Purwaning Dumadi 45:3-11, 15; Jabur 37:1-11, 39-40;
1 Korinta 15:35-38, 42-50; Lukas 6:27-38
KATRESNAN KANG SANYATA
“Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha dakpituturi:
padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe,
padha becikana.”
(Lukas 6:27)
Punapa ingkang dados dhasaring katresnan kita dhateng sesami? Punapa kadhasaran dening wontenipun tujuan ingkang sami? Bandha ingkang kathah? Utawi adhedhasar sikepipun tiyang sanes dhateng kita, namung tiyang ingkang tumindak sae punika ingkang kita tresnani? Lajeng kados pundi kaliyan sesami ingkang nate natoni manah kita, punapa kita sampun saged nresnani piyambakipun? Wonten ing gesang padintenan, pancen langkung angel nresnani sesami ingkang nate natoni manah kita. Kita langkung gampil nresnani sesami ingkang tumindak sae kaliyan kita, sesami ingkang nggadhahi kepentingan ingkang sami, ingkang loma lan sakpiturutipun.
Ing wekdal punika kita sami kaemutaken kaliyan satunggaling pangandikanipun Gusti ingkang mekaten “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha dakpituturi: padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.” Saking Pangandikanipun Gusti punika, minangka pendherekipun Gusti kita kabereg supados saged nresnani sesami ingkang nate natoni manah kita. Tresna punika dipunwujudaken kanthi sikep tansah tumindak becik, boten males ala, mboten mendhem sengit, purun ngapunteni.
Sinaosa sacara kamanungsan punika sanes bab ingkang gampil, ananging nalika wonten krenteg ing manah saha pambudidaya kinanthenan pandonga, sedaya punika badhe saged kawujudaken. Boten namung punika kemawon nalika kita saged nresnani sesami ingkang nate natoni manah kita, punika ateges kita saged mujudaken katresnan ingkang sanyata. Amin.|*MEK