II Para Raja24:18-25:21; Jabur 120; I Korinta 15:20-34
RUMANGSAA
“Padha dieling meneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh!
Sebab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah.
Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumanga isin.”
(I Korinta 15:34)
“Bisaa rumangsa, aja rumangsa bisa”. Mbok manawi pitutur punika asring kita pireng wonten ing gesang padintenan. Lajeng punapa tegesipun? Pitutur punika badhe nandesaken kados pundi saben tiyang dipun bereg supados anggadhahi sikep saged ngrumaosi kawontenaning dhirinipun. Saben tiyang prayoginipun tansah saged ngrumaosi kawontenanipun, boten gumunggung. Nalika tiyang saged mujudaken sikep ngrumaosi dhiri, punika saged nuwuhaken sikep andhap asor lan njagi sikepipun.
Bab punika kados pangandikanipun rasul Paulus ingkang kaserat wonten ing 1 Korinta 15:34, “Padha dieling meneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sebab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumanga isin”. Temtunipun pangandika punika anggadhahi ancas tujuan kangge ngemutaken pasamuwan ing Korinta supados sami mujudaken sikep rumaos awit saking kawontenanipun. Kawontenan ingkang sewaunipun kebak dosa, ananging awit saking sih rahmatipun Gusti nampi pamulihan saha pangluwaran. Saking punika pasamuwan ing Korinta kabereg supados sami mujudaken sikep rumaos isin nalika badhe damel dosa.
Bab punika ugi prayogi dipun gatosaken lan dipun ugemi wonten ing gesang kita samangke. Pangandikanipun Gusti punika ugi mbereg kita supados anggadhahi raos isin. Isin manawi tansah gesang ing saklebeting dosa, isin nglampahi prekawis ingkang awon. Awit Sang Kristus sampun nguwalaken saha mulihaken kita pramila kita kabereg supados tansah njagi gesang kita kanthi ajrih asih dhumateng Gusti. Amin.|*MEK