+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 26 Januari 2025 Minggu Limrah

Nehemya 8:1-3, 5-6, 8-10; Jabur 19; 1 Korinta 12:12-31a; Lukas 4:14-21

KEBABARING PANGANDIKA

“Ing dina iki pangandika iki wis kayektenan,

sajrone kowe padha ngrungokake.(Lukas 4:21)

Ingkang rahayu punika sinten ta? Punapa tyang ingkang nampi berkah mirunggan kadosta pikantuk lotre punapa dene door prize? Utawi tiyang ingkang sami mindhak pangkatipun lan blanjanipun? Temtu kemawon sedaya perangan ingkang sae ingkang kebabar saged dipun wastani rahayu.

Langkung saking punika,  pratelaning pangibadah ugi nelakaken peranganing rahayu. Inggih punika saben tiyang ingkang mirengaken pangandikanipun Gusti lan ngestokaken ing gesang padintenan. Menawi namung mireng mawon, punapa dene ngestokaken/nindakaken mawon punapa saged dipun wastani  Rahayu? Boten. Namung mireng boten purun nglampahi; nglaha kemawon. Wondene ngestokaken/nglampahi tanpa pamirenging pangandika saged kemawon kesasar. Samesthinipun ingkang mireng lan ngestokaken. Cunduk kaliyan pangandikaning Yeremia ingkang ngewrat dosa lan kalepataning umat satemah sami kabucal wonten ing Babel, nalikanipun sami mratobat, dipun wangsulaken malih ing Israel, laras kaliyan prasetyanipun Gusti.

Makaten ugi jumbuhing pangandika lan pandamel ugi kebabar wonten ing Gusti Yesus nalika maosaken petikanipun kitab nabi Yesaya, “Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawahan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun, martakake luware para wong kang kinunjara, sarta pulihe pandelenge wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran.” Sedaya pamecanipun (pangandikanipun) Nabi Yesaya sampun dipunjangkepi (ditindakaken) wonten ing Gusti Yesus anggenipun mucal bab kratoning Allah lan adamel kaelokan nyarasaken tiyang ingkang sakit. Trep sanget kaliyan pratelaning Gusti Yesus tumrap panjenenganipun piyambak bilih “Ing dina iki pangandika iki wis kayektenan, sajrone kowe padha ngrungokake. Sumangga mbabaraken pangandikanipun Gusti ing gesang kita saben dintenipun, dimen rahayu!  |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *