+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 6  Februari 2025 Minggu Limrah

Wilangan 20:22-29; Jabur 138; Lelakone Para Rasul 9:19b-25

MRATOBAT 1800

“Kabeh wong kang ngrungokake padha eram lan ngucap,apa iku dudu sing ana ing Yerusalem, numpes wong kang nyebut jenenge Yesus iku, sarta tekane ing kene iku apa ora sumedya nyekeli wong-wong mau banjur diladekake marang ing ngarsane para pangareping imam?” (Para rasul 9:21)

Mratobat punika sikep ingkang dipun kersakaken dening Gusti supados dipun lampahi dening sadaya tiyang. Sikep mratobat punika, saged kita sinau saking gesangipun Saulus (utawi Paulus).

Wonten ing Kitab Lelakone Para Rasul 9:21 kita saged mangertos kados pundi respon tiyang kathah rikala sami ningali Saulus mbabaraken bab Gusti Yesus wonten ing papan pangibadah. Tiyang-tiyang punika sami eram saha mboten pitados dhateng ewah-ewahaning sikepipun Saulus. Kanthi ningali ewah-ewahan punika, wonten sakperangan tiyang ingkang ngrantam badhe mejahi Saulus. Ananging punapa ingkang dados rantaman tiyang-tiyang punika dipun mangretosi dening Paulus. Saklajengipun, rasul Paulus punika dipunslametaken dening para siswanipun, kanthi dipun andhapaken saking baluwarti mawi kranjang, satemah saged medal saking kitha Damsyik.

Punapa ingkang kedadosan ing lelampahaning gesangipun rasul Paulus punika dados tuladha tumrap kita. Ing pundi kita sampun anggadhahi krenteg mratobat, kedah kita wujudaken kanthi ewah-ewahaning gesang 1800, nilarakaken tumindak awon lan sinau nglampahi ingkang prayogi. Ingkang sewaunipun asring goroh, sinau gesang ing salebeting kejujuran. Gesang ingkang kebak sih pangapunten lan ketresnan.  Sinaosa mbok manawi wonten tiyang ingkang taksih mangu-mangu, boten pitados dhateng pitobat kita. Nalika mrangguli kawontenan punika, kita dipun bereg supadosa tansah anggadhahi manah ingkang kiyat lan njagi komitmen. Satemah kita tansah saged mujudaken pamratobat ingkang saestu lan mboten kengguh dening kawonteman ing sakiwa tengen kita. Amin.|*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *