6; Lelakone Pr. Rasul 19:1-10 MORATORIUM “Ananging bareng ana sawatara kang puguh lan tetep ora gelem diyakinake, malah ngala-ala Margining Pangeran ana ing ngarepe wong akeh, Rasul Paulus banjur nilar wong-wong mau…” (Lelakone Pr. Rasul 19: 9) Moratorium miturut etimologi (kawruh bab dumadining tembung) saking bahasa Latin inggih punika morari, ingkang ngemu teges ngendhe utawi ngendeg. (menunda/memberhentikan sementara-Ind) Jarwanipun ngendhe; ngendheg utawi nyigeg sesambetan sawetawis wekdal awit wontenipun prekawis ingkang dereng rampung murih leremipun. Contonipun moratorium kuliah nalika sawijing kampus kadakwa ngrereka keputusan ingkang klentu lan boten adil, ingkang tundanipun ngedalaken para dosen ingkang kaleres benten ing pemanggih lan pijer kritis, nyaruwe keputusaning kampus. Patrapipun inggih punika mogok kuliah, lan ngendeg biaya kuliah ngantos prekawis kaanggep rampung. Moratorium minangka margi luwar nalikanipun dialog punapa dene musyawarah lan voting (pilihan suara) kawawas boten saged ngrampungaken prekawis. Waosan Lelakone Pr. Rasul 19:1-10 dinten punika ugi nelakaken peranganing moratorium ingkang katindakna dening Rasul Paulus nalikanakipun klawan tegen lan sabar, memulang bab kratoning Allah. kados pratelaning pangandika, “Sajroning telung sasi Rasul Paulus rawuh ing papan pangibadah lan memulang kanthi tatag; sarana pirembagan-pirembagan mbudi-daya supaya padha kadunungan kayakinan bab Kratoning Allah.” (Pr. Rasul 19:8) Emanipun wonten kemawon sedherek ingkang nampik malah kepara ngala-ala margining Pangeran kados kaserat ing nas nginggil. Punapa ingkang kedah katindakaken? Boten sanes moratorium. Inggih punika “nilar wong-wong mau, para siswane dipisah saka ing kono” Pandamel ingkang kados makaten kepeksa katindakaken minangka pamerdi murih tiyang-tiyang kalawau nampi pangengenipun Gusti Allah piyambak, lan boten nyawabi awon tumrap ingkang sampun manjing pitados. Temtu kemawon klawan pamuji lan pandonga, ing mugi enggala sami mratobat lan kepareng nampi sih rahmat kawilujenganipun Gusti. Mugia! |*AJ
Kemis, 30 Januari 2025 Minggu Limrah
2 Babad 34:1-7; Jabur 71:1-6; Lelakone Pr. Rasul 10:38-44 DADOS SEKSINIPUN SANG KRISTUS “Wondene kula sadaya punapa sami dados seksi tumrap sadaya ingkang dipun tindakaken wonten ing tanah Yudea saha ing Yerusalem” (Lelakone Pr. Rasul 10:39a) Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, “saksi” punika ngemu teges tiyang ingkang nelakaken katrangan ing salebeting panitipriksa anggenipun ndawahaken putusaning pangadilan menggahing perkawis dipun pirengaken, dipun tingali lan dipun lampahi piyambak. Perangan ingkang katindakna dening Rasul Petrus nalikanipun piyambakipun nelakaken katrangan bab pakaryan kawilujenganipun Gusti Allah ing Sang Kristus Yesus kagem sagunging manungsa, kalebet bangsa ing sakjawining Yahudi. Ingkang mbereg rasul Petrus anggenipun manggihi lan mbaptisi Kornelius sakulawangsanipun ingkang manjing pitados lan nampi sih rahmatipun kawilujengan Gusti. Salajengipun, Petrus miterang bab Gusti Yesus lan pakaryaning kawilujengan ingkang katindakaken ing saindenging Yudea lan Yerusalem. Kawiwitan nalikanipun baptisanipun Yokanan Pembaptis, piwulang lan kaelokan-kaelokanipun, ngantos dumugi ing sangsara, sinalib lan sedanipun Gusti Yesus. Sedaya kaaturaken kanthi wijang lan trapsila saha kebak panguwaos. Njalari sangsaya kathah tiyang ingkang sami manjing pitados lan nampi pratanda baptis. Lha kados pundi mengahing kita minangka seksinipun Gusti Yesus Kristus? Sanajan kawula sedaya boten mireng piyambak, ningali piyambak lan nglampahi piyambak pakaryaning kawilujengan ingkang kababar kalih ewu tahun ingkang kapengker, boten ateges kita boten saged dados seksinipun Gusti Yesus. Jer Gusti Allah wonten ing Sang Kristus sampun kepareng nedhakaken Roh Suci minangka Rohing kayekten, Panglipur lan Panuntun anggen kawula nglestantunaken lan atur paseksi. Sauger purun nuladha Gusti Yesus ing sedaya tindak lan pandamelipun lan mbabaraken punika wonten ing gesang sanyatanipun, kita sampun kepareng dados seksi. Mugi Sang Roh Suci ndayani lan njangkepi kita minangka para seksinipun Gusti. Gusti tansah mitulungi! |*AJ
Rebo, 29 Januari 2025 Minggu Limrah
Yeremia 36:27-32; Jabur 119:89-96; Lukas 4:38-44 KAELOKAN KANG NYAWABI PANDAMEL “Gusti Yesus nuli jumeneng ing sandhinge, lelarane didukani, wasana sing lara banjur mari, nuli tangi lan ngladeni para tamune” (Lukas 4:39) “Sim salabim Abrakadabra!” topi ingkang kothong dumadakan medal truwelunipun. Kertas koran ingkang kagulung ujug-ujug medal toyanipun. Lha pituwasipun punapa? Kejawi penonton sami keplok ugi nelakaken pamaremipun klawan nguwuh “Wah hebat! Luar biasa!” ketingalipun boten wonten paedah punapa-punapa. Kados pundi menggahing kaelokanipun Gusti Yesus? Menawi kaelokan punika boten nyawabi punapa-punapa, kejawi “Wah hebat! Luar biasa!” ateges sami kemawon kaliyan juru sulap. Begja menawi kaelokanipun Gusti Yesus punika nyawabi kabecikan. Ingkang ngglungsar jumeneng. Ingkang budheg mireng. Ingkang wuta saged ningali. Ingkang pejah katangekaken. Wosipun, ing sedaya kaelokanipun Gusti, kratoning Allah kebabar. Makaten ugi nalikanipun Gusti Yesus nyarasaken ibu marasepuhipun Petrus ingkang saweg gerah panastis. Gusti Yesus nuli jumeneng ing sandhinge, lelarane didukani, wasana sing lara banjur mari, nuli tangi lan ngladeni para tamune (Luk. 4:39). Underanipun boten mapan ing “lelarane didukani, wasana sing lara banjur mari”, ananging kamot wonten ing “nuli tangi lan ngladeni para tamune”. Nyipati kaelokan ingkang nuwuhaken pandamel, paring seserepan anggenipun mesthekaken kebabaripun kaelokanipun Gusti ing gesang kita. Nalikanipun kaelokan punika boten nyawabi punapa-punapa, kejawi raos marem; kemaki lan kumalungkung, saged kemawon punika pinangkanipun saking pangawak dursilo. Kaelokanipn Gusti ugi kebabar ing gesang kula. Nate ketilem lan nambrak truk amot watu. Helm bentet, tangan kiwa lan tengan punapa dene sikil sami tugel balungipun. Tangeh lamun anggenipun saged wilujeng. Nyatanipun lestari gesang ngantos sepriki. Ndayani anggenipun boten semaya nindakaken peladosan, awratipun kados punapa. Sanyata kaelokan nyawabi pandamel. Puji sokur konjuk Gusti!|*AJ
Slasa, 28 Januari 2025 Minggu Limrah
Yeremia 36:11-26; Jabur 119:89-96; 2 Korinta 7:2-12 KASISAHAN INGKANG NUWUHAKEN PITOBAT “Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.” (2 Korinta 7:10) Sampun limrahipun, minangka agesang, kawula sedaya nate ngraosaken sisah, ajrih, was lan sumelang, pepes lan semplah punapa dene getun lan keduwung. Saged kemawon punika margi awit pandamelipun asanes punapa dene saking awakipun piyambak. Saged kemawon minangka bebendunipun Gusti Allah awit dosa lan paneraking tyang, saged ugi punika minangka pandadar tumraping katumemening tyang anggenipun setya tuhu ndherek Gusti. Kadosta kasisahanipun Nabi Yeremia lan Barukh, ingkang mlajar dedelikan jalaran dipun ereh pejahipun dening Prabu Yoyakim. Kamangka punapa ingkang katindakna Yeremia lan Barukh punika perangan ingkang becik. Inggih punika medharaken sabda pangandikanipun Gusti ingkang sinerat, murih pitobatipun Sang Prabu Yoyakim. Wondene kasisahaning sang Prabu ingkang nyuwek-nyuwek dluwanging pangandika sarta dipun obong, dados jalaran anggenipun nemahi pejah. Cunduk kaliyan pamecanipun Yeremia, “Dheweke ora bakal duwe turun kang nglungguhi dhampare Dawud, lan mayite bakal gilang-gilang, temah kepanasan ing wayah awan lan kadhemen ing wayah bengi.” (Yer 36:30) Kasisahan ingkang nuwuhaken pitobat ugi karaosaken dening rasul Paulus nalikanipun boten saestu nuweni malih pasamuwan ing Korinta awit wontenipun panandhang ingkang karaosaken. Kinunjara lan ketaman sesakit. Sanajan ta makaten panglipuraning Gusti Allah nyata. Mirunggan nalika Titus kepareng ingutus nuweni pasamuwan ing Korinta. Lumantar Titus, Paulus ugi nelakaken dhawuh supados pasamuwan Korintus, sanajan ugi ngraosaken sisah, panggah nelakaken pambiyantu dhateng pasamuwan ing Yerusalem, ingkang kawontenanipun langkung ringkih punapa dene sisah. Wosipun sawernining kasusahan, nalikanipun karaosaken minangka pambereg mbabaraken katresnan, sageda dados etuking pitobat ingkang anjog ing kawilujengan sejati. Sauger sami mawang kasisahan miturut kersanipun Allah.|*AJ.
Senen, 27 Januari 2025 Minggu Limrah
Yeremia 36:1-10; Jabur 119:89-96; 1 Korinta 14:1-12 PAMBANGUNING PASAMUWAN “Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa-roh, kajaba manawa wong iku iya banjur nerangake jarwane uga, satemah pasamuwan kabangun.” (1 Korinta 14:5b) Minangka wohing kawilujengan, pasamuwan punika ngemu peranganing kamanungsan lan perangan ingkang ilahi. Awit saking punika, peranganing kadonyan boten saged dipun singkur babar pisan jer pancen taksih ing gesang ing jagad. Ing sisih sanes, pasamuwan minangka wohing kawilujenganing Allah, ugi sinasaban Sang Roh Suci ingkang ndayani, njangkepi lan nuntun pasamuwan tumuju ing kasampurnaning kawilujengan. Pramila makaten pambudayaning manungsa lan panuntuning Sang Roh Suci, perangan ingkang saetu kabetahahken murih lestantuning pasamuwan. Emanipun wonten kemawon pangarsanipun pasamuwan ingkang ndaku nampi peparing ingkang ilahi lajeng sami rumaos inggil lan unggul katimbang sanesipun. Jer peparing punika inggih maneka warni. Saged nundhung dhemit, nelakaken pameca, ningali vision (penglihatan) ngginakaken basa roh lan sanes-sanesipun. Boten ateges ngiwakaken sedaya peparingipun Gusti Allah, nalika sedaya peparing kalawau namung migunani tumrap dhiri pribadi lan boten mbangun pasamuwan, inggih nglaha kemawon. Pituwasipun namung dredah lan sulayah. Murih pasamuwan boten sangsaya bubrah, Paulus mrayogekaken menawi langkung prayogi anggenipun nampi peparing punika mligi kagem pambanguning pasamuwan. Kadosta medar wangsit. Awit pamedharing wangsit punika wradinipun kagem pasamuwan. Wondene peparing sanes, kadosta ngginakaken basa roh, prayogi kemawon, nalikanipun boten mandeg ing tembung ingkang tanpa teges ananging kinanthenan jarwanipun punapa. Satemah pasamuwan inggih kabangun. Pitakenipun punapa pamedhar wangsit saged katindakna dening pasamuwanipun Gusti ing jaman samangke? Saged. Umpaminipun pamedhar wangsit bab pertanian organik, green church. Utawi ingkang nembe viral, pasamuwan disabilitas, lsp. Payo mbangun pasamuwan!|*AJ
Ahad, 26 Januari 2025 Minggu Limrah
Nehemya 8:1-3, 5-6, 8-10; Jabur 19; 1 Korinta 12:12-31a; Lukas 4:14-21 KEBABARING PANGANDIKA “Ing dina iki pangandika iki wis kayektenan, sajrone kowe padha ngrungokake.” (Lukas 4:21) Ingkang rahayu punika sinten ta? Punapa tyang ingkang nampi berkah mirunggan kadosta pikantuk lotre punapa dene door prize? Utawi tiyang ingkang sami mindhak pangkatipun lan blanjanipun? Temtu kemawon sedaya perangan ingkang sae ingkang kebabar saged dipun wastani rahayu. Langkung saking punika, pratelaning pangibadah ugi nelakaken peranganing rahayu. Inggih punika saben tiyang ingkang mirengaken pangandikanipun Gusti lan ngestokaken ing gesang padintenan. Menawi namung mireng mawon, punapa dene ngestokaken/nindakaken mawon punapa saged dipun wastani Rahayu? Boten. Namung mireng boten purun nglampahi; nglaha kemawon. Wondene ngestokaken/nglampahi tanpa pamirenging pangandika saged kemawon kesasar. Samesthinipun ingkang mireng lan ngestokaken. Cunduk kaliyan pangandikaning Yeremia ingkang ngewrat dosa lan kalepataning umat satemah sami kabucal wonten ing Babel, nalikanipun sami mratobat, dipun wangsulaken malih ing Israel, laras kaliyan prasetyanipun Gusti. Makaten ugi jumbuhing pangandika lan pandamel ugi kebabar wonten ing Gusti Yesus nalika maosaken petikanipun kitab nabi Yesaya, “Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawahan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun, martakake luware para wong kang kinunjara, sarta pulihe pandelenge wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran.” Sedaya pamecanipun (pangandikanipun) Nabi Yesaya sampun dipunjangkepi (ditindakaken) wonten ing Gusti Yesus anggenipun mucal bab kratoning Allah lan adamel kaelokan nyarasaken tiyang ingkang sakit. Trep sanget kaliyan pratelaning Gusti Yesus tumrap panjenenganipun piyambak bilih “Ing dina iki pangandika iki wis kayektenan, sajrone kowe padha ngrungokake.” Sumangga mbabaraken pangandikanipun Gusti ing gesang kita saben dintenipun, dimen rahayu! |*AJ
Setu, 25 Januari 2025 Minggu Limrah
Nehemia 5:1-13; Jabur 19; Lukas 2:39-52 KADIWASANING KAPITADOSAN “Kacarita Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa” (Lukas 2: 52) Titikaning kadiwasaning kapitadosan, miturut pranataning pasamuwan GKJ, inggih punika Sidhi. Miturut basa sansekerta, Sidhi ngemu teges sampurna. Inggih punika kasampurnaning kapitadosan ingkang sampun kepareng kawiwitan dening tiyang sepuh nalikanipun masrahaken putra-putranipun nampeni pratandha baptis, sampun dipun tetepi/dipun jangkepi. Pramila makaten, sidhi ugi dados titikan bilih lare punika samangke sampun diwasa. Gusti Yesus ugi nglampahi proses “sidhi”. Inggih punika nampi pratelaning kawilujengan lumantar tetak nalika yuswa 8 dinten. Samangke nalika sampun muda-taruna, kasowanaken malih wonten ing ngarsanipun alim-ulama wonten ing pedaleman suci Yerusalem, murih nampi tetepan minangka “satemen-temene” kagunganipun Gusti. Memper menawi lajeng sami wawan rembag babagan karohanen ing satengahing alim-ulama, temahan sami kaeraman. Ing tembe, Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa” Kadiwasaning kapitadosan boten kemawon katingal anggenipun sami mangertosi kawruhing kapitadosan bab kawilujengan, ananging ugi mbabaraken kawilujengan punika ing gesang sanyatanipun. Laras kaliyan pambudidayaning Nehemia jejegaken adegipun pedaleman suci miturut tata lair/bangunan lan karohanen (Nehemia 5:1-13). Mirungganipun nalika mrangguli kasangsaraning “kawula alit” katindes dening para imam lan pinisepuhing bangsa, srana pirantining paos lan pandamel ingkang boten adil. Wusana klawan kebaking kawicaksanan, Nehemia mratelakaken sedaya patrap pandamelipun para imam lan pinisepuhing bangsa ingkang sampun damel sekel penggalihipun Gusti. Saiba begjanipun, wondene sedaya sami ngestokaken dhawuhipun. Saestu kadiwasaning kapitadosan nalikanipun umatipun sami nggegulang kawruh bab kawilujengan lan mujudaken kawilujengan ing gesang sanyatanipun. Gusti mberkahi! |*AJ
Jemuwah, 24 Januari 2025 Minggu Limrah
Nehemia 2:1-10; Jabur 19; Rum 12:1-8 ANDHUM GESANG SESARENGAN “Sapa kang ngedum apa-apa, anggone nindakake akanthia ati kang eklas; sapa kang mimpin, iya kang kanthi taberi: sing sapa olah kawelasan, iya nindakna kanthi bungah.” (Rum 12:8b) Kebabaripun kapitadosan wonten ing Gusti Allah punika boten ngemungaken gumanthung anggen kita netepi kuwajibaning agami. Kadosta sregep ngibadah dhateng greja punapa kempalaning pangibadah sanesipun, taberi anggenipun ngaturaken pisungsung. Punapa dene netepi trapsilaning agami; ndedonga lan maos kitab suci. Osiking kapitadosan ugi kebabar anggen kita andhum gesang. Migatosaken kawontenan ‘ringkih’ ing sakiwa tengen kita lan nelakaken panjurung; murih pagesangan manggihaken tentrem lan rahayu. Patuladanipun andum gesang, kebabar ing gesangipun Nabi Nehemia, Prabu Arthasasta lan garwa dalasan para bupati kalebet Asaf ingkang nyengkuyung pambanguning Padaleman Suci. Dadosna uninga menawi pedaleman suci karubuhaken lan tiyang-tiyangipun sami kabucal ing Babel. Nalikanipun Babel kawengku panguwaosipun bangsa Persia, Prabu Arthasasta ingkang ngasta paprentahan; nggadhahi patrap ingkang becik menggahing bangsa Israel. Nalikanipun Nehemia, ngladosi unjukaning Sang Prabu, kamangka pasuryanipun katon sedhih, Sang Prabu dangu lan kaparingan wangsulan bilih anggenipun sedhih awit kaprihatosaning Nehemia ningali kawontenanipun Padaleman Suci lan pangajeng-ajengipun anggenipun badhe mbangun Padaleman Suci. Salajengipun Sang Prabu Arthasasta nindakaken sedaya panyuwunanipun Nehemia anggenipun maringi “surat jalan” dhateng Yeremia, supados kaaturaken dhateng sedaya bupati, murih wilujenging lampahipun. Makaten ugi anggenipun mbetahaken kajeng wana, piranti pambanguning pedaleman suci ugi kadamel lan kapirangaken dhateng Asaf. Wusana pambanguning Pedaleman Suci saged katindakna. Sedaya awit pambiyantu lan panyengkuyungipun para-para ingkang kepareng andhum gesang. Laras kaliyan nas, “Sapa kang ngedum apa-apa, anggone nindakake akanthia ati kang eklas; sapa kang mimpin, iya kang kanthi taberi: sing sapa olah kawelasan, iya nindakna kanthi bungah.” |*AJ
