Para Hakim 3:7-11; Jabur 138; Lukas 4:42-44
OTNIEL
“Wong Israel nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah,
Pangeran Yehuwah tumuli maringi juru pangluwaran, yaiku Sang Otniel
putrane Sang Kenas, rayine Rama Kaleb ” (Para Hakim 3: 9)
Bangsa Israel punika kaanggep bangsa ingkang wangkot. Sinaosa bangsa punika umat kagunganipun Gusti, ananging asring mbalela, asring tumindhak dosa. Sampun wongsal-wangsul anggenipun Gusti Allah paring pepenget dhateng bangsa punika ananging bangsa punika tetep kemawon taksih gesang manut pikajengipun piyambak. Wonten ing ayat 7 kaserat, “Wong Israel padah nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahe tuwin padha ngabekti marang para Baal lan para Asyera”. Punapa ingkang dipun tindakaken dening Bangsa Israel kados ing ayat punika temtu damel cuwa lan duka Gusti Allah. Pramila sampun sakmemperipun menawi Gusti Allah paring paukuman dhateng bangsa punika (ayat 8).
Bebendhu ingkang dipun dhawahaken dhateng bangsa Israel punika wonten ancasipun inggih punika supados bangsa Israel sami ngakeni dosa-dosanipun lan mratobat. Kanthi kawontenan gesang ing negari pangawulan punika, lajeng tiyang-tiyang Israel sami sesambat dhumateng Gusti supadosa dipunuwalaken saking panandhangipun. Gusti Allah myarsakaken pasambatipun tiyang-tiyang punika, lajeng panjenenganipun maringi juru pangluwar inggih punika Otniel putranipun Sang Kenas, rayinipun Rama Kaleb. Wonten ing pimpinanipun Otniel, tiyang-tiyang Isarel nampeni pamulihan lan ngarosaken tentrem rahayu. Awit Otniel dipun penuhi dening Rohipun Sang Yehuwah.
Lumantar Pangandikanipun Gusti punika, kita kabereg supadosa nuladha Otniel. Saged dados duta bedhamen tumrap sok sintena kemawon ing pundi-pundia papan. Sumangga sami nyenyuwun dhumateng Gusti supados gesang kita tansah dipun tuntun saha diayomi kanthi Rohipun Gusti ingkang Suci. Kanthi mekaten tentrem rahayu ingkang saking Gusti Allah saged kababar saha dipunraosaken dening sesami kita. Amin. |*MEK