Purwaning Dumadi 33:1-17; Jabur 38; 1 Korinta 11:2-16
PEPANGGIHAN INGKANG NENGSEMAKEN
“Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep dirangkul gulune
sarta diarasi, sakarone padha nangis”
(Purwaning Dumadi 33:4)
Saben kita temtu sampun nate maos satunggaling cariyos gegayutan kaliyan Yakub lan Esau. Kalih tiyang punika kakang adi, ingkang nate cecongkrahan awit saking tumindakipun Yakub ingkang kirang pas dhateng Esau. Ing pundi Yakub ngakali Esau supadosa wewengan dados pambarep dipun sade dhateng Yakub. Sesampunipun prastawa punika, lajeng sesambetan antawis Esap kaliyan Yakub kirang sae. Ing pundi awit saking raos ajrihipun Yakub, piyambakipun lajeng mlajar. Lan mboten pepanggihan malih kaliyan Esau ngantos mangtaun-taun.
Saksampunipun dangu mboten pepannggihan, wonten ing Purwaning Dumadi 33:1-17 dipun cariyosaken bab pepanggihanipun rama Yaku ingkang nengsemaken. Sinaosa ing wiwitanipun rama Yakub rumaos ajrih lan kuwatos bilih kakangipun badhe nyilakani pyambakipun. Anannging, maargi saking sih kamirahanipun Allah, mila Yakub kasagedaken pinanggih kaliyan Esap. Saking pepanggihan ing antawisipun Esap lan Yakub punika wonten bab ingkang nengsemaken manah. Sepisan, sikep purun ngakeni kaleputan ingkang dipun pratelakaken dening Yakub (ayat 3). Kaping kalihipun, inggih punika tanggapanipun Esap dhateng Yakub (ayat 4). Saksampunipun Esap ningali Yakub, piyambakipun lajeng mlajar lan ngrangkul saha ngekep Yakub. Tumindak punika nelakaken kados pundi raos kangenipun Esap dhateng Yakub, saha pyambakipun sampun paring pangapunten dhateng Yakub, sedherekipun. Esap ugi martosaken kawontenanipun Yakub, saha tiyang-tiyang ingkang sesarengan kaliyan piyambakipun.
Saking cariyos kakang adi punika, wonten piwucal ingkang endah kagem kita sami. Ing pundi kita kabereg supados anggadhahi kekendhelan ngakeni kaluputan saha mujudaken “rekonsiliasi” kaliyan sedherek kita dalah tiyang sanes nalika nembe cecongkrahan. Kanthi mekaten kawontenan ingkang nengsemaken saged kita wujudaken ing gesang sesarengan. Amin.|*MEK