2 Babad 35:20-27; Jabur 71:1-6; Lelakone Pr. Rasul 19:1-10
MORATORIUM
“Ananging bareng ana sawatara kang puguh lan tetep ora gelem diyakinake, malah ngala-ala Margining Pangeran ana ing ngarepe
wong akeh, Rasul Paulus banjur nilar wong-wong mau…”
(Lelakone Pr. Rasul 19: 9)
Moratorium miturut etimologi (kawruh bab dumadining tembung) saking bahasa Latin inggih punika morari, ingkang ngemu teges ngendhe utawi ngendeg. (menunda/memberhentikan sementara-Ind) Jarwanipun ngendhe; ngendheg utawi nyigeg sesambetan sawetawis wekdal awit wontenipun prekawis ingkang dereng rampung murih leremipun. Contonipun moratorium kuliah nalika sawijing kampus kadakwa ngrereka keputusan ingkang klentu lan boten adil, ingkang tundanipun ngedalaken para dosen ingkang kaleres benten ing pemanggih lan pijer kritis, nyaruwe keputusaning kampus. Patrapipun inggih punika mogok kuliah, lan ngendeg biaya kuliah ngantos prekawis kaanggep rampung. Moratorium minangka margi luwar nalikanipun dialog punapa dene musyawarah lan voting (pilihan suara) kawawas boten saged ngrampungaken prekawis.
Waosan Lelakone Pr. Rasul 19:1-10 dinten punika ugi nelakaken peranganing moratorium ingkang katindakna dening Rasul Paulus nalikanakipun klawan tegen lan sabar, memulang bab kratoning Allah. kados pratelaning pangandika, “Sajroning telung sasi Rasul Paulus rawuh ing papan pangibadah lan memulang kanthi tatag; sarana pirembagan-pirembagan mbudi-daya supaya padha kadunungan kayakinan bab Kratoning Allah.” (Pr. Rasul 19:8) Emanipun wonten kemawon sedherek ingkang nampik malah kepara ngala-ala margining Pangeran kados kaserat ing nas nginggil.
Punapa ingkang kedah katindakaken? Boten sanes moratorium. Inggih punika “nilar wong-wong mau, para siswane dipisah saka ing kono” Pandamel ingkang kados makaten kepeksa katindakaken minangka pamerdi murih tiyang-tiyang kalawau nampi pangengenipun Gusti Allah piyambak, lan boten nyawabi awon tumrap ingkang sampun manjing pitados. Temtu kemawon klawan pamuji lan pandonga, ing mugi enggala sami mratobat lan kepareng nampi sih rahmat kawilujenganipun Gusti. Mugia! |*AJ