Yeremia 1: 11-19; Jabur 56; Lukas 19:41-44
TANSAH PITADOS
“Aja wedi ana ing ngarepe wong-wong iku, supaya Ingsun
aja ndadekake wedimu ana ing ngarepe wong-wong iku”
(Yeremia 1:17b)
Tansah pitados punika dados satunggaling sikep ingkang kedah dipun jagi saha dipun wujudaken wonten ing gesang karohanen kita. Awit kanthi manah ingkang tansah pitados, dadosaken kita punika tansah anggadhahi kekendelan saha pengajeng-ajeng. Bab punika kados ingkang dipun pratelakaken wonten ing Kitab Yeremia 1:11-19. Kitab punika badhe paring piterang kadospundi anggenipun Gusti Allah nimbali saha ngutus Nabi Yeremia supadosa ngemutaken umatipun Gusti ingkang gesangipun sampun mlenceng saking kaleresan.
Tumpraping Yeremia, timbalan punika karaosaken boten gampil. Awit Yeremia kedah ngadhepi kawontenan umat ingkang wangkot lan gesang miturut pikajengipun piyambak. Sinaosa kawontenan ingkang kedah dipun adhepi boten enteng, Yeremia dipun emutaken saha dipun bereg supadosa tansah pitados dhumateng panganthinipun Gusti Allah. Sikep tansah pitados punika dipun wujudaken kanthi anggadhahi kekendelan, lan purun sumarah dhumateng pitulungan saha pangayomanipun Gusti.
Nelakaken gesang ingkang tansah pitados dhumateng Gusti, ugi kedah kita wujudaken wonten ing gesang padintenan. Awit Gusti Allah sampun makaping-kaping anggenipu nelakaken panganthinipun, pangayoman saha berkahipun. Awit agenging katresnanipun Gusti punika, mila kita dipun timbali supados mujudaken sikep tansah pitados. Sikep pitados kawujudaken kanthi anggadhahi kakendelan ngadhepi kasunyataning gesang, lan mboten mangu-mangu dhumateng pitulunganipun Gusti. Tansaha pitados dhumateng Gusti Allah kanthi gumolonging manah. Amin. |*MEK