+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 11  Februari 2025 Minggu Limrah

I Samuel 9:15-10:1b; Jabur 115; 1 Timotius 3:1-9

PAMOMONGING PASAMUWAN

“Iki tembung kang satuhu: Menawa wong kepengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kepengin nindakake pagawean kang adi”

 (I Timotius 3:1)

Kathah tiyang ingkang mawas bilih dados pamomonging pasamuwan punika minangka satunggaling timbalan ingkang adi. Bab punika kados ingkang kapratelakaken wonten ing ayat 1, “Iki tembung kang satuhu:” Menawa wong kepengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kepengin nindakake pagawean kang adi”. Ananging emanipun, boten sadaya tiyang purun nyanggemi timbalan punika. Buktinipun nalika satunggaling greja utawi pasamuwan pados calon pradata, limrahipun taksih kathah ingkang endha. Wonten ingkang endha awit rumaos taksih enem, rumaos cupet ing pamawas, taksih repot nyambut damel lan sakpiturutipun. Alesan-alesan punika ingkang asring kita prangguli wonten ing satengahing gesang masamuwan. Kamangka manawi dipunraos-raosaken, nalika tiyang punika nyanggemi timbalan kangge dados pamomonging pasamuwan, berkahipun Gusti Allah punika tansah lumintu. Gusti Allah ingkang paring kakiyatan, kasagedan tuwin badhe nyekapi kabetahaning gesang kita.

Pancen wonten ing serat 1 Timotius 3:1-9 kathah bab ingkang kedah kita wujudaken nalika tiyang nyanggemi dados pamomonging pasamuwan. Ing pundi kita kedah saged ngendhaleni dhiri saking hawa nepsu kadagingan, anggadhahi kawicaksanan, dados duta bedhamen, anggadhahi solah tingkah ingkang sae. Sinaosa punika karaosaken angel, ananging punika saged dipunwujudaken nalika wonten ing manah anggadhahi krenteg saha semangat leladi. Mboten namung punika, ananging ugi kedah dipunsarengi kanthi sikep pasrah dhumateng panuntunipun Gusti. Awit namung Gusti Allah piyambak ingkang dados etuking kakiyatan saha pangayoman kita. Pramila sumangga kita sami nyawisaken manah, leladi dados pamomonging pasamuwan kinanthenan berkahipun Gusti. Satemah kita saged mujudaken sikep ingkang adiluhur, saged ngendhaleni dhiri saha wicaksana. Amin.|*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *