+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 21  Februari 2025 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 44:1-17; Jabur 37:1-11, 39-40; 1 Yokanan 2:12-17

NINDAKAKEN KARSANIPUN GUSTI

“Anadene donya iki lan kamelikane nedhenge sirna, nanging sapa

kang nglakoni karsane Gusti Allah iku tetep urip ing salaw-lawase” 

(1 Yokanan 2:17)

“Eling-eling manungsa bakal mati. Eling-eling aneng donya pira lawase. Eling-eling bandha donya ora langgeng. Ndherek Gusti langgeng selaminya.” Punapa panjenengann nate mireng kekidungan punika? Sumangga kita raos-raosaken sesarengan. Sinaosa kekidungan punika namung cekak kemawon,  ananging anggadhahi makna ingkang lebet. Kekidungan punika ngengetaken dhateng kita supados saged nglampahi gesang kanthi prayogi. Sampun ngantos lepat anggen kita milih enering gesang punika. Nalika lepat anggenipun namtokaken pilihan, badhe nuwuhaken dampak inkang fatal.

Serat 1 Yokanan 2:12-17 paring pepaken dhateng sok sintena kemawon ingkang maos serat punika. Pepaken ingkang dipun tandhesaken wonten ing 1 Yokanan 2:12-17 punika mbereg dhateng sadaya pendherekipun Gusti supadosa saged ngeneraken gesang dhumateng Gusti Allah. Wujuding ngeneraken gesang dhumateng Gusti Allah inggih punika nindakaken punapa ingkang dados dhawuh-dhawuhipun. Satemah gesang langgeng punika dados pengajeng-ajengipun. Ananging menawi pasamuwan nglampahi ingkang kosok wangsulipun, gesangipun namung ngener dhateng bab-bab kadonyan, punika badhe nampi pituwas inggih punika karisakaning gesang. Awit bab-bab kadonyan punika sifatipun boten langgeng saha gampil muspra.

Lajeng kados pundi tumrap kita? Punapa ingkang dados enering gesang kita? Sumangga sami ngeneraken gesang dhumateng Gusti. Ndadosaken Gusti Allah minangka bab ingkang utami lan wigati dipun udi. Sumangga sami mujudaken bab punika kanthi nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Allah wonten ing sauruting gesang kita. Amin|*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *