Pangandharing Toret 9:6-14; Jabur 99; Lelakone Para rasul 10:1-8
NANGGEPI WAHYU SAKING GUSTI
“Sawatara jam telu awan Kornelius ing sajroning wahyu
sumurup kalawan cetha ana sawijining malaekate Allah
kang lumebet ing omahe lan mangandikani, Kornelius!”
(Lelakone Para Rasul 10:3)
Punapa ingkang wonten ing pamawas kita nalika mireng tembung “wahyu saking Gusti.” Temtu saben kita mangretosi boten sadaya tiyang saged nampi wahyu saking Gusti. Namung tiyang-tiyang ingkang piniji kemawon ingkang saged nampi wahyu saking Gusti lan nampi pangretosan ingkang mirunggan punika. Anggenipun paring wahyu, Gusti Allah saged ngagem maneka warni sarana sarta cara. Saged lumantar impen, kedadosaning alam, prastwaning gesang lan sanes-sanesipun.
Bab punika ugi ingkang dipun alami dening Kornelius. Kornelius punika salah satunggaling tiyang saking Kaisarea ingkang gesangipun mursid. Awit wonten ing gesang padintenan piyambakipun tansah ngabekti dhumateng Gusti. Ing sawijing wekdal, wetawis tabuh telu awan, Kornelius nampi wahyu saking Gusti. Ing pundi wonten malaekatipun Gusti Allah ingkang lumebet dhateng griyanipun saha ngendika, “Kornelius!”. Lajeng Kornelius paring wangsulan lan ing ngriku wonten wawan rembag antawisipun Kornelius kaliyan malaekatipun Gusti Allah. Wonten ing wawan rembag punika, Kornelius kadhawuhan supados utusan tiyang tumuju dhateng ing Yope methukaken tiyang ingkang naminipun Simon Petrus. Sesampunipun nampi dhawuh punika, Kornelius enggal-enggal nindakaken punapa ingkang dados dhawuhipun Gusti.
Saking cariyos punika kita saged mangertos kados pundi sikepipun Kornelius anggenipun nanggepi dhawuhipun Gusti lumantar wahyu ingkang dipun tampi. Piyambakipun boten endha, ananging enggal nindakaken kanthi saestu. Sikep ingkang sumanggem saha mbangun turut punika kedah saged kita tuladha ing gesang kita saben dinten. Nyanggemi saha nindakaken punapa ingkang dados dhawuhipun Gusti. Awit kanthi sikep ingkang mekaten kita saged nampi lan ngraosaken berkahipun Gusti ingkang saestu endah. Amin.|*MEK