Nehemia 5:1-13; Jabur 19; Lukas 2:39-52
KADIWASANING KAPITADOSAN
“Kacarita Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa” (Lukas 2: 52)
Titikaning kadiwasaning kapitadosan, miturut pranataning pasamuwan GKJ, inggih punika Sidhi. Miturut basa sansekerta, Sidhi ngemu teges sampurna. Inggih punika kasampurnaning kapitadosan ingkang sampun kepareng kawiwitan dening tiyang sepuh nalikanipun masrahaken putra-putranipun nampeni pratandha baptis, sampun dipun tetepi/dipun jangkepi. Pramila makaten, sidhi ugi dados titikan bilih lare punika samangke sampun diwasa.
Gusti Yesus ugi nglampahi proses “sidhi”. Inggih punika nampi pratelaning kawilujengan lumantar tetak nalika yuswa 8 dinten. Samangke nalika sampun muda-taruna, kasowanaken malih wonten ing ngarsanipun alim-ulama wonten ing pedaleman suci Yerusalem, murih nampi tetepan minangka “satemen-temene” kagunganipun Gusti. Memper menawi lajeng sami wawan rembag babagan karohanen ing satengahing alim-ulama, temahan sami kaeraman. Ing tembe, Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa”
Kadiwasaning kapitadosan boten kemawon katingal anggenipun sami mangertosi kawruhing kapitadosan bab kawilujengan, ananging ugi mbabaraken kawilujengan punika ing gesang sanyatanipun. Laras kaliyan pambudidayaning Nehemia jejegaken adegipun pedaleman suci miturut tata lair/bangunan lan karohanen (Nehemia 5:1-13). Mirungganipun nalika mrangguli kasangsaraning “kawula alit” katindes dening para imam lan pinisepuhing bangsa, srana pirantining paos lan pandamel ingkang boten adil. Wusana klawan kebaking kawicaksanan, Nehemia mratelakaken sedaya patrap pandamelipun para imam lan pinisepuhing bangsa ingkang sampun damel sekel penggalihipun Gusti. Saiba begjanipun, wondene sedaya sami ngestokaken dhawuhipun. Saestu kadiwasaning kapitadosan nalikanipun umatipun sami nggegulang kawruh bab kawilujengan lan mujudaken kawilujengan ing gesang sanyatanipun. Gusti mberkahi! |*AJ