I Samuel 9:15-10:1b; Jabur 115; 1 Timotius 3:1-9 PAMOMONGING PASAMUWAN “Iki tembung kang satuhu: Menawa wong kepengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kepengin nindakake pagawean kang adi” (I Timotius 3:1) Kathah tiyang ingkang mawas bilih dados pamomonging pasamuwan punika minangka satunggaling timbalan ingkang adi. Bab punika kados ingkang kapratelakaken wonten ing ayat 1, “Iki tembung kang satuhu:” Menawa wong kepengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kepengin nindakake pagawean kang adi”. Ananging emanipun, boten sadaya tiyang purun nyanggemi timbalan punika. Buktinipun nalika satunggaling greja utawi pasamuwan pados calon pradata, limrahipun taksih kathah ingkang endha. Wonten ingkang endha awit rumaos taksih enem, rumaos cupet ing pamawas, taksih repot nyambut damel lan sakpiturutipun. Alesan-alesan punika ingkang asring kita prangguli wonten ing satengahing gesang masamuwan. Kamangka manawi dipunraos-raosaken, nalika tiyang punika nyanggemi timbalan kangge dados pamomonging pasamuwan, berkahipun Gusti Allah punika tansah lumintu. Gusti Allah ingkang paring kakiyatan, kasagedan tuwin badhe nyekapi kabetahaning gesang kita. Pancen wonten ing serat 1 Timotius 3:1-9 kathah bab ingkang kedah kita wujudaken nalika tiyang nyanggemi dados pamomonging pasamuwan. Ing pundi kita kedah saged ngendhaleni dhiri saking hawa nepsu kadagingan, anggadhahi kawicaksanan, dados duta bedhamen, anggadhahi solah tingkah ingkang sae. Sinaosa punika karaosaken angel, ananging punika saged dipunwujudaken nalika wonten ing manah anggadhahi krenteg saha semangat leladi. Mboten namung punika, ananging ugi kedah dipunsarengi kanthi sikep pasrah dhumateng panuntunipun Gusti. Awit namung Gusti Allah piyambak ingkang dados etuking kakiyatan saha pangayoman kita. Pramila sumangga kita sami nyawisaken manah, leladi dados pamomonging pasamuwan kinanthenan berkahipun Gusti. Satemah kita saged mujudaken sikep ingkang adiluhur, saged ngendhaleni dhiri saha wicaksana. Amin.|*MEK
Slasa, 11 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I
Zakharia 3:1-10; Jabur 17; II Petrus 2:4-21 NGAMBAH DALAN PITEDAHE “Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene” (Zakharia 3:7) Menawi kita nggatosaken gesang kita padintenan, langkung-langkung nalika kita sami kekesahan. Kita kedah tansah nggatosaken lampah kita lan tansah ngatos-atos. Kenging punapa? Awit wonten kemawon tiyang ingkang mboten nggatosaken sanesipun, mboten netepi rambu-rambu lalu lintas, saksekecanipun piyambak anggenipun nitih kendaraan. Mila asring kapireng tembung: “awake dhewe jane wis ngati-ati ananging wong liya durung karuan kebak ing pangati-ati” Menawi sedaya tiyang ingkang ngginakaken margi umum punika sami mangertos kadospundhi kedahipun “berlalu-lintas” mesthi raosipun ayem lan mboten badhe kathah kacilakan ing margi. Semanten ugi ing gesanging kapitadosan kita, menawi saben dinten kita purun ngambah ing margi pitedahipun Gusti kita badhe nampi pituwasing gesang ingkang prayogi. Kadosdene ingkang kapangandikakaken dening Gusti Allah piyambak lumantar nabi Zakharia dhateng bangsa Israel. “Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal…” Saben tiyang ingkang purun ngambah margi pitedahipun tegesipun purun mlampah lan mbangun turut ing pitedah ingkang sampun kaparingaken lumantar pangandika lan pepakenipun. Semanten ugi purun netepi kewajiban ingkang sampun kaparingaken, inggih kedah tansah mbangun turut lan nindakaken dhawuhipun punika bangsa kagunganipun badhe nampi prasetyan langgeng saking Gusti. “…sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene.” Kita badhe mengku padalemanipun lan kaparingan wewengan ngreksa saha gesang ing ing ngarsanipun. Begja tumrap kita, awit lumantar Gusti Yesus Kristus kita sampun kaparingan kaendahan punika. Pramila ingkang kedah tansah dados kawigatosan kita inggih punika kita mbudidaya tansah ngambah ing margi pitedahipun Gusti saben wekdal. |*IAS
Senen, 10 Februari 2025 Minggu Limrah
Para Hakim 5:1-11; Jabur 115; 1 Korinta 14:26-40 URIPKU PINDHA PANGIDUNG “In dina iki Ibu Dhebora lan Sang Barak bin Abinoam padha ngidung mangkene:” (Para Hakim 5:1) “Uripku pindha pangidung sumaos mring Pangeran” punika pethikan kidung ingkang mbok manawi asring kita kidungaken. Kekidungan punika paring katrangan kados pundi gesanging para pitados punika dados kekidungan ingkang ngluhuraken Gusti Allah saha paring paseksi bab kamirahanipun Gusti. Katresnan saha kamirahanipun Gusti boten nate ewah gingsir. Satemah sampun sakmenestinipun umat punika tansah ngluhuraken asmanipun Gusti lumantar pepujen lan dadosaken gesangipun punika kekidungan ingkang gesang. Mekaten ugi wonten ing kitab Para Hakim 5:1-11. Wonten ing kitab punika dipun tedahaken bab kekidungan ingkang dipun ulukaken dening Ibu Dhebora. Wonten ing kekidungan punika Ibu Dhebora nelakaken: Sepisan, bab panguwaosipunGusti ingkang kebabar wonten ing gesanging umat kagunganipun. Panguwaosipun Gusti punika saged dipuntingali wonten ing ayat 4-5. Kaping kalihipun,raos bombonging manah dhateng para Senapatinipun Israel ingkang anggadhahi krenteg kanthi cumadhang ndherek perang ngadhepi tiyang-tiyang ingkang lampahipun tebih saking Gusti. Kanthi kawontenan ingkang dipuntingali saha dipunraosaken dening Ibu Dhebora, mbereg piyambakipun lajeng ngluhuraken asmanipun Gusti. Gesang dados Kidung punika dados salah satunggaling bab ingkang kedah dipunwujudaken wonten ing gesang kita. Nalika kekidungan punika tansah dipun ungelaken wonten ing lelampahaning gesang, badhe bekta daya ingkang ageng. Daya punika inggih punika panglipuran, pangajeng-ajeng saha saged dados sarana mbabaraken sih katresnan saha ngluhuraken asmanipun Gusti. Pramila tansaha ngluhuraken asmanipun Gusti ing sakdengah kawontenan kita. aja kendhat anggenipun memuji Gusti. Amin. |*MEK
Ahad, 9 Februari 2025 Minggu Limrah
Yesaya 6:1-8, 9-13; Jabur 138; 1 Korinta 15:1-11; Lukas 5:1-11 PRACAYA LAN NINDAKAKEN “Simon mangsuli, unjuke: Guru, sampun sedalu muput anggen kawula sami nyambut damel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa, ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe dhawahaken jala”. (Lukas 5:5) Pracaya punika satunggaling sikep ingkang taksih angel dipunwujudaken dening saben tiyang. Kawontenan punika mboten namung dipunprangguli wonten ing gesang tiyang-tiyang jaman sakmangke, ananging ugi nate diprangguli wonten ing gesanging para sekabatipun Gusti. Injil Lukas 5:1-11 dados salah satunggaling waosan ingkang nelakaken kados pundi sikepipun para sekabat nalika nampi dhawuh saking Gusti Yesus. Wonten ing ayat 4-5 kita saged ningali, nalika Gusti Yesus paring dhawuh dhateng para sekabat kangge nibakaken jalanipun ing papan ingkang sami, lajeng wonten satunggaling respon saking Simon Petrus, “Guru, sampun sedalu muput anggen kawula sami nyambut damel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa”. Ananging awit ingkang dhawuhi gurunipun, mila Simon manut kemawon punapa ingkang dados dhawuhipun ingkang Guru. Sikep ingkang mbangun turut, sinaosa ing pamawasipun manungsa punika boten wonten pangajeng-ajeng, dadosaken Simon lan kanca-kancanipun nampi berkah. Berkah punika saneng namung ulam ingkang kathah ananging kapitadosan ingkang kasantosakaken. Raos mangu-mangu saha boten pitados sakderengipun ningali utawi ngraosaken piyambak, asring kalampahan ing gesang kita. Sinaosa mekaten Gusti Allah tansah nedahaken katresnanipun lan panguwaosipun. Bab punika kanthi ancas supados kita tansah pitados dhumateng Gusti. Anggen kita pitados sampun ngantos namung nalika kita ningali bukti sacara langsung. Ananging raos pitados punika tansaha kita wujudaken kanthi sikep nindakaken punapa ingkang dados dhawuhipun Gusti. Pitados bilih Gusti mesthi ngayomi, nganthi saha paring kasagedan dhateng kita. Amin.*|MEK
Setu, 8 Februari 2025 Minggu Limrah
Para Hakim 3:7-11; Jabur 138; Lukas 4:42-44 OTNIEL “Wong Israel nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli maringi juru pangluwaran, yaiku Sang Otniel putrane Sang Kenas, rayine Rama Kaleb ” (Para Hakim 3: 9) Bangsa Israel punika kaanggep bangsa ingkang wangkot. Sinaosa bangsa punika umat kagunganipun Gusti, ananging asring mbalela, asring tumindhak dosa. Sampun wongsal-wangsul anggenipun Gusti Allah paring pepenget dhateng bangsa punika ananging bangsa punika tetep kemawon taksih gesang manut pikajengipun piyambak. Wonten ing ayat 7 kaserat, “Wong Israel padah nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahe tuwin padha ngabekti marang para Baal lan para Asyera”. Punapa ingkang dipun tindakaken dening Bangsa Israel kados ing ayat punika temtu damel cuwa lan duka Gusti Allah. Pramila sampun sakmemperipun menawi Gusti Allah paring paukuman dhateng bangsa punika (ayat 8). Bebendhu ingkang dipun dhawahaken dhateng bangsa Israel punika wonten ancasipun inggih punika supados bangsa Israel sami ngakeni dosa-dosanipun lan mratobat. Kanthi kawontenan gesang ing negari pangawulan punika, lajeng tiyang-tiyang Israel sami sesambat dhumateng Gusti supadosa dipunuwalaken saking panandhangipun. Gusti Allah myarsakaken pasambatipun tiyang-tiyang punika, lajeng panjenenganipun maringi juru pangluwar inggih punika Otniel putranipun Sang Kenas, rayinipun Rama Kaleb. Wonten ing pimpinanipun Otniel, tiyang-tiyang Isarel nampeni pamulihan lan ngarosaken tentrem rahayu. Awit Otniel dipun penuhi dening Rohipun Sang Yehuwah. Lumantar Pangandikanipun Gusti punika, kita kabereg supadosa nuladha Otniel. Saged dados duta bedhamen tumrap sok sintena kemawon ing pundi-pundia papan. Sumangga sami nyenyuwun dhumateng Gusti supados gesang kita tansah dipun tuntun saha diayomi kanthi Rohipun Gusti ingkang Suci. Kanthi mekaten tentrem rahayu ingkang saking Gusti Allah saged kababar saha dipunraosaken dening sesami kita. Amin. |*MEK
Jumat, 7 Februari 2025 Minggu Limrah
Wilangan 27:12-23; Jabur 138; Lelakone Para Rasul 9:26-31 RAMA YUSAK “Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: sira ngajaka Yusak bin Nun, wong kang kapenuhan ing roh, sira tumpangana tanganira” (Wilangan 27:18) Rama Yusak punika satunggaling tiyang ingkang dipunpiji dening Gusti, kangge mimpin Bangsa Israel gentosi Nabi Musa. Bab punika sinerat ing Kitab Wilangan 27:12-23. Kita saged mangertos kados pundi proses anggenipun rama Yusak nampi timbalanipun Gusti. Bab punika dipunwiwiti nalika kawontenan Bangsa Israel sangsaya dinten gesangipun cengkah kaliyan karsanipun Gusti. Boten namung Bangsa Israel kemawon ananging Nabi Musa saha rama Harun kaanggep nerak punapa ingkang dados dhawuhipun Gusti. Kanthi nglenggana, Nabi Musa nyuwun pepadhang saking Gusti Allah gegayutan kaliyan pangarsa ingkang dipunutus Gusti kangge mimpin bangsa Israel gentosi piyambakipun. Gusti Allah paring dhawuh dhateng nabi Musa supadosa ngajak Yusak bin Nun ingkang gesangipun tansah ajrih asih dhumateng Gusti lajeng dipun tumpangi asta ateges dipun berkahi, dipun angkat dados utusanipun Gusti (atay 18). Rama Yusak dipunpiji boten awit umuripun ingkang taksih enem, gagah lan pinteripun. Rama Yusak dipunpiji saha dipunutus dening Gusti Allah awit piyambakipun anggadhahi karakter ingkang ajrih asih dhumateng Gusti, piyambakipun tuhu setya dhumateng Gusti. Kanthi karakter punika rama Yusak dipun wawas saged nuntun umatipun Gusti lumebet dhateng negari ingkang sampun dipun prasetyakaken dening Gusti. Pangandikanipun Gusti ing wekdal punika ugi ngengetaken kita, nalika Gusti punika ngutus kita boten awit gagah lan kapinteran ingkang kita gadhahi. Panjenenganipun mirsani manah, saha niat anggen kita gesang. Gusti Allah ngersakaken tiyang ingkang tansah mbangun turut dhumateng Gusti. Pramila sumangga ing wekdal punika kita sami nyawisaken manah, mbudidaya mujudaken sikep gesang ingkang cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Amin |*MEK
Kemis, 6 Februari 2025 Minggu Limrah
Wilangan 20:22-29; Jabur 138; Lelakone Para Rasul 9:19b-25 MRATOBAT 1800 “Kabeh wong kang ngrungokake padha eram lan ngucap,apa iku dudu sing ana ing Yerusalem, numpes wong kang nyebut jenenge Yesus iku, sarta tekane ing kene iku apa ora sumedya nyekeli wong-wong mau banjur diladekake marang ing ngarsane para pangareping imam?” (Para rasul 9:21) Mratobat punika sikep ingkang dipun kersakaken dening Gusti supados dipun lampahi dening sadaya tiyang. Sikep mratobat punika, saged kita sinau saking gesangipun Saulus (utawi Paulus). Wonten ing Kitab Lelakone Para Rasul 9:21 kita saged mangertos kados pundi respon tiyang kathah rikala sami ningali Saulus mbabaraken bab Gusti Yesus wonten ing papan pangibadah. Tiyang-tiyang punika sami eram saha mboten pitados dhateng ewah-ewahaning sikepipun Saulus. Kanthi ningali ewah-ewahan punika, wonten sakperangan tiyang ingkang ngrantam badhe mejahi Saulus. Ananging punapa ingkang dados rantaman tiyang-tiyang punika dipun mangretosi dening Paulus. Saklajengipun, rasul Paulus punika dipunslametaken dening para siswanipun, kanthi dipun andhapaken saking baluwarti mawi kranjang, satemah saged medal saking kitha Damsyik. Punapa ingkang kedadosan ing lelampahaning gesangipun rasul Paulus punika dados tuladha tumrap kita. Ing pundi kita sampun anggadhahi krenteg mratobat, kedah kita wujudaken kanthi ewah-ewahaning gesang 1800, nilarakaken tumindak awon lan sinau nglampahi ingkang prayogi. Ingkang sewaunipun asring goroh, sinau gesang ing salebeting kejujuran. Gesang ingkang kebak sih pangapunten lan ketresnan. Sinaosa mbok manawi wonten tiyang ingkang taksih mangu-mangu, boten pitados dhateng pitobat kita. Nalika mrangguli kawontenan punika, kita dipun bereg supadosa tansah anggadhahi manah ingkang kiyat lan njagi komitmen. Satemah kita tansah saged mujudaken pamratobat ingkang saestu lan mboten kengguh dening kawonteman ing sakiwa tengen kita. Amin.|*MEK
Rebo, 5 Februari 2025 Minggu Limrah
Yeremia 1: 11-19; Jabur 56; Lukas 19:41-44 TANSAH PITADOS “Aja wedi ana ing ngarepe wong-wong iku, supaya Ingsun aja ndadekake wedimu ana ing ngarepe wong-wong iku” (Yeremia 1:17b) Tansah pitados punika dados satunggaling sikep ingkang kedah dipun jagi saha dipun wujudaken wonten ing gesang karohanen kita. Awit kanthi manah ingkang tansah pitados, dadosaken kita punika tansah anggadhahi kekendelan saha pengajeng-ajeng. Bab punika kados ingkang dipun pratelakaken wonten ing Kitab Yeremia 1:11-19. Kitab punika badhe paring piterang kadospundi anggenipun Gusti Allah nimbali saha ngutus Nabi Yeremia supadosa ngemutaken umatipun Gusti ingkang gesangipun sampun mlenceng saking kaleresan. Tumpraping Yeremia, timbalan punika karaosaken boten gampil. Awit Yeremia kedah ngadhepi kawontenan umat ingkang wangkot lan gesang miturut pikajengipun piyambak. Sinaosa kawontenan ingkang kedah dipun adhepi boten enteng, Yeremia dipun emutaken saha dipun bereg supadosa tansah pitados dhumateng panganthinipun Gusti Allah. Sikep tansah pitados punika dipun wujudaken kanthi anggadhahi kekendelan, lan purun sumarah dhumateng pitulungan saha pangayomanipun Gusti. Nelakaken gesang ingkang tansah pitados dhumateng Gusti, ugi kedah kita wujudaken wonten ing gesang padintenan. Awit Gusti Allah sampun makaping-kaping anggenipu nelakaken panganthinipun, pangayoman saha berkahipun. Awit agenging katresnanipun Gusti punika, mila kita dipun timbali supados mujudaken sikep tansah pitados. Sikep pitados kawujudaken kanthi anggadhahi kakendelan ngadhepi kasunyataning gesang, lan mboten mangu-mangu dhumateng pitulunganipun Gusti. Tansaha pitados dhumateng Gusti Allah kanthi gumolonging manah. Amin. |*MEK
Slasa, 4 Februari 2025 Minggu Limrah
II Para Raja 5:1-14; Jabur 56; 1 Korinta 14:13-25 WEWADI KANG KALAIRAKE “Sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni: Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu” (1 Korinta 14:25) Serat 1 Korinta 14:13-25 dados salah satunggaling serat pangengenipun (surat Penggembalaan) Rasul Paulus kangge pasamuwan ing Korinta. Wonten ing waosan punika katrangaken bab kados pundi Rasul Paulus paring pepenget dhateng pasamuwan ing Korinta. Pepenget bab punapa? Sepisan, kados pundi umat ngginakaken peparingipun Gusti. Wonten ing ayat 13 nelakaken bilih “mulane sing sapa ngucapake basa roh, nyenyuwuna supaya bisa njarwakake”. Bab punika ngemu suraos, supadosa saben tiyang pitados nalika nampi peparing (karunia) saking Gusti, ugi nyuwun pitedah maksud saha tegesipun tanda punika. Pasamuwan ugi kabereg supadosa saged ngginakaken peparing saking Gusti punika kanthi kebak ing tanggel jawab. Tanggel jawab punika dipunwujudaken kanthi sikep ingkang kaandharaken wonten ing ayat 20, mekaten: “Para sadulur, pikiranmu aja kaya bocah. Nanging ing bab piala dikaya bocah, nanging pikiranmu dikaya wong diwasa.” Tegesipun, pasamuwan kabereg supadosa anggadhahi sikep saha pamawas ingkang diwasa nalika ngginakaken karunia ingkang dipun paringaken dening Gusti wonten ing gesangipun. Kaping kalih, ancas tujuan anggenipun Gusti Allah paring kasagedan utawi karunia inggih punika sinerat wonten ing ayat 25. Tujuanipun supados sadaya tiyang sami sumungkum sujud dhumateng Gusti Yesus saha ngakeni lan ngraosaken bilih Sanyata Gusti Allah wonten ing tengah-tengahing pasamuwan. Mekatena ugi kita minangka peranganing greja. Saben kita tamtu dipunparingi maneka warni karunia. Lumantar peparing punika Gusti Allah ngersakaken supados kita mangretosi karsanipun Gusti lan tansah ngginakaken karunia punika kanthi tanggel jawab lan sikep ingkang diwasa. Satemah kathah tiyang ingkah sami ngluhuraken Gusti lan tansah sumuyud sujud saha ngakeni bilih Gusti Allah wonten ing satengahing gesang kita. Amin |*MEK
Senen, 3 Februari 2025 Minggu Limrah
1 Para Raja 17:8-16, Jabur 56, 1 Korinta 2:6-16 GUSTI INGKANG NJAGI “Amargi Paduka sampun ngluwari nyawa kawula saking pejah, malah njagi suku kawula, satemah boten kesandhung; mila kawula saged lumampah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, ing pepadhanging gesang” (Jabur 56:14) Saben tiyang temtunipun nate ngraosaken ajrih wonten ing gesangipun. Menawi dipun raos-raosaken, kathah bab ingkang saged dadosaken kita raos ajrih. Ing antawisipun inggih punika, gesang piyambakan, lumampah ing margi ingkang sepen saha peteng, boten gadhah arta lan saputurutipun. Nalika manah kita ngraosaken ajrih, ingkang dipunbetahaken inggih punika rencang utawi kanca. Temtu rencang punika inggih satunggaling pribadi ingkang saged ngamping-ngampingi, njagi lan mitulungi kita. Lajeng sinten ingkang saged njagi kita satemah kita mboten ajrih malih? Pribadi punika inggih namung Gusti Allah piyambak. Bab punika kados cundhuk kaliyan paseksinipun Juru Mazmur ingkang sinerat ing Jabur 56. Juru Mazmur punika nelakaken kados pundi Gusti Allah tansah ngayomi saha njagi gesanging umat kagunganipun. Nalika umat tansah sumendhe saha pitados dhumateng Gusti Allah, badhe pinaringan kakendelan, kakiyatan saha raos ayem tentrem wonten ing gesangingipun. Mboten namung punika kemawon, Gusti Allah ugi nelakaken katresnan saha panguwaosipun kanthi ngluwari saking bebaya saha tansah njagi umatipun. Sadaya punika dipun tindakaken dening Gusti Allah supados umat kagunganipun boten kesandhung lan saged lumampah wonten ing margi ingkang padhang. Saking pangandikanipun Gusti punika, kita tansah dipunbereg supadosa anggadhahi sikep pitados lan tansah ngayom dhumateng Gusti, satemah pinaringan kakendelan saha raos ayem tentremanggenipun nglampahi gesang punika. Amargi Gusti Allah tansah ngayomi, njagi saha ngamping-ngampingi kita sadaya, satemah suku kita boten gloyoran lan saged lumampah ing margi pepadhanipun Allah. Amin |*MEK
