+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 2 Maret 2025 Minggu Transfigurasi

Pangentasan 34:29-35; Jabur 99; 2 Korinta 3:12-4:2; Lukas 9:28-36, (37-43a)

TUTUPE WUS KASINGKIRAKE

Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupe banjur kasingkirake

(2 Korinta 3:16)

              “Cah bagus, nek arep maem jelly tutupe kudu dibukak sik yo le…” kula mboten saged mbuka, angel bu. Ibukipun mundhut panganan kalawau lajeng mbuka lan kaparingaken malih. Pancen, kadangkala wonten panganan kangge lare ingkang angel dipun buka larenipun piyambak, temah mbetahaken tiyang diwasa kangge mbiyantu punika.

              Punika dados gegambaran kita, lumantar serat 2 Korinta 3:16 “Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupe banjur kasingkirake” pitakenanipun, punapa ingkang punkajengaken kaliyan tutup? Miturut waosan ing serat punika, ingkang sinebat tutup punika sambet kaliyan panampi, sikap lan tumindaking umat kagunganipu Gusti ingkang taksih katutupan kaliyan cubluking nalar, wangkoting manah lan mboten purun nampi pakaryanipun Gusti lumantar Nabi Musa. Kadosdene mekaten ugi ingkang katedahaken dening sawetawis pasamuwanipun Gusti ing Kitha Korinta. Pramila Rasul Paulus lajeng ngandika “Nanging wong kang mratobat marang Gusti…” liripun tiyang ingkang purun ningali kekiranganipun, wangkoting manahipun, cubluking nalar lan budinipun lajeng ngakeni wonten ing ngarsanipun Gusti, tiyang punika badhe mangertosi sih kamirahanipun Gusti ingkang ageng.  Menawi saged mangertosi kamirahanipun Gusti, tiyang punika ugi badhe ngraosaken semanten agenging pakaryanipun Gusti ingkang katindakaken lumantar pangurbananipun Gusti Yesus. Tundhonipun njalari tiyang pitados kasagedaken ngraosaken lan mbabaraken kamulyanipun Gusti ing gesanging titah sanesipun.

              Begja tumrap kula lan panjenengan, dene kita kagungan Gusti ingkang sampun kersa mbirat sekathahing dosa lan kalepatan kita. Panjenenganipun piyambak ingkang sampun kersa lan kuwaos mbikak tutuping nalar, budi lan gesang kita ingkang njalari kita mboten mangertosi kersa lan pakaryanipun Gusti Allah. Kita mboten saged mbikak tutup kita piyambak, ananging Gusti ingkang sampun mbikak tutup kita. Awit saking punika sumangga kita sami nelakaken gesang kita jumbuh kaliyan kersanipun Gusti supados kita tansah kasagedaken nglairaken kamulyanipun Gusti ing gesang. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *