+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 14  Februari 2025 Minggu Limrah

Yeremia 13:20-27; Jabur 1; 1 Petrus 1:17-2:1

URIPMU DIKANTHI WEDI ASIH

“Sarta menawa kowe padha nyebut Panjenengane Rama, yaiku kang ngadili

wong kabeh manut panggawene tanpa pilih kasih, uripmu dikanthi

wedi asih sajrone kowe mondhok ing donya iki”

 (1 Petrus 1:17)

Tetales utawi pondasi dados satunggaling bab ingkang wigati wonten ing babagan pembangunan. Amargi, pondasi punika ingkan nemtokaken bakoh lan botenipun satunggaling bangunan. Mekaten ugi wonten ing gesang karohanen kita. Gesang karohanen kita saged kiyat nalika kita kadhasaran tetales ingkang leres.

Lajeng tetales ingkang kados pundi ingkang kedah kita gadhahi punika? Inggih punika gesang ingkang tinalesan sikep ajrih asih dhumateng Gusti. Bab punika dipun pratelakaken wonten ing serat 1 Petrus 1:17b “…, uripmu kalawan wedi asih sajrone kowe mondhok ing donya iki”. Kenging punapa kita kedah nalesi gesang kita kanthi sikep wedi asih? Amargi Gusti Yesus sampun nelakaken katresnan saha kuwaos ingkang ageng. Ing pundi Panjenenganipun sampun ngurbanaken sariranipun kangge nucekaken saha ngrembat sadaya dosa kita. Panjenenganipun ugi ingkang sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah. Pramila gesang tinalesan sikep ajrih asih dhumateng Gusti punika kedah kita wujudaken. Awit sikep gesang ajrih asih dhumateng Gusti punika minangka wujuding panuwun sokur awit saking agenging katresnanipun Gusti.

Sikep ajrih asih punika mawujud ing sikep gesang padintenan ingkang sami dene tresna-tinresnan kanthi gumolonging manah (ayat 22). Kita kedah nebihi sadaya piawon, cidra, lamis saha drengki punapadene pitenah (1 Petrus 2:1). Pramila sumangga kita tansah nalesi gesang kanthi sikep ajrih asih dhumateng Gusti. Kanthi mekaten kita saged mbabaraken katresanan saha panguwaosipun Gusti ing sadhengah lampah gesang kita. Amin.|*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *