+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebu, 19  Februari 2025 Minggu Limrah

Yeremia 11:11-17; Jabur 120; Lukas 11:37-52

AWAS ANA CALO!

“Bilai kowe heh ahli Toret, amarga kowe wus padha njupuk kuncining kawruh, kowe dewe ora lumebu, nanging wong kang arep mlebu padha kokalang-alangi”  (Lukas 11:52)

Kita tamtunipun nate mireng istilah Calo. Punapa ta tegesipun? Calo punika satunggaling tiyang ingkang limrahipun kita panggihi wonten ing terminal. Tiyang punika asring nawakaken tiket bus dhateng penumpang ananging piyambakipun boten numpak bis ingkang dipuntawakaken. Calo punika ugi asring dipunwastani tiyang ingkang luwes anggenipun “promosi” tiket bus dhateng penumpang. Menawi dipun gatosaken, kasunyatanipun calo punika boten namung dipunpanggihi wonten ing terminal bis kemawon. Ananging sifat kadosdene calo punika ugi saged kita panggihi wonten ing waosan kita sakmangke.

Lukas 11:37-52 nyariosaken kados pundi anggenipun Gusti Yesus melehaken tiyang-tiyang Farisi saha para ahli Toret. Kenging punapa kok Gusti Yesus ngantos melehaken tiyang Farisi saha Para ahli Toret? Awit Gusti Yesus prihatos kaliyan sikep gesanging tiyang Farisi saha ahli Toret. Ing pundi golongan tiyang-tiyang punika namung nengenaken apal isinipun Toret lan sregep nindakaken tradis-tradisi ingkang katemtokaken ananging manah saha sikepipun boten saged nyunaraken kamulyaning Allah. Golongan punika remen nyaruwe tiyang-tiyang ingkang boten nindakaken tradisi kanthi leres. Golongan punika remen mbereg tiyang supadosa nindakaken anggeri-anggering Toret kanthi sae. Ananging piyambakipun malah kosok wangsulipun.

Saking kawontenan punika, saha lumantar waosan kita sakmangke, kita sami dipun bereg supadosa sampun ngantos asikep kadosdene tiyang-tiyang Farisi saha ahli Toret. Ing pundi namung remen mbereg tiyang supadosa sami nindakaken dhawuh-dhawuhipun, ananging piyambakipun malah kosok nglirwakaken dhawuh punika. Kita kabereg boten namung dados calo, ananging kadosdene kondektur, ingkang mbereg tiyang nindakaken dhawuhipun Gusti lan kita ugi sami mujudaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Amin.|*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *