1 Samuel 24:1-22; Jabur 38; 1 Korinta 11:7-22, 27-33
NDADAR AWAKE DHEWE
“Mulane saben wong ndadara awake dhewe,
lan sawuse mangkono lagi mangan roti lan ngombe ing tuwung iku”
(1 Korinta 11:28)
Temtunipun tembung pendadaran punika asring kita pireng kepara kita lampahi. Bab punika asring kita prangguli lan kita lampahi nalika ngadhepi paladosan Bujana Suci. Kenging punapa kita kedah nglampahi pendadaran? Menawi dipun gatosaken saha dipunraosaken, lumantar pendadaran punika saben kita kabereg supados saged niti priksa wonten manah lan gesang kita.
Bab punika ugi dipun tandesaken dening Rasul Paulus wonten ing serat Korinta 11:27-33. Wonten ing ngriku rasul Paulus paring pemut saha pambereg dhateng pasamuwan ing Korinta supados sami ndadar dhirinipun piyambak langkung rumiyin, sakderengipun kembul Bujana Suci. Isining pendadaran inggih punika niti priksa kawontenaning manahipun punapa saetu pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus.
Temtunipun pambereg punika anggadhahi ancas supados pasamuwan ing Korinta anggenipun nampeni Bujana Suci punika tinalesan manah ingkang sumadya saha katebihaken saking sikep budi kethaha. Boten namung punika kemawon, kanthi ndadar dhirinipun piyambak, saged dados sarana ngraos-raosaken sih rahmatipun Gusti. Pasamuwan tansah enget bilih sadaya ingkang dipuntampi, mirungganipun kawilujengan punika namung awit sih katresnanipun Gusti Yesus Kristus. Kanthi mekaten nalika nindakaken Bujana Suci, pasamuwan mujudaken sikep ingkang prayogi.
Pramila saking punika, ndadar dhiri kita piyambak ugi dados pambereg tumprap kita. lan punika dipun tindakaken boten namung nalika badhe nampeni Bujana Suci, ananging ugi prayodi dipun wujudaken wonten ing lelampahaning gesang saben dintenipun. Satemah kanthi ndadar dhiri, nebihaken kita saking sikep lan tumindak ingkang boten prayogi. Amin.|*MEK
