+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 18  Februari 2025 Minggu Limrah

Ezra 1:1-11; Jabur 120; 2 Korinta1: 12-19

SIH KAMIRAHANIPUN GUSTI

“Mangke dhawuhe prabu Koresy ratu ing Persia: Pangeran Yehuwah Gusti Allahe sakurebe langit wus maringake sakehing Krajan ing bumi marang ingsun, Panjenengane wus dhawuh marang ingsun ngyasakake pedaleman kagem Penjenengane ana ing Yerusalem ing tanah Yehuda”  (Ezra 1:2)

Punapa ingkang saged njalari kita ngraosaken kabungahan saha lajeng mujudaken raos sokur? Nalika pitakenan punika kita gegilut, temtu badhe nuwuhaken mawarni warni wangsulan. Wonten ingkang paring wangsulan, kabungahan saha raos sokur awit saking panuntunipun Gusti, berkah kakiyatan saha kesehatan, padamelan ingkang sae, lan sakpiturutipun. Menawi sadaya wangsulan punika dipunrangkum, mila kita saged mangertos bilih raos sokur saha kabungahaning gesang punika saged tuwuh awit karana sih kamirahanipun Gusti kemawon.

Kawontenan punika, ingkang dipunraosaken dening Prabu Koresy, ing pundi Gusti Allah ngosikaken manahipun Sang Prabu supados ngyasa pedalemaning Allah wonten ing Yerusalem, ing tlatah Yehuda. Satemah Prabu Koresy ndhawuhi supadaos para umatipun Gusti sami tumuju dhateng Yerusalem. Mboten namung punika kemawon ananging Prabu Koresy ugi ngedalaken sedaya pirantosing Padaleman Suci ingkang nate dipunjarah dening Prabu Nebukadnezar. Punapa ingkang dipun tindakaken dening Prabu Koresy sadaya awit sih Kamirahanipun Gusti. Satemah pambanguning Padaleman Suci saged kalampahan lan pirantos-pirantos ingkang nate dipun jarah saged dipun wangsulaken dhateng papan ingkang sakmesthinipun.

Sih Kamirahanipun Gusti, njalari tuwuhing raos bingah saha sokur wonten ing manah. Sih kamirahanipun Gusti ugi dadosaken kakiyatan wonten ing gesang kita. Kanthi ngraos-raosaken sih kamirahanipun Gusti punika saged mbereg dhateng kita supados tansah andhap asor. Awit sadaya ingkang kita tampi punika namung saking sih kamirahanipun Gusti kemawon. Amin|*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *