Purwaning Dumadi 44:18-34; Jabur 37:1-11, 39-40; Lukas 12:52-59
BEDHAMEN
“Amarga, menawa kowe karo lawanmu padha arep
ngadhep marang ing ngarsane pamarentah, ana ing dalan
ngudia rukun karo wong mau…”
(Lukas 12:58)
“Rukun cinta satu sama lain itulah maunya Tuhan, rendah hati serta ramah tamah itulah maunya Tuhan. Tunjukkan! Saksikan! Tuhan minta buktinya, Tunjukkan! Saksikan! Tuhan minta buktinya.” Pepujen lare Sekolah Minggu punika badhe nandhesaken bilih saben kita dipuntimbali supados saged mujudaken bedhamen. Ananging emanipun, wonten ing gesang padintenan kita taksih mrangguli kawontenan ingkang mrihatosaken. Inggih punika kathah tiyang taksih sami cecongkrahan, kumeren satemah katentreman angel karaosaken wonten ing gesang sesarengan.
Pangandikanipun Gusti wonten ing Lukas 12:58 paring piwucal bilih mujudaken bedhamen punika dados salah satunggaling tugas ingkang kedah dipunwujudaken. Wujudipun kadosdene gesang rukun kaliyan sesami, gesang miturut angger-anggeripun Gusti. Manawi pasamuwan gesang miturut pikajeng saha pamawasipun piyambak, saged nuwuhaken cecongkrahan, rumaos sae lan leres piyambak ing antawis satunggal lan satunggalipun. Pramila saben warga pasamuwan kabereg supados sami nggadhahi manah ingkang jembar anggenipun mujudaken gesang ingkang rukun.
Pambereg punika mboten namung katujokaken dhateng tiyang-tiyang ing konteks Injil Lukas kemawon. Timbalan kangge mujudaken bedhamen ugi dipun paringaken dhateng kita sami. Supadosa kita saged mujudaken timbalan punika sumangga kita sami gesang adhedasar dhawuhipun Gusti, rukun antawis satunggal lan satunggalipun saha anggadhahi manah ingkang wiyar anggenipun nampi kawontenaning sesami saha gesang. Amin.|*MEK