+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 15  Februari 2025 Minggu Limrah

Yeremia 17:1-4; Jabur 1; Lukas 11:24-28

DISANTOSA ATIMU

“Tumuli metu lunga ngajak dhemit pitu liyani kang luwih ala katimbang

karo dheweke, sarta banjur padha mlebu lan manggon ana ing kono,

satemah mau alane ngungkuli sakawit”

 (Lukas 11:26)

Saben tiyang ingkang taksih gesang wonten jagad mesti tansah aben ajeng kaliyan maneka warni tantangan lan pepalanging gesang. Tantangan punika saged maneka warni wujudipun. Wonten ingkang katingal lan wonten ugi ingkang boten ketingal.

Kawontenan punika kados ingkang kacariyosaken wonten ing Injil Lukas 11: 24-26. Wonten ing waosan punika dipun tandhesake: Sepisan,tantangan ingkang dipunadhepi wonten ing gesang kita boten namung tantangan ingkang sipatipun ketingal kemawon. Tegesipun, bilih wonten ing gesang temtu kita nate mrangguli tantangan ingkang boten saged dipuntingali kanthi panca indra. Kadosta tiyang ingkang kapanjingan dhemit. Tiyang ingkang kapanjingan dhemit punika dipunkawosi dening dhemit ingkang boten ketingal secara kasat mripat. Ananging saged ketingal saking solah tingkahipun ingkang boten limrah lan mujudaken piala. Kaping kalihipun,dhemit anggadhahi sikep inggih punika boten nate menyerah sakederipun menang. Wonten ing ayat 24-26 kita saged ningali bilih dhemit anggadhahi karakter inggih punika boten gampil menyerah kaliyan kawontenan. Dhemit punika nduweni maneka warni cara kangge nggodha gesangipun manungsa.

Minangka para pendherekipun Gusti Yesus, kita kabereg supados nggadhahi manah dan kapitadosan ingkang kiyat santoso. Kita kedah mbudidaya tansah saestu mirengaken, nggatosaken saha nindakaken pangandikanipun Gusti wonten ing gesang padintenan. Kita kedah ndadosaken Pangandikanipun Gusti punika minangka cepenganing gesang padintenan. Amin.|*MEK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *