Purwaning Dumadi 43:16-34; Jabur 37:1-11, 39-40; Rum 8:1-11 GESANG INGKANG LANGKUNG SAE “Balik kowe iku ora kawengku ing daging, nanging padha ana ing Sang Roh, semono iku menawa Rohing Allah pancen dedalem ana ing kowe. Nanging sing sapa ora kadunungan Roh Sang Kristus iku dudu kangungane Sang Kristus.” (Rum 8:9) Saben tiyang pitados mesthinipun nggadhahi pangajeng-ajeng supados saged sangsaya mindhak kualitas gesangipun. Ingkang sewaunipun gesang mburu kadonyan, nindakaken punapa ingkang dados pikajengipun piyambak, lajeng nilar sedaya punika lan mujudaken sikep gesang ingkang ngener dhumateng Sang Kristus. Ananging wonten ing kasunyatanipun, mbudidaya mujudaken indak-indakaning gesang punika kathah tantanganipun. Tantangan punika asalipun saged saking dhiri kita piyambak, punapa dene saking pihak sanes utawi kawontenaning lingkungan kita. Lajeng sikep punapa ingkang kedah kita wujudaken supados kita saged gesang langkung sae ing dinten sakcandakipun? Serat Rum 8:1-11 paring pitedah saha pepadhang dhateng kita sami. Serat Rum punika dados salah satunggaling serat pangengenipun rasul Paulus. Wonten ing serat punika Paulus nandhesaken bilih: sepisan, rasul Paulus nandhesaken billih pasamuwan ing Rum punika sampun dados pasamuwan ingkang nampi pemulihan saking Sang Kristus. Ing pundi, lumantar pangorbananipun Sang Kristus, pasamuwan punika kauwalaken saking dosa. Kaping kalihipun, bab tanggel jawabipun pasamuwan. Saksampunipun nampeni pemulihan saha pangluwaran saking Gusti, pasamuwan dipun timbali supados saged mujudaken sikep gesang ingkang langkung sae. Tegesipun, Pasamuwan ing Rum saged mujudaken sikep gesang ingkang katuntun dening Sang Roh Suci. Gesang ingkang mbangun turut dhumateng karsanipun Gusti. Mekaten ugi tumrap kita, kita ugi dipun timbali supados saged mujudaken kualitas gesang ingkang langkung sae. Kangge mujudaken bab punika, prayogi kiya mbikak manah, manut dhateng panuntunipun Sang Roh Suci. Amin.|*MEK
Rebu, 19 Februari 2025 Minggu Limrah
Yeremia 11:11-17; Jabur 120; Lukas 11:37-52 AWAS ANA CALO! “Bilai kowe heh ahli Toret, amarga kowe wus padha njupuk kuncining kawruh, kowe dewe ora lumebu, nanging wong kang arep mlebu padha kokalang-alangi” (Lukas 11:52) Kita tamtunipun nate mireng istilah Calo. Punapa ta tegesipun? Calo punika satunggaling tiyang ingkang limrahipun kita panggihi wonten ing terminal. Tiyang punika asring nawakaken tiket bus dhateng penumpang ananging piyambakipun boten numpak bis ingkang dipuntawakaken. Calo punika ugi asring dipunwastani tiyang ingkang luwes anggenipun “promosi” tiket bus dhateng penumpang. Menawi dipun gatosaken, kasunyatanipun calo punika boten namung dipunpanggihi wonten ing terminal bis kemawon. Ananging sifat kadosdene calo punika ugi saged kita panggihi wonten ing waosan kita sakmangke. Lukas 11:37-52 nyariosaken kados pundi anggenipun Gusti Yesus melehaken tiyang-tiyang Farisi saha para ahli Toret. Kenging punapa kok Gusti Yesus ngantos melehaken tiyang Farisi saha Para ahli Toret? Awit Gusti Yesus prihatos kaliyan sikep gesanging tiyang Farisi saha ahli Toret. Ing pundi golongan tiyang-tiyang punika namung nengenaken apal isinipun Toret lan sregep nindakaken tradis-tradisi ingkang katemtokaken ananging manah saha sikepipun boten saged nyunaraken kamulyaning Allah. Golongan punika remen nyaruwe tiyang-tiyang ingkang boten nindakaken tradisi kanthi leres. Golongan punika remen mbereg tiyang supadosa nindakaken anggeri-anggering Toret kanthi sae. Ananging piyambakipun malah kosok wangsulipun. Saking kawontenan punika, saha lumantar waosan kita sakmangke, kita sami dipun bereg supadosa sampun ngantos asikep kadosdene tiyang-tiyang Farisi saha ahli Toret. Ing pundi namung remen mbereg tiyang supadosa sami nindakaken dhawuh-dhawuhipun, ananging piyambakipun malah kosok nglirwakaken dhawuh punika. Kita kabereg boten namung dados calo, ananging kadosdene kondektur, ingkang mbereg tiyang nindakaken dhawuhipun Gusti lan kita ugi sami mujudaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Amin.|*MEK
Slasa, 18 Februari 2025 Minggu Limrah
Ezra 1:1-11; Jabur 120; 2 Korinta1: 12-19 SIH KAMIRAHANIPUN GUSTI “Mangke dhawuhe prabu Koresy ratu ing Persia: Pangeran Yehuwah Gusti Allahe sakurebe langit wus maringake sakehing Krajan ing bumi marang ingsun, Panjenengane wus dhawuh marang ingsun ngyasakake pedaleman kagem Penjenengane ana ing Yerusalem ing tanah Yehuda” (Ezra 1:2) Punapa ingkang saged njalari kita ngraosaken kabungahan saha lajeng mujudaken raos sokur? Nalika pitakenan punika kita gegilut, temtu badhe nuwuhaken mawarni warni wangsulan. Wonten ingkang paring wangsulan, kabungahan saha raos sokur awit saking panuntunipun Gusti, berkah kakiyatan saha kesehatan, padamelan ingkang sae, lan sakpiturutipun. Menawi sadaya wangsulan punika dipunrangkum, mila kita saged mangertos bilih raos sokur saha kabungahaning gesang punika saged tuwuh awit karana sih kamirahanipun Gusti kemawon. Kawontenan punika, ingkang dipunraosaken dening Prabu Koresy, ing pundi Gusti Allah ngosikaken manahipun Sang Prabu supados ngyasa pedalemaning Allah wonten ing Yerusalem, ing tlatah Yehuda. Satemah Prabu Koresy ndhawuhi supadaos para umatipun Gusti sami tumuju dhateng Yerusalem. Mboten namung punika kemawon ananging Prabu Koresy ugi ngedalaken sedaya pirantosing Padaleman Suci ingkang nate dipunjarah dening Prabu Nebukadnezar. Punapa ingkang dipun tindakaken dening Prabu Koresy sadaya awit sih Kamirahanipun Gusti. Satemah pambanguning Padaleman Suci saged kalampahan lan pirantos-pirantos ingkang nate dipun jarah saged dipun wangsulaken dhateng papan ingkang sakmesthinipun. Sih Kamirahanipun Gusti, njalari tuwuhing raos bingah saha sokur wonten ing manah. Sih kamirahanipun Gusti ugi dadosaken kakiyatan wonten ing gesang kita. Kanthi ngraos-raosaken sih kamirahanipun Gusti punika saged mbereg dhateng kita supados tansah andhap asor. Awit sadaya ingkang kita tampi punika namung saking sih kamirahanipun Gusti kemawon. Amin|*MEK
Senen, 17 Februari 2025 Minggu Limrah
II Para Raja24:18-25:21; Jabur 120; I Korinta 15:20-34 RUMANGSAA “Padha dieling meneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sebab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumanga isin.” (I Korinta 15:34) “Bisaa rumangsa, aja rumangsa bisa”. Mbok manawi pitutur punika asring kita pireng wonten ing gesang padintenan. Lajeng punapa tegesipun? Pitutur punika badhe nandesaken kados pundi saben tiyang dipun bereg supados anggadhahi sikep saged ngrumaosi kawontenaning dhirinipun. Saben tiyang prayoginipun tansah saged ngrumaosi kawontenanipun, boten gumunggung. Nalika tiyang saged mujudaken sikep ngrumaosi dhiri, punika saged nuwuhaken sikep andhap asor lan njagi sikepipun. Bab punika kados pangandikanipun rasul Paulus ingkang kaserat wonten ing 1 Korinta 15:34, “Padha dieling meneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sebab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumanga isin”. Temtunipun pangandika punika anggadhahi ancas tujuan kangge ngemutaken pasamuwan ing Korinta supados sami mujudaken sikep rumaos awit saking kawontenanipun. Kawontenan ingkang sewaunipun kebak dosa, ananging awit saking sih rahmatipun Gusti nampi pamulihan saha pangluwaran. Saking punika pasamuwan ing Korinta kabereg supados sami mujudaken sikep rumaos isin nalika badhe damel dosa. Bab punika ugi prayogi dipun gatosaken lan dipun ugemi wonten ing gesang kita samangke. Pangandikanipun Gusti punika ugi mbereg kita supados anggadhahi raos isin. Isin manawi tansah gesang ing saklebeting dosa, isin nglampahi prekawis ingkang awon. Awit Sang Kristus sampun nguwalaken saha mulihaken kita pramila kita kabereg supados tansah njagi gesang kita kanthi ajrih asih dhumateng Gusti. Amin.|*MEK
Minggu, 16 Februari 2025 Minggu Limrah
Yeremia 17:5-10; Jabur 1; 1 Korinta: 15:12-20; Lukas 6:17-26 GUSTI INGKANG NITI PRIKSA ATIMU “Aku, Pangeran kang pirsa atine wong, lan ndadar tekan telenging batine. Supaya wong siji-siji Dakganjar, manut kelakuane, miturut penggawene” (Yeremia 17:10) “Karsaa amirsani, klayan premati, punapa tresna kawula saestu, Gusti…” Punika sakperangan isining Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ) angka 324. Menawi dipun gatosaken saha dipun raos-raosaken pepujen punika badhe nandhasaken bilih Gusti punika pribadi ingkang Mahapirsa. Pramila ing kekidungan punika, penyair nywnyuwun supados Gusti kepareng nitipriksa isining manahipun, punapa isining manahipun penyair punika sampun cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Makaten ugi ingkang kaandharaken wonten ing kitab Yeremia 17:10. Wonten ing ayat punika dipun pratelakaken “Aku, Pangeran kang pirsa atine wong, lan ndadar tekan telenging batine”. Mila saking punika saben tiyang kabereg supados saged nglampahi gesangipun kanthi kumandel saha tansah anggadhahi pangajeng-ajeng dhumateng Gusti. Sikep pitados punika sampun ngantos namung kita ucapaken ananging prelu dipun wujudaken wonten ing lelampahaning gesang. Satemah punapa ingkang kita ucapaken punika laras kaliyan tumindak kita saben dintenipun. Awit Gusti Allah punika pirsa sadaya ingkang wonten ing batos, pangangen-angen kita punapa dene tumindak kita. Panjenenganipun piyambak ingkang niti priksa manah kita. Pramila sampun ngantos kita nglampahi gesang namung saksekecanipun piyambak. Tansaha emut bilih Panjenenganipun ingkang niti priksa manah kita. Panjenenganipun mboten saged dipunapusi.Panjenenganipun ngandika, “Supaya wong siji-siji Dakganjar, manut kelakuane, miturut penggawene”. Amin |*MEK
Setu, 15 Februari 2025 Minggu Limrah
Yeremia 17:1-4; Jabur 1; Lukas 11:24-28 DISANTOSA ATIMU “Tumuli metu lunga ngajak dhemit pitu liyani kang luwih ala katimbang karo dheweke, sarta banjur padha mlebu lan manggon ana ing kono, satemah mau alane ngungkuli sakawit” (Lukas 11:26) Saben tiyang ingkang taksih gesang wonten jagad mesti tansah aben ajeng kaliyan maneka warni tantangan lan pepalanging gesang. Tantangan punika saged maneka warni wujudipun. Wonten ingkang katingal lan wonten ugi ingkang boten ketingal. Kawontenan punika kados ingkang kacariyosaken wonten ing Injil Lukas 11: 24-26. Wonten ing waosan punika dipun tandhesake: Sepisan,tantangan ingkang dipunadhepi wonten ing gesang kita boten namung tantangan ingkang sipatipun ketingal kemawon. Tegesipun, bilih wonten ing gesang temtu kita nate mrangguli tantangan ingkang boten saged dipuntingali kanthi panca indra. Kadosta tiyang ingkang kapanjingan dhemit. Tiyang ingkang kapanjingan dhemit punika dipunkawosi dening dhemit ingkang boten ketingal secara kasat mripat. Ananging saged ketingal saking solah tingkahipun ingkang boten limrah lan mujudaken piala. Kaping kalihipun,dhemit anggadhahi sikep inggih punika boten nate menyerah sakederipun menang. Wonten ing ayat 24-26 kita saged ningali bilih dhemit anggadhahi karakter inggih punika boten gampil menyerah kaliyan kawontenan. Dhemit punika nduweni maneka warni cara kangge nggodha gesangipun manungsa. Minangka para pendherekipun Gusti Yesus, kita kabereg supados nggadhahi manah dan kapitadosan ingkang kiyat santoso. Kita kedah mbudidaya tansah saestu mirengaken, nggatosaken saha nindakaken pangandikanipun Gusti wonten ing gesang padintenan. Kita kedah ndadosaken Pangandikanipun Gusti punika minangka cepenganing gesang padintenan. Amin.|*MEK
Jemuwah, 14 Februari 2025 Minggu Limrah
Yeremia 13:20-27; Jabur 1; 1 Petrus 1:17-2:1 URIPMU DIKANTHI WEDI ASIH “Sarta menawa kowe padha nyebut Panjenengane Rama, yaiku kang ngadili wong kabeh manut panggawene tanpa pilih kasih, uripmu dikanthi wedi asih sajrone kowe mondhok ing donya iki” (1 Petrus 1:17) Tetales utawi pondasi dados satunggaling bab ingkang wigati wonten ing babagan pembangunan. Amargi, pondasi punika ingkan nemtokaken bakoh lan botenipun satunggaling bangunan. Mekaten ugi wonten ing gesang karohanen kita. Gesang karohanen kita saged kiyat nalika kita kadhasaran tetales ingkang leres. Lajeng tetales ingkang kados pundi ingkang kedah kita gadhahi punika? Inggih punika gesang ingkang tinalesan sikep ajrih asih dhumateng Gusti. Bab punika dipun pratelakaken wonten ing serat 1 Petrus 1:17b “…, uripmu kalawan wedi asih sajrone kowe mondhok ing donya iki”. Kenging punapa kita kedah nalesi gesang kita kanthi sikep wedi asih? Amargi Gusti Yesus sampun nelakaken katresnan saha kuwaos ingkang ageng. Ing pundi Panjenenganipun sampun ngurbanaken sariranipun kangge nucekaken saha ngrembat sadaya dosa kita. Panjenenganipun ugi ingkang sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah. Pramila gesang tinalesan sikep ajrih asih dhumateng Gusti punika kedah kita wujudaken. Awit sikep gesang ajrih asih dhumateng Gusti punika minangka wujuding panuwun sokur awit saking agenging katresnanipun Gusti. Sikep ajrih asih punika mawujud ing sikep gesang padintenan ingkang sami dene tresna-tinresnan kanthi gumolonging manah (ayat 22). Kita kedah nebihi sadaya piawon, cidra, lamis saha drengki punapadene pitenah (1 Petrus 2:1). Pramila sumangga kita tansah nalesi gesang kanthi sikep ajrih asih dhumateng Gusti. Kanthi mekaten kita saged mbabaraken katresanan saha panguwaosipun Gusti ing sadhengah lampah gesang kita. Amin.|*MEK
Jemuwah, 14 Februari 2025 Minggu Limrah
Yeremia 13:20-27; Jabur 1; 1 Petrus 1:17-2:1 URIPMU DIKANTHI WEDI ASIH “Sarta menawa kowe padha nyebut Panjenengane Rama, yaiku kang ngadili wong kabeh manut panggawene tanpa pilih kasih, uripmu dikanthi wedi asih sajrone kowe mondhok ing donya iki” (1 Petrus 1:17) Tetales utawi pondasi dados satunggaling bab ingkang wigati wonten ing babagan pembangunan. Amargi, pondasi punika ingkan nemtokaken bakoh lan botenipun satunggaling bangunan. Mekaten ugi wonten ing gesang karohanen kita. Gesang karohanen kita saged kiyat nalika kita kadhasaran tetales ingkang leres. Lajeng tetales ingkang kados pundi ingkang kedah kita gadhahi punika? Inggih punika gesang ingkang tinalesan sikep ajrih asih dhumateng Gusti. Bab punika dipun pratelakaken wonten ing serat 1 Petrus 1:17b “…, uripmu kalawan wedi asih sajrone kowe mondhok ing donya iki”. Kenging punapa kita kedah nalesi gesang kita kanthi sikep wedi asih? Amargi Gusti Yesus sampun nelakaken katresnan saha kuwaos ingkang ageng. Ing pundi Panjenenganipun sampun ngurbanaken sariranipun kangge nucekaken saha ngrembat sadaya dosa kita. Panjenenganipun ugi ingkang sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah. Pramila gesang tinalesan sikep ajrih asih dhumateng Gusti punika kedah kita wujudaken. Awit sikep gesang ajrih asih dhumateng Gusti punika minangka wujuding panuwun sokur awit saking agenging katresnanipun Gusti. Sikep ajrih asih punika mawujud ing sikep gesang padintenan ingkang sami dene tresna-tinresnan kanthi gumolonging manah (ayat 22). Kita kedah nebihi sadaya piawon, cidra, lamis saha drengki punapadene pitenah (1 Petrus 2:1). Pramila sumangga kita tansah nalesi gesang kanthi sikep ajrih asih dhumateng Gusti. Kanthi mekaten kita saged mbabaraken katresanan saha panguwaosipun Gusti ing sadhengah lampah gesang kita. Amin.|*MEK
Kemis, 13 Februari 2025 Minggu Limrah
Yeremia 13:12-19; Jabur 1; Lelakone Para rasul 13:26-34 WONG MURSID VS WONG DURAKA “Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka, lan ora ngambah dalane wong dosa sarta ora awor lungguh ing pejagongane wong memoyok” (Jabur 1:1) Wonten ing saklebeting nglampahi gesang padintenan kita asring dipun abenajengaken kaliyan kalih kawontenan ing bertolak belakang. Kawontenan punika tamtu nuwuhaken woh ingkang benten antawis satunggal lan satunggalipun. Upaminipun nalika kita aben ajeng kaliyan pilihan badhe mujudaken gesang ing salebeting sih pangapura utawi mendhem sengit. Temtunipun pilihan kita punika badhe ndhatengaken kasil ingkang beda. Nalika kita remen mujudaken sikep sih pangapura mila katentreman saha keharmonisan saged kita raosaken. Ananging menawi kita milih mujudaken sikep mendhem sengit, mila ingkang naminipun tentrem rahayu saha keharmonisan boten saged kita raosaken. Bab punika ugi ingkang dipuntandhesaken wonten ing Jabur 1. Juru mazmur nedahaken bilih wonten kalih golongan tiyang ingkang asring dipuprangguli wonten ing gesang padintenan. Kalih golongan kasebat inggih punika tiyang ingkang mursid lan tiyang duraka. Kalih golongan tiyang punika temtu anggadhahi ciri ingkang beda. Tiyang mursid anggadhahi ciri karem saha remen nggegilut angger-anggeripun Gusti sae punika siyang punapa dene ratri (ayat 4). Satemah gesangipun tiyang mursid punika tansah tuwuh ngrembaka lan ngedalaken woh (ayat 3). Kosok wangsulipun, tiyang duraka punika cirinipun remen memoyok, gesang cengkah kaliyan angger-anggeripun Gusti (ayat 1). Satemah tumindakipun tiyang duraka punika ndhatengaken karusakan wonten ing gesangipun. Saking pangandika punika, kita dipun timbali supados tansah mbudidaya dados tiyang ingkang mursid. Inggih punika gesang ingkang karem saha remen nggegilut Pangandikanipun Gusti, gesang ing salebeting bedhamen. Satemah gesang kita saged ngraosaken kantentreman, keharmonisan lan dados berkah tumrap sesami. Amin.|*MEK
Rebo, 12 Februari 2025 Minggu Limrah
Yesaya 8:1-15; Jabur 115; Lukas 5:27-32 NYANGGEMI TIMBALANIPUN GUSTI “Lewi banjur ngadeg, samubarang kabeh ditinggal lan ndherek Gusti” (Lukas 5:28) Wonten ing konteks masyarakat rikala jamanipun Gusti Yesus, tiyang ingkang panyambut damelipun dados juru mupu bea punika kaanggep tiyang dosa. Satemah tiyang-tiyang punika sami dipun siriki utawi dipuntebihi dening masyarakat. Awit juru mupu beya anggenipun narik pajek punika sring kanthi cara ingkang keras saha dipunwawas mboten adil. Juru mupu beya ugi ngabdi dhateng Kaisar (paprentahan Rum), inggih punika bangsa penjajah. Pramila juru mupu beya punika saged kaanggep minangka pengkhianat bangsa. Kanthi mekaten, masyarakat Yahudi mastani bilih juru mupu beya punika kalebet golonganipun tiyang dosa. Sinaosa mekaten, wonten ing Lukas 5:27-32 kita saged ningali kados pundi satunggaling juru mupu beya, ingkang naminipun Lewi nampi kamirahan saking Gusti Yesus. Ing pundi Gusti Yesus paring dhawuh dhateng Lewi supados ndherek Panjenenganipun (ayat 27). Sesampunipun mireng punika, kanthi sukabingah Lewi nyanggemi punapa ingkang dados timbalanipun Gusti. Kesanggemanipun Lewi dipunwujudaken kanthi sikep ngadeg, nilar punapa ingkang dados barang darbe-ipun, lajeng ndherek Gusti Yesus saha ngawontenaken kembul bujana sesarengan. Ningali kawontenan ingkang mekaten, tiyang-tiyang Farisi lan ahli Toret punika rumaos boten remen (ayat 30). Gusti Yesus, lajeng nandhesaken bilih rawuhipun Gusti inggih punika kangge njangkung saha ngrengkuh tiyang-tiyang ingkang sakit, ingkang dosa supados sami mratobat lan nampeni sih rahmatipun Gusti. Satemah saben tiyang ingkang nyanggemi timbalananipun Gusti gesangipun kapulihaken kados dene Lewi. Saking cariyos punika, kita dipun bereg supados saged nuladha tiyang Lewi, ingkang kanthi suka bingah nyanggemi punapa ingkang dados timbalanipun Gusti. Wujuding sukabingah inggih punika lumebet ing pamratobat, saha pamulihaning gesang. |*MEK
