+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 27 Januari 2025 Minggu Limrah 

Yeremia 36:1-10; Jabur 119:89-96; 1 Korinta 14:1-12

PAMBANGUNING PASAMUWAN

“Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo

kang ngucap nganggo basa-roh, kajaba manawa wong iku iya banjur

nerangake jarwane uga, satemah pasamuwan kabangun.

(1 Korinta 14:5b)

Minangka wohing kawilujengan,  pasamuwan punika ngemu peranganing kamanungsan lan perangan ingkang ilahi. Awit saking punika, peranganing kadonyan boten saged dipun singkur babar pisan jer pancen taksih ing gesang ing jagad. Ing sisih sanes, pasamuwan minangka wohing kawilujenganing Allah, ugi sinasaban Sang Roh Suci ingkang ndayani, njangkepi lan nuntun pasamuwan tumuju ing kasampurnaning kawilujengan. Pramila makaten pambudayaning manungsa lan panuntuning Sang Roh Suci, perangan ingkang saetu kabetahahken murih lestantuning pasamuwan.  

Emanipun wonten kemawon pangarsanipun pasamuwan ingkang ndaku nampi peparing ingkang ilahi lajeng sami rumaos inggil lan unggul katimbang sanesipun. Jer peparing punika inggih maneka warni. Saged nundhung dhemit, nelakaken pameca, ningali vision (penglihatan) ngginakaken  basa roh lan sanes-sanesipun. Boten ateges ngiwakaken sedaya peparingipun Gusti Allah, nalika sedaya peparing kalawau namung migunani tumrap dhiri pribadi lan boten mbangun pasamuwan, inggih nglaha kemawon. Pituwasipun namung dredah lan sulayah.

Murih pasamuwan boten sangsaya bubrah, Paulus mrayogekaken menawi langkung prayogi anggenipun nampi peparing punika mligi kagem pambanguning pasamuwan. Kadosta medar wangsit. Awit pamedharing wangsit punika wradinipun kagem pasamuwan. Wondene peparing sanes, kadosta ngginakaken basa roh, prayogi kemawon, nalikanipun boten mandeg ing tembung ingkang tanpa teges ananging kinanthenan jarwanipun punapa. Satemah pasamuwan inggih kabangun.

Pitakenipun punapa pamedhar wangsit saged katindakna dening pasamuwanipun Gusti ing jaman samangke? Saged. Umpaminipun pamedhar wangsit bab pertanian organik, green church. Utawi ingkang nembe viral, pasamuwan disabilitas, lsp. Payo mbangun pasamuwan!|*AJ  

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *