+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 26  Februari 2025 Minggu Limrah

Kaimaman 5:1-13; Jabur 38; Lukas 17:1-4

REKSANEN AWAKMU!

“Reksanen awakmu dhewe!

Menawa sadulurmu duwe kaluputan welehna,

menawa kaduwung apuranen”  (Lukas 17:3)

Gesang ing jagad punika kebak tantangan lan kathah prekawis ingkang kedah dipun adhepi. Mboten namug tantangan kemawon, ananging panggodha ugi tansah gilir gumantos wonten ing gesang kita. Supadosa kita mboten dumawah ing dosa punapa ingkang kedah kita tindakaken? Sesarengan kita badhe ngaca saking Lukas 17:1-4.

Menawi dipun gatosaken pangandikanipun Gusti dhateng para sekabatipun punika paring piwucal, bab: Sepisan, pambereg supados para sekabatipun sami saged mujudaken sikep saged ngreksa gesangipun kanthi saestu. Pra sakabat nggadhahi tanggel jawab kangge njagi gesangipun saking bab-bab ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti. Kaping kalihipun, supados purun nggatosaken lan preduli dhateng kanca-kancanipun (tiyang sanes).  Bab punika, kedah dipun wujudaken dening para sekabatipun Gusti supados sadaya tansah lumampah wonten ing marginipun Allah.

Piwucal wonten ing Lukas 17:1-4 punika prayogi dipun cakaken wonten ing gesang kita, para pandherekipun Gusti Yesus. Minangka para pandherekipun Gusti Yesus kita kabereg supados saged njagi gesang saha dhiri kita. Njagi dhiri lan gesang punika dados tanggel jawab kita sacara pribadi. Ananging, ing sisih sanes, kita ugi prelu mujudaken katresnan dhateng sesami. Manawi wonten sesami kita tumindak boten prayogo, kita kedah purun ngemutaken. Kosowangsukipun, manawi kita dipun welehaken dening tiyang sanes, prayoginipun dipun tampi  kanthi nglenggana minangka pepenget saking Gusti. Kanthi mekaten kita saged tansah ndherek Gusti kanthi tuhu setya lan ngraosaken endahing gesang sesarengan. Amin.|*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *