Yehezkiel 1:1, 2:1; Jabur 35:11-28; Lelakone Para Rasul 10:23b-33
NAMPI TIYANG SANES
“… bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawung kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi utawi lumebet ing griyanipun. Nanging Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula mboten dipunparengaken nyebut
sok sintena najis utawi haram” (Lelakone Para Rasul 10:28)
Nampi tiyang sanes punapa gampil? Tumraping tiyang ingkang nggadahi sikap ingkang tinarbuka mbokbilih punika perkawis ingkang gampil. Ananging kosokwangsul tumrap tiyang ingkang nutup diri; perkawis punika angel dipunlampahi. Punapa malih menawi sampun nggadahi raos, bilih piyambakipun nggadahi kaluwihan katimbang tiyang sanes. Temtu nampi tiyang sanes punika satunggaling perkawis ingkang angel. Lajeng kadospundhi tumrap kita?
Senajan sampun nampi Gusti Yesus ananging awit piyambakipun tiyang Yahudi, ugi taksih mboten gampil katedahaken dening Rasul Petrus anggenipun nampi tiyang sanes. Raos minangka tiyang ingkang pinilih, minangka bangsa ingkang unggul katimbang sanesipun, taksih kapanggihaken ing pangucapipun: “Panjenengan sadaya sami mangertos, bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawung kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi utawi lumebet ing griyanipun”.
Ananging pangaken saklajengipun: “Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula mboten dipunparengaken nyebut sok sintena najis utawi haram” punika pangaken ingkang endah sanget. Senajan mboten gampil, Rasul Petrus nampi pitedahipun Allah, purun ngugemi lan nindakaken dhawuhipun Gusti. Mila wantun mbuka manahipun, mbengkas singgetan lan nampi sesaminipun awit Sang Kristus Yesus.
Nyinau pangandika punika, kita sami kaengetaken bab ingkang wigati tumrap gesang kita minangka tiyang pitados. Kita umat kagunganipun Gusti ingkang sampun nampi sih katresnan lan kawilujengan saking Gusti Yesus. Gusti Yesus piyambak ingkang sampun mratelakaken katresnanipun tumrap kita tiyang dosa. Inggih tiyang dosa ingkang tinampi kanthi wetah, kapulihaken lan kawilujengaken. Mila kanugrahan ingkang mekaten punika, ingkang perlu kita tedahaken ing salebeting tetepangan, sesambetan lan sesrawungan kaliyan taiyang sanes, supados katesnan lan kawilungan peparingipun Gusti ugi karaosaken dening sesami. |*IAS