+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jumat, 7  Februari 2025 Minggu Limrah

Wilangan 27:12-23; Jabur 138; Lelakone Para Rasul 9:26-31

RAMA YUSAK

“Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa:

sira ngajaka Yusak bin Nun, wong kang kapenuhan ing roh,

 sira tumpangana tanganira” (Wilangan 27:18)

Rama Yusak punika satunggaling tiyang ingkang dipunpiji dening Gusti, kangge mimpin Bangsa Israel gentosi Nabi Musa. Bab punika sinerat ing Kitab Wilangan 27:12-23. Kita saged mangertos kados pundi proses anggenipun rama Yusak nampi timbalanipun Gusti. Bab punika dipunwiwiti nalika kawontenan Bangsa Israel sangsaya dinten gesangipun cengkah kaliyan karsanipun Gusti. Boten namung Bangsa Israel kemawon ananging Nabi Musa saha rama Harun kaanggep nerak punapa ingkang dados dhawuhipun Gusti. Kanthi nglenggana, Nabi Musa nyuwun pepadhang saking Gusti Allah gegayutan kaliyan pangarsa ingkang dipunutus Gusti kangge mimpin bangsa Israel gentosi piyambakipun. Gusti Allah paring dhawuh dhateng nabi Musa supadosa ngajak Yusak bin Nun ingkang gesangipun tansah ajrih asih dhumateng Gusti lajeng dipun tumpangi asta ateges dipun berkahi, dipun angkat dados utusanipun Gusti (atay 18).

Rama Yusak dipunpiji boten awit umuripun ingkang taksih enem, gagah lan pinteripun. Rama Yusak dipunpiji saha dipunutus dening Gusti Allah awit piyambakipun anggadhahi karakter ingkang ajrih asih dhumateng Gusti, piyambakipun tuhu setya dhumateng Gusti. Kanthi karakter punika rama Yusak dipun wawas saged nuntun umatipun Gusti lumebet dhateng negari ingkang sampun dipun prasetyakaken dening Gusti.

Pangandikanipun Gusti ing wekdal punika ugi ngengetaken kita, nalika Gusti punika ngutus kita boten awit gagah lan kapinteran ingkang kita gadhahi. Panjenenganipun mirsani manah,  saha niat anggen kita gesang. Gusti Allah ngersakaken tiyang ingkang tansah mbangun turut dhumateng Gusti. Pramila sumangga ing wekdal punika kita sami nyawisaken manah, mbudidaya mujudaken sikep gesang ingkang cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Amin |*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *