+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 30 Januari 2025 Minggu Limrah

2 Babad 34:1-7; Jabur 71:1-6; Lelakone Pr. Rasul 10:38-44

DADOS SEKSINIPUN SANG KRISTUS

Wondene kula sadaya punapa sami dados seksi tumrap sadaya ingkang dipun tindakaken wonten ing tanah Yudea saha ing Yerusalem

(Lelakone Pr. Rasul 10:39a)

Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, “saksi” punika ngemu teges tiyang ingkang nelakaken katrangan ing salebeting panitipriksa anggenipun ndawahaken putusaning pangadilan menggahing perkawis dipun pirengaken, dipun tingali lan dipun lampahi piyambak. Perangan ingkang katindakna dening Rasul Petrus nalikanipun piyambakipun nelakaken katrangan bab pakaryan kawilujenganipun Gusti Allah ing Sang Kristus Yesus kagem sagunging manungsa, kalebet bangsa ing sakjawining Yahudi.

Ingkang mbereg rasul Petrus anggenipun manggihi lan mbaptisi Kornelius sakulawangsanipun ingkang manjing pitados lan nampi sih rahmatipun kawilujengan Gusti. Salajengipun, Petrus miterang bab Gusti Yesus lan pakaryaning kawilujengan ingkang katindakaken ing saindenging Yudea lan Yerusalem.  Kawiwitan nalikanipun baptisanipun Yokanan Pembaptis, piwulang lan kaelokan-kaelokanipun,  ngantos dumugi ing sangsara, sinalib lan sedanipun Gusti Yesus. Sedaya kaaturaken kanthi wijang lan trapsila saha kebak panguwaos. Njalari sangsaya kathah tiyang ingkang sami manjing pitados lan nampi pratanda baptis.  Lha kados pundi mengahing kita minangka seksinipun Gusti Yesus Kristus?

Sanajan kawula sedaya boten mireng piyambak, ningali piyambak lan nglampahi piyambak pakaryaning kawilujengan ingkang kababar kalih ewu tahun ingkang kapengker, boten ateges kita boten saged dados seksinipun Gusti Yesus.  Jer Gusti Allah wonten ing Sang Kristus sampun kepareng nedhakaken Roh Suci minangka Rohing kayekten, Panglipur lan Panuntun anggen kawula nglestantunaken lan atur paseksi. Sauger purun nuladha Gusti Yesus ing sedaya tindak lan pandamelipun lan mbabaraken punika wonten ing gesang sanyatanipun, kita sampun kepareng dados seksi. Mugi Sang Roh Suci ndayani lan njangkepi kita minangka para seksinipun Gusti. Gusti tansah mitulungi! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *