Pangentasan 35:1-29; Jabur 35:11-28; Lelakone Para Rasul 10:9-23a
HALAL LAN HARAM
“Tumuli kapireng swara maneh kang kaping pindhone, dhawuh, “Apa kang
wis kapangandikakake halal dening Allah, aja kokarani haram”
(Lelakone Para Rasul 10:15)
Kalih tembung punika kaginakaken ing paugeraning tiyang Yahudi ingkang sambet kaliyan tetedhan. Ingkang sepisan, tembung halal ing basa ibrani sinebat kosher utawi kosyer. Tetedhan punika kasebat kosher menawi pancen pantes dipun tedha. Dene ingkang kaping kalih kasebat treifah atau treif (טְרֵפָה ṭərēp̄āh) (“tercabik”); ingkang mratelakaken bilih tetedhan punika boten pareng lan boten pantes dipun tedha. Paugeran punika katindakaken turun tumurun lan tansah dipunugemi kanthi setya dening tiyang Yahudi ngantos sapriki. Lajeng kenging punapa Gusti Allah paring pangandika dhumateng rasul Petrus ingkang mekaten: “Tumuli kapireng swara maneh kang kaping pindhone, dhawuh, “Apa kang wis kapangandikakake halal dening Allah, aja kokarani haram”
Pangandikanipun Gusti punika mboten namung sesambetan kaliyan tetedhan, ananging ugi bab panampining tiyang Yahudi dhateng tiyang sakjawining Yahudi. Gusti Allah ngengetaken dhateng rasul Petrus bab tuladha lan pangurbananipun Gusti Yesus tumrap sedaya manungsa. Tetingalan punika mucal dhateng Petrus bilih punapa ingkang sewaunipun kasebat najis, dadosa tetedan, tiyang sanes ingkang mboten sami suku bangsanipun, rencang ingkang mboten sajajar kalenggahanipun sakpunika sami awit sih kamirahanipun Gusti lumantar pangurbananipun Gusti Yesus dhateng sedaya titah.
Paugeran bab halal lan haram pancen nate kaparingaken dening Gusti Allah piyambak dhateng Israel, nalikanipun tiyang-tiyang punika dhereng wanuh dhateng Gusti lan gesang mituhu dhateng Panjenenganipun. Ananging nalikanipun paugeran halal lan haram lajeng njalari umat ngremehaken tiyang sanes awit tetedhan, suku bangsanipun ingkang benten, mboten sajajar kalenggahanipun, lan njalari tuwuhing raos sengit dhateng sesaminipun. Gusti Allah badhe ngengetaken dhumateng kita, bilih ing ngarsanipun Gusti saben titah punika sami, menawi kita nggadahi panganggep tiyang sanes langkung asor lan mboten saged nampi tiyang sanes kanthi prayogi. Mugi kita tansah kasagedaken nampi tiyang sanes kanthi wetah satraju kaliyan kamirahanipun Gusti dhateng sedaya titah. |*IAS