+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 11 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I

Zakharia 3:1-10; Jabur 17; II Petrus 2:4-21

NGAMBAH DALAN PITEDAHE

Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang

padha ngadeg leladi ana ing kene”  (Zakharia 3:7)

              Menawi kita nggatosaken gesang kita padintenan, langkung-langkung nalika kita sami kekesahan. Kita kedah tansah nggatosaken lampah kita lan tansah ngatos-atos. Kenging punapa? Awit wonten kemawon tiyang ingkang mboten nggatosaken sanesipun, mboten netepi rambu-rambu lalu lintas, saksekecanipun piyambak anggenipun nitih kendaraan. Mila asring kapireng tembung: “awake dhewe jane wis ngati-ati ananging wong liya durung karuan kebak ing pangati-ati” Menawi sedaya tiyang ingkang ngginakaken margi umum punika sami mangertos kadospundhi kedahipun “berlalu-lintas” mesthi raosipun ayem lan mboten badhe kathah kacilakan ing margi.

              Semanten ugi ing gesanging kapitadosan kita, menawi saben dinten kita purun ngambah ing margi pitedahipun Gusti kita badhe nampi pituwasing gesang ingkang prayogi. Kadosdene ingkang kapangandikakaken dening Gusti Allah piyambak lumantar nabi Zakharia dhateng bangsa Israel. “Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal…” Saben tiyang ingkang purun ngambah margi pitedahipun tegesipun purun mlampah lan mbangun turut ing pitedah ingkang sampun kaparingaken lumantar pangandika lan pepakenipun. Semanten ugi purun netepi kewajiban ingkang sampun kaparingaken, inggih kedah tansah mbangun turut lan nindakaken dhawuhipun punika bangsa kagunganipun badhe nampi prasetyan langgeng saking Gusti. “…sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene.”

              Kita badhe mengku padalemanipun lan kaparingan wewengan ngreksa saha gesang ing ing ngarsanipun. Begja tumrap kita, awit lumantar Gusti Yesus Kristus kita sampun kaparingan kaendahan punika. Pramila ingkang kedah tansah dados kawigatosan kita inggih punika kita mbudidaya tansah ngambah ing margi pitedahipun Gusti saben wekdal. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *