+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 9  Februari 2025 Minggu Limrah

Yesaya 6:1-8, 9-13; Jabur 138; 1 Korinta 15:1-11; Lukas 5:1-11

PRACAYA LAN NINDAKAKEN

“Simon mangsuli, unjuke: Guru, sampun sedalu muput anggen kawula

sami nyambut damel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa, ewadene

margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe dhawahaken jala”.

 (Lukas 5:5)

Pracaya punika satunggaling sikep ingkang taksih angel dipunwujudaken dening saben tiyang. Kawontenan punika mboten namung dipunprangguli wonten ing gesang tiyang-tiyang jaman sakmangke, ananging ugi nate diprangguli wonten ing gesanging para sekabatipun Gusti. Injil Lukas 5:1-11 dados salah satunggaling waosan ingkang nelakaken kados pundi sikepipun para sekabat nalika nampi dhawuh saking Gusti Yesus.

Wonten ing ayat 4-5 kita saged ningali, nalika Gusti Yesus paring dhawuh dhateng para sekabat kangge nibakaken jalanipun ing papan ingkang sami, lajeng wonten satunggaling respon saking Simon Petrus, “Guru, sampun sedalu muput anggen kawula sami nyambut damel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa”. Ananging awit ingkang dhawuhi gurunipun, mila Simon manut kemawon punapa ingkang dados dhawuhipun ingkang Guru. Sikep ingkang mbangun turut, sinaosa ing pamawasipun manungsa punika boten wonten pangajeng-ajeng, dadosaken Simon lan kanca-kancanipun nampi berkah. Berkah punika saneng namung ulam ingkang kathah ananging kapitadosan ingkang kasantosakaken.

Raos mangu-mangu saha boten pitados sakderengipun ningali utawi ngraosaken piyambak, asring kalampahan ing gesang kita. Sinaosa mekaten Gusti Allah tansah nedahaken katresnanipun lan panguwaosipun. Bab punika kanthi ancas supados kita tansah pitados dhumateng Gusti. Anggen kita pitados sampun ngantos namung nalika kita ningali bukti sacara langsung. Ananging raos pitados punika tansaha kita wujudaken kanthi sikep nindakaken punapa ingkang dados dhawuhipun Gusti. Pitados bilih Gusti mesthi ngayomi, nganthi saha paring kasagedan dhateng kita. Amin.*|MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *