+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 1 Maret 2025 Minggu Limrah

Pangandharing Toret 9:15-24; Jabur 99; Lukas 10:21-24

BEGJA MRIPAT KANG NDELENG

Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sekabate sarta dipangandikani piyambak: Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng” (Lukas 10:23)

              Begja dene dinten punika kita taksih saged nyawang jagad, kiwa tengen lan brayat kita, begja, dene kita taksih kaparingan kesarasan lan kawilujengan ngantos dinten punika. Begja kita taksih saged nglampahi gesang padintenan, nyekapi kabetahan lan nindakaken ayahan ing gesang. Begja malih, awit kita sampun pinilih dening Gusti dados umat kagunganipun. Begjanipun ing bab punapa? Begjanipun awit dosa lan panerak kita sampun kaapunten dening Gusti lan kita kita kaangat dados putranipun Allah saha kaparingaken prasetyan langgeng. Punapa malih menawi kasambateken kaliyan pangandika wekdal punika. “…Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng”

              Ayat punika sambet kaliyan raos bingah lan pangucap sokuripun Gusti Yesus awit para murid cacah 70 tiyang ingkang kautus sampun nindakaken kanthi prayogi malah kuwaos nundhung dhemit. Wonten ing salebeting pangucap sokuripun punika Gusti Yesus mratelakaken bilih Gusti Allah sampun kersa mbabaraken kekeraning kersanipun dhateng tiyang-tiyang ingkang wanuh lan setya ing timbalan. Milanipun Gusti Yesus lajeng nandhesaken dhateng para sekabat kalih welas, dados satunggaling kebegjan dene para sekabat kaparingan wewengan ningali pakaryanipun Gusti ing sauruting gesangipun. Awit nalika Gusti Allah kersa mbabaraken kersanipun mesthi badhe milujengaken, ngiyataken lan ngagem para pitados langkung malih ing gesangipun.

              Lajeng kadospundi tumrap kula lan panjenenengan? Kita ugi tiyang ingkang begja awit Gusti Yesus Kristus sampun milih kita dados umat kagunganipun, maringi sih rahmat ing gesang, malah kepara tansah mbabaraken kekeraning kersanipun ing sauruting gesang kita. Lumantar brayat, lare, lan sesami kita, lumantar perkawis ingkang kita adhepi, lumantar punapa kemawon ingkang sampun tinampi ing gesang kita. Gusti tansah nedahaken katresnan, kasetyanipun berkahipun lan pakaryanipun dhumateng kita sedaya. Mila Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng awit saben wekdal Gusti Allah tansah nedahaken endahing pakaryanipun ing gesang kita. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *