Pangandharing Toret 9:1-5; Jabur 99; Lelakone Para rasul 3:11-16
ELMU PARI
“Ora merga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu
anggonmu lumebu ngejegi negarane, nanging marga
saka pamblasare para bangsa iku…”
(Pangandharing Toret 9: 5)
“Dadi manungsa iku kudu bisa niru elmune pari.” Pitembungan punika kalebet pitutur sae ingkang prayogi dipun gatosaken. Punapa tegesipun? Tegesipun, kadosdene pari ingkang sangsaya kathah isinipun sangsaya tumungkul. Inggih kados mekaten prayoginipun sikepipun manungsa. Sangsaya inggil elmunipun, sangsaya kathah gadhahanipun, sangsaya lebet gesang karohanenipun, kedah sangsaya andhap asor. Utawi ing tembung sanesipun, saben kita kabereg supadosa sampun ngantos gumunggung. Kenging punapa? Wangsulanipun wonten ing Pangandaring Toret 9:1-5.
Pangandikanipun Gusti wonten ing Pangandaring Toret 9:1-5 punika nyariosaken bab lelampahaning gesangipun umat Israel, kagunganipun Gusti. Ing pundi umat Israel punika saged lumampah nyebrangi bengawan Yarden, tumuju dhateng ing negari ingkang dipun prasetyakaken dening Gusti, saha saged mimpang saking bangsa-bangsa ageng. Sadaya punika mboten amargi kekiyatanipun piyambak, ananging awit pitulunganipun Gusti Allah. Panjenenganipun ingkang tansah mbabar katresnan saha nganthi umat kagunganipun, satemah umat Israel punika saged dumugi ing tlatah Kanaan. Saking punika tiyang-tiyang kabereg supados sampun ngantos gumunggung ananging sageda mujudaken sikep diandhap asor.
Mekaten ugi tumrap kita, sikep andhap asor prayogi tansah kita wujudaken wonten ing gesang padintenan. Awit punapa ingkang sampun kita tampi punika mboten awit kapinteran saha kasagedan kita piyambak. Pramila kita kedah sinau mujudaken sikep kados dene pari, sangsaya kathah isinipun, sangsaya tumungkul. Sumangga tansah ngluhuraken asmanipun Gusti amargi namung Panjenenganipun ingkang pantes dipunluhuraken. |*MEK