Yeremia 36:27-32; Jabur 119:89-96; Lukas 4:38-44
KAELOKAN KANG NYAWABI PANDAMEL
“Gusti Yesus nuli jumeneng ing sandhinge, lelarane didukani, wasana
sing lara banjur mari, nuli tangi lan ngladeni para tamune”
(Lukas 4:39)
“Sim salabim Abrakadabra!” topi ingkang kothong dumadakan medal truwelunipun. Kertas koran ingkang kagulung ujug-ujug medal toyanipun. Lha pituwasipun punapa? Kejawi penonton sami keplok ugi nelakaken pamaremipun klawan nguwuh “Wah hebat! Luar biasa!” ketingalipun boten wonten paedah punapa-punapa. Kados pundi menggahing kaelokanipun Gusti Yesus? Menawi kaelokan punika boten nyawabi punapa-punapa, kejawi “Wah hebat! Luar biasa!” ateges sami kemawon kaliyan juru sulap.
Begja menawi kaelokanipun Gusti Yesus punika nyawabi kabecikan. Ingkang ngglungsar jumeneng. Ingkang budheg mireng. Ingkang wuta saged ningali. Ingkang pejah katangekaken. Wosipun, ing sedaya kaelokanipun Gusti, kratoning Allah kebabar.
Makaten ugi nalikanipun Gusti Yesus nyarasaken ibu marasepuhipun Petrus ingkang saweg gerah panastis. Gusti Yesus nuli jumeneng ing sandhinge, lelarane didukani, wasana sing lara banjur mari, nuli tangi lan ngladeni para tamune (Luk. 4:39). Underanipun boten mapan ing “lelarane didukani, wasana sing lara banjur mari”, ananging kamot wonten ing “nuli tangi lan ngladeni para tamune”.
Nyipati kaelokan ingkang nuwuhaken pandamel, paring seserepan anggenipun mesthekaken kebabaripun kaelokanipun Gusti ing gesang kita. Nalikanipun kaelokan punika boten nyawabi punapa-punapa, kejawi raos marem; kemaki lan kumalungkung, saged kemawon punika pinangkanipun saking pangawak dursilo.
Kaelokanipn Gusti ugi kebabar ing gesang kula. Nate ketilem lan nambrak truk amot watu. Helm bentet, tangan kiwa lan tengan punapa dene sikil sami tugel balungipun. Tangeh lamun anggenipun saged wilujeng. Nyatanipun lestari gesang ngantos sepriki. Ndayani anggenipun boten semaya nindakaken peladosan, awratipun kados punapa. Sanyata kaelokan nyawabi pandamel. Puji sokur konjuk Gusti!|*AJ