Para Hakim 5:1-11; Jabur 115; 1 Korinta 14:26-40
URIPKU PINDHA PANGIDUNG
“In dina iki Ibu Dhebora lan Sang Barak bin Abinoam padha ngidung mangkene:” (Para Hakim 5:1)
“Uripku pindha pangidung sumaos mring Pangeran” punika pethikan kidung ingkang mbok manawi asring kita kidungaken. Kekidungan punika paring katrangan kados pundi gesanging para pitados punika dados kekidungan ingkang ngluhuraken Gusti Allah saha paring paseksi bab kamirahanipun Gusti.
Katresnan saha kamirahanipun Gusti boten nate ewah gingsir. Satemah sampun sakmenestinipun umat punika tansah ngluhuraken asmanipun Gusti lumantar pepujen lan dadosaken gesangipun punika kekidungan ingkang gesang. Mekaten ugi wonten ing kitab Para Hakim 5:1-11. Wonten ing kitab punika dipun tedahaken bab kekidungan ingkang dipun ulukaken dening Ibu Dhebora. Wonten ing kekidungan punika Ibu Dhebora nelakaken: Sepisan, bab panguwaosipunGusti ingkang kebabar wonten ing gesanging umat kagunganipun. Panguwaosipun Gusti punika saged dipuntingali wonten ing ayat 4-5. Kaping kalihipun,raos bombonging manah dhateng para Senapatinipun Israel ingkang anggadhahi krenteg kanthi cumadhang ndherek perang ngadhepi tiyang-tiyang ingkang lampahipun tebih saking Gusti. Kanthi kawontenan ingkang dipuntingali saha dipunraosaken dening Ibu Dhebora, mbereg piyambakipun lajeng ngluhuraken asmanipun Gusti.
Gesang dados Kidung punika dados salah satunggaling bab ingkang kedah dipunwujudaken wonten ing gesang kita. Nalika kekidungan punika tansah dipun ungelaken wonten ing lelampahaning gesang, badhe bekta daya ingkang ageng. Daya punika inggih punika panglipuran, pangajeng-ajeng saha saged dados sarana mbabaraken sih katresnan saha ngluhuraken asmanipun Gusti. Pramila tansaha ngluhuraken asmanipun Gusti ing sakdengah kawontenan kita. aja kendhat anggenipun memuji Gusti. Amin. |*MEK