Purwaning Dumadi 43:16-34; Jabur 37:1-11, 39-40; Rum 8:1-11
GESANG INGKANG LANGKUNG SAE
“Balik kowe iku ora kawengku ing daging, nanging padha ana ing Sang Roh, semono iku menawa Rohing Allah pancen dedalem ana ing kowe.
Nanging sing sapa ora kadunungan Roh Sang Kristus
iku dudu kangungane Sang Kristus.” (Rum 8:9)
Saben tiyang pitados mesthinipun nggadhahi pangajeng-ajeng supados saged sangsaya mindhak kualitas gesangipun. Ingkang sewaunipun gesang mburu kadonyan, nindakaken punapa ingkang dados pikajengipun piyambak, lajeng nilar sedaya punika lan mujudaken sikep gesang ingkang ngener dhumateng Sang Kristus. Ananging wonten ing kasunyatanipun, mbudidaya mujudaken indak-indakaning gesang punika kathah tantanganipun. Tantangan punika asalipun saged saking dhiri kita piyambak, punapa dene saking pihak sanes utawi kawontenaning lingkungan kita. Lajeng sikep punapa ingkang kedah kita wujudaken supados kita saged gesang langkung sae ing dinten sakcandakipun?
Serat Rum 8:1-11 paring pitedah saha pepadhang dhateng kita sami. Serat Rum punika dados salah satunggaling serat pangengenipun rasul Paulus. Wonten ing serat punika Paulus nandhesaken bilih: sepisan, rasul Paulus nandhesaken billih pasamuwan ing Rum punika sampun dados pasamuwan ingkang nampi pemulihan saking Sang Kristus. Ing pundi, lumantar pangorbananipun Sang Kristus, pasamuwan punika kauwalaken saking dosa.
Kaping kalihipun, bab tanggel jawabipun pasamuwan. Saksampunipun nampeni pemulihan saha pangluwaran saking Gusti, pasamuwan dipun timbali supados saged mujudaken sikep gesang ingkang langkung sae. Tegesipun, Pasamuwan ing Rum saged mujudaken sikep gesang ingkang katuntun dening Sang Roh Suci. Gesang ingkang mbangun turut dhumateng karsanipun Gusti. Mekaten ugi tumrap kita, kita ugi dipun timbali supados saged mujudaken kualitas gesang ingkang langkung sae. Kangge mujudaken bab punika, prayogi kiya mbikak manah, manut dhateng panuntunipun Sang Roh Suci. Amin.|*MEK