Yeremia 17:5-10; Jabur 1; 1 Korinta: 15:12-20; Lukas 6:17-26
GUSTI INGKANG NITI PRIKSA ATIMU
“Aku, Pangeran kang pirsa atine wong, lan ndadar tekan telenging batine.
Supaya wong siji-siji Dakganjar, manut kelakuane,
miturut penggawene”
(Yeremia 17:10)
“Karsaa amirsani, klayan premati, punapa tresna kawula saestu, Gusti…” Punika sakperangan isining Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ) angka 324. Menawi dipun gatosaken saha dipun raos-raosaken pepujen punika badhe nandhasaken bilih Gusti punika pribadi ingkang Mahapirsa. Pramila ing kekidungan punika, penyair nywnyuwun supados Gusti kepareng nitipriksa isining manahipun, punapa isining manahipun penyair punika sampun cundhuk kaliyan karsanipun Gusti.
Makaten ugi ingkang kaandharaken wonten ing kitab Yeremia 17:10. Wonten ing ayat punika dipun pratelakaken “Aku, Pangeran kang pirsa atine wong, lan ndadar tekan telenging batine”. Mila saking punika saben tiyang kabereg supados saged nglampahi gesangipun kanthi kumandel saha tansah anggadhahi pangajeng-ajeng dhumateng Gusti.
Sikep pitados punika sampun ngantos namung kita ucapaken ananging prelu dipun wujudaken wonten ing lelampahaning gesang. Satemah punapa ingkang kita ucapaken punika laras kaliyan tumindak kita saben dintenipun. Awit Gusti Allah punika pirsa sadaya ingkang wonten ing batos, pangangen-angen kita punapa dene tumindak kita. Panjenenganipun piyambak ingkang niti priksa manah kita. Pramila sampun ngantos kita nglampahi gesang namung saksekecanipun piyambak. Tansaha emut bilih Panjenenganipun ingkang niti priksa manah kita. Panjenenganipun mboten saged dipunapusi.Panjenenganipun ngandika, “Supaya wong siji-siji Dakganjar, manut kelakuane, miturut penggawene”. Amin |*MEK
