+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 28 Januari 2025 Minggu Limrah

Yeremia 36:11-26; Jabur 119:89-96; 2 Korinta 7:2-12

KASISAHAN INGKANG NUWUHAKEN PITOBAT

Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat

kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan

kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.(2 Korinta 7:10)

Sampun limrahipun, minangka agesang, kawula sedaya nate ngraosaken sisah, ajrih, was lan sumelang, pepes lan semplah punapa dene getun lan keduwung. Saged kemawon punika margi awit pandamelipun asanes punapa dene saking awakipun piyambak.  Saged kemawon minangka bebendunipun Gusti Allah awit dosa lan paneraking tyang, saged ugi punika minangka pandadar tumraping katumemening tyang anggenipun setya tuhu ndherek Gusti.

Kadosta kasisahanipun Nabi Yeremia lan Barukh, ingkang mlajar dedelikan jalaran dipun ereh pejahipun dening Prabu Yoyakim. Kamangka punapa ingkang katindakna Yeremia lan Barukh punika perangan ingkang becik. Inggih punika medharaken sabda pangandikanipun Gusti ingkang sinerat, murih pitobatipun Sang Prabu Yoyakim. Wondene kasisahaning sang Prabu ingkang nyuwek-nyuwek dluwanging pangandika sarta dipun obong, dados jalaran anggenipun nemahi pejah. Cunduk kaliyan pamecanipun Yeremia,  “Dheweke ora bakal duwe turun kang nglungguhi dhampare Dawud, lan mayite bakal gilang-gilang, temah kepanasan ing wayah awan lan kadhemen ing wayah bengi.” (Yer 36:30)

Kasisahan ingkang nuwuhaken pitobat ugi karaosaken dening rasul Paulus nalikanipun boten saestu nuweni malih pasamuwan ing Korinta awit wontenipun panandhang ingkang karaosaken. Kinunjara lan ketaman sesakit. Sanajan ta makaten panglipuraning Gusti Allah nyata. Mirunggan nalika Titus kepareng ingutus nuweni pasamuwan ing Korinta.

Lumantar Titus, Paulus ugi nelakaken dhawuh supados pasamuwan Korintus, sanajan ugi ngraosaken sisah, panggah nelakaken pambiyantu dhateng pasamuwan ing Yerusalem, ingkang kawontenanipun langkung ringkih  punapa dene sisah. Wosipun sawernining kasusahan, nalikanipun karaosaken minangka pambereg mbabaraken katresnan, sageda dados etuking pitobat ingkang anjog ing kawilujengan sejati. Sauger sami mawang kasisahan miturut kersanipun Allah.|*AJ.  

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *