+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 12  Februari 2025 Minggu Limrah

Yesaya 8:1-15; Jabur 115; Lukas 5:27-32

NYANGGEMI TIMBALANIPUN GUSTI

“Lewi banjur ngadeg, samubarang kabeh ditinggal lan ndherek Gusti” 

(Lukas 5:28)

Wonten ing konteks masyarakat rikala jamanipun Gusti Yesus, tiyang ingkang panyambut damelipun dados juru mupu bea punika kaanggep tiyang dosa. Satemah tiyang-tiyang punika sami dipun siriki utawi dipuntebihi dening masyarakat. Awit juru mupu beya anggenipun narik pajek punika sring kanthi cara ingkang keras saha dipunwawas mboten adil. Juru mupu beya ugi ngabdi dhateng Kaisar (paprentahan Rum), inggih punika bangsa penjajah. Pramila juru mupu beya punika saged kaanggep minangka pengkhianat bangsa. Kanthi mekaten, masyarakat Yahudi mastani bilih juru mupu beya punika kalebet golonganipun tiyang dosa.

Sinaosa mekaten, wonten ing Lukas 5:27-32 kita saged ningali kados pundi satunggaling juru mupu beya, ingkang naminipun Lewi nampi kamirahan saking Gusti Yesus. Ing pundi Gusti Yesus paring dhawuh dhateng Lewi supados ndherek Panjenenganipun (ayat 27). Sesampunipun mireng punika, kanthi sukabingah Lewi nyanggemi punapa ingkang dados timbalanipun Gusti. Kesanggemanipun Lewi dipunwujudaken kanthi sikep ngadeg, nilar punapa ingkang dados barang darbe-ipun, lajeng ndherek Gusti Yesus saha ngawontenaken kembul bujana sesarengan. Ningali kawontenan ingkang mekaten, tiyang-tiyang Farisi lan ahli Toret punika rumaos boten remen (ayat 30). Gusti Yesus, lajeng nandhesaken bilih rawuhipun Gusti inggih punika kangge njangkung saha ngrengkuh tiyang-tiyang ingkang sakit, ingkang dosa supados sami mratobat lan nampeni sih rahmatipun Gusti. Satemah saben tiyang ingkang nyanggemi timbalananipun Gusti gesangipun kapulihaken kados dene Lewi.

Saking cariyos punika, kita dipun bereg supados saged nuladha tiyang Lewi, ingkang kanthi suka bingah nyanggemi punapa ingkang dados timbalanipun Gusti. Wujuding sukabingah inggih punika lumebet ing pamratobat, saha pamulihaning gesang. |*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *