+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 13  Februari 2025 Minggu Limrah

Yeremia 13:12-19; Jabur 1; Lelakone Para rasul 13:26-34

WONG MURSID VS WONG DURAKA

“Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka,

lan ora ngambah dalane wong dosa sarta ora awor lungguh

ing pejagongane wong memoyok”  (Jabur 1:1)

Wonten ing saklebeting nglampahi gesang padintenan kita asring dipun abenajengaken kaliyan kalih kawontenan ing bertolak belakang. Kawontenan punika tamtu nuwuhaken woh ingkang benten antawis satunggal lan satunggalipun. Upaminipun nalika kita aben ajeng kaliyan pilihan badhe mujudaken gesang ing salebeting sih pangapura utawi mendhem sengit. Temtunipun pilihan kita punika badhe ndhatengaken kasil ingkang beda. Nalika kita remen mujudaken sikep sih pangapura mila katentreman saha keharmonisan saged kita raosaken. Ananging menawi kita milih mujudaken sikep mendhem sengit, mila ingkang naminipun tentrem rahayu saha keharmonisan boten saged kita raosaken.

Bab punika ugi ingkang dipuntandhesaken wonten ing Jabur 1. Juru mazmur nedahaken bilih wonten kalih golongan tiyang ingkang asring dipuprangguli wonten ing gesang padintenan. Kalih golongan kasebat inggih punika tiyang ingkang mursid lan tiyang duraka. Kalih golongan tiyang punika temtu anggadhahi ciri ingkang beda. Tiyang mursid anggadhahi ciri karem saha remen nggegilut angger-anggeripun Gusti sae punika siyang punapa dene ratri (ayat 4). Satemah gesangipun tiyang mursid punika tansah tuwuh ngrembaka lan ngedalaken woh (ayat 3). Kosok wangsulipun, tiyang duraka punika cirinipun remen memoyok, gesang cengkah kaliyan angger-anggeripun Gusti (ayat 1). Satemah tumindakipun tiyang duraka punika ndhatengaken karusakan wonten ing gesangipun.

Saking pangandika punika, kita dipun timbali supados tansah mbudidaya dados tiyang ingkang mursid. Inggih punika gesang ingkang karem saha remen nggegilut Pangandikanipun Gusti, gesang ing salebeting bedhamen. Satemah gesang kita saged ngraosaken kantentreman, keharmonisan lan dados berkah tumrap sesami. Amin.|*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *