Pangentasan 34:29-35; Jabur 99; 2 Korinta 3:12-4:2; Lukas 9:28-36, (37-43a) TUTUPE WUS KASINGKIRAKE “Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupe banjur kasingkirake” (2 Korinta 3:16) “Cah bagus, nek arep maem jelly tutupe kudu dibukak sik yo le…” kula mboten saged mbuka, angel bu. Ibukipun mundhut panganan kalawau lajeng mbuka lan kaparingaken malih. Pancen, kadangkala wonten panganan kangge lare ingkang angel dipun buka larenipun piyambak, temah mbetahaken tiyang diwasa kangge mbiyantu punika. Punika dados gegambaran kita, lumantar serat 2 Korinta 3:16 “Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupe banjur kasingkirake” pitakenanipun, punapa ingkang punkajengaken kaliyan tutup? Miturut waosan ing serat punika, ingkang sinebat tutup punika sambet kaliyan panampi, sikap lan tumindaking umat kagunganipu Gusti ingkang taksih katutupan kaliyan cubluking nalar, wangkoting manah lan mboten purun nampi pakaryanipun Gusti lumantar Nabi Musa. Kadosdene mekaten ugi ingkang katedahaken dening sawetawis pasamuwanipun Gusti ing Kitha Korinta. Pramila Rasul Paulus lajeng ngandika “Nanging wong kang mratobat marang Gusti…” liripun tiyang ingkang purun ningali kekiranganipun, wangkoting manahipun, cubluking nalar lan budinipun lajeng ngakeni wonten ing ngarsanipun Gusti, tiyang punika badhe mangertosi sih kamirahanipun Gusti ingkang ageng. Menawi saged mangertosi kamirahanipun Gusti, tiyang punika ugi badhe ngraosaken semanten agenging pakaryanipun Gusti ingkang katindakaken lumantar pangurbananipun Gusti Yesus. Tundhonipun njalari tiyang pitados kasagedaken ngraosaken lan mbabaraken kamulyanipun Gusti ing gesanging titah sanesipun. Begja tumrap kula lan panjenengan, dene kita kagungan Gusti ingkang sampun kersa mbirat sekathahing dosa lan kalepatan kita. Panjenenganipun piyambak ingkang sampun kersa lan kuwaos mbikak tutuping nalar, budi lan gesang kita ingkang njalari kita mboten mangertosi kersa lan pakaryanipun Gusti Allah. Kita mboten saged mbikak tutup kita piyambak, ananging Gusti ingkang sampun mbikak tutup kita. Awit saking punika sumangga kita sami nelakaken gesang kita jumbuh kaliyan kersanipun Gusti supados kita tansah kasagedaken nglairaken kamulyanipun Gusti ing gesang. |*IAS
Setu, 1 Maret 2025 Minggu Limrah
Pangandharing Toret 9:15-24; Jabur 99; Lukas 10:21-24 BEGJA MRIPAT KANG NDELENG “Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sekabate sarta dipangandikani piyambak: Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng” (Lukas 10:23) Begja dene dinten punika kita taksih saged nyawang jagad, kiwa tengen lan brayat kita, begja, dene kita taksih kaparingan kesarasan lan kawilujengan ngantos dinten punika. Begja kita taksih saged nglampahi gesang padintenan, nyekapi kabetahan lan nindakaken ayahan ing gesang. Begja malih, awit kita sampun pinilih dening Gusti dados umat kagunganipun. Begjanipun ing bab punapa? Begjanipun awit dosa lan panerak kita sampun kaapunten dening Gusti lan kita kita kaangat dados putranipun Allah saha kaparingaken prasetyan langgeng. Punapa malih menawi kasambateken kaliyan pangandika wekdal punika. “…Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng” Ayat punika sambet kaliyan raos bingah lan pangucap sokuripun Gusti Yesus awit para murid cacah 70 tiyang ingkang kautus sampun nindakaken kanthi prayogi malah kuwaos nundhung dhemit. Wonten ing salebeting pangucap sokuripun punika Gusti Yesus mratelakaken bilih Gusti Allah sampun kersa mbabaraken kekeraning kersanipun dhateng tiyang-tiyang ingkang wanuh lan setya ing timbalan. Milanipun Gusti Yesus lajeng nandhesaken dhateng para sekabat kalih welas, dados satunggaling kebegjan dene para sekabat kaparingan wewengan ningali pakaryanipun Gusti ing sauruting gesangipun. Awit nalika Gusti Allah kersa mbabaraken kersanipun mesthi badhe milujengaken, ngiyataken lan ngagem para pitados langkung malih ing gesangipun. Lajeng kadospundi tumrap kula lan panjenenengan? Kita ugi tiyang ingkang begja awit Gusti Yesus Kristus sampun milih kita dados umat kagunganipun, maringi sih rahmat ing gesang, malah kepara tansah mbabaraken kekeraning kersanipun ing sauruting gesang kita. Lumantar brayat, lare, lan sesami kita, lumantar perkawis ingkang kita adhepi, lumantar punapa kemawon ingkang sampun tinampi ing gesang kita. Gusti tansah nedahaken katresnan, kasetyanipun berkahipun lan pakaryanipun dhumateng kita sedaya. Mila Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng awit saben wekdal Gusti Allah tansah nedahaken endahing pakaryanipun ing gesang kita. |*IAS
Jemuwah, 28 Februari 2025 Minggu Limrah
Pangandharing Toret 9:6-14; Jabur 99; Lelakone Para rasul 10:1-8 NANGGEPI WAHYU SAKING GUSTI “Sawatara jam telu awan Kornelius ing sajroning wahyu sumurup kalawan cetha ana sawijining malaekate Allah kang lumebet ing omahe lan mangandikani, Kornelius!” (Lelakone Para Rasul 10:3) Punapa ingkang wonten ing pamawas kita nalika mireng tembung “wahyu saking Gusti.” Temtu saben kita mangretosi boten sadaya tiyang saged nampi wahyu saking Gusti. Namung tiyang-tiyang ingkang piniji kemawon ingkang saged nampi wahyu saking Gusti lan nampi pangretosan ingkang mirunggan punika. Anggenipun paring wahyu, Gusti Allah saged ngagem maneka warni sarana sarta cara. Saged lumantar impen, kedadosaning alam, prastwaning gesang lan sanes-sanesipun. Bab punika ugi ingkang dipun alami dening Kornelius. Kornelius punika salah satunggaling tiyang saking Kaisarea ingkang gesangipun mursid. Awit wonten ing gesang padintenan piyambakipun tansah ngabekti dhumateng Gusti. Ing sawijing wekdal, wetawis tabuh telu awan, Kornelius nampi wahyu saking Gusti. Ing pundi wonten malaekatipun Gusti Allah ingkang lumebet dhateng griyanipun saha ngendika, “Kornelius!”. Lajeng Kornelius paring wangsulan lan ing ngriku wonten wawan rembag antawisipun Kornelius kaliyan malaekatipun Gusti Allah. Wonten ing wawan rembag punika, Kornelius kadhawuhan supados utusan tiyang tumuju dhateng ing Yope methukaken tiyang ingkang naminipun Simon Petrus. Sesampunipun nampi dhawuh punika, Kornelius enggal-enggal nindakaken punapa ingkang dados dhawuhipun Gusti. Saking cariyos punika kita saged mangertos kados pundi sikepipun Kornelius anggenipun nanggepi dhawuhipun Gusti lumantar wahyu ingkang dipun tampi. Piyambakipun boten endha, ananging enggal nindakaken kanthi saestu. Sikep ingkang sumanggem saha mbangun turut punika kedah saged kita tuladha ing gesang kita saben dinten. Nyanggemi saha nindakaken punapa ingkang dados dhawuhipun Gusti. Awit kanthi sikep ingkang mekaten kita saged nampi lan ngraosaken berkahipun Gusti ingkang saestu endah. Amin.|*MEK
Kemis, 27 Februari 2025 Minggu Limrah
Pangandharing Toret 9:1-5; Jabur 99; Lelakone Para rasul 3:11-16 ELMU PARI “Ora merga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu anggonmu lumebu ngejegi negarane, nanging marga saka pamblasare para bangsa iku…” (Pangandharing Toret 9: 5) “Dadi manungsa iku kudu bisa niru elmune pari.” Pitembungan punika kalebet pitutur sae ingkang prayogi dipun gatosaken. Punapa tegesipun? Tegesipun, kadosdene pari ingkang sangsaya kathah isinipun sangsaya tumungkul. Inggih kados mekaten prayoginipun sikepipun manungsa. Sangsaya inggil elmunipun, sangsaya kathah gadhahanipun, sangsaya lebet gesang karohanenipun, kedah sangsaya andhap asor. Utawi ing tembung sanesipun, saben kita kabereg supadosa sampun ngantos gumunggung. Kenging punapa? Wangsulanipun wonten ing Pangandaring Toret 9:1-5. Pangandikanipun Gusti wonten ing Pangandaring Toret 9:1-5 punika nyariosaken bab lelampahaning gesangipun umat Israel, kagunganipun Gusti. Ing pundi umat Israel punika saged lumampah nyebrangi bengawan Yarden, tumuju dhateng ing negari ingkang dipun prasetyakaken dening Gusti, saha saged mimpang saking bangsa-bangsa ageng. Sadaya punika mboten amargi kekiyatanipun piyambak, ananging awit pitulunganipun Gusti Allah. Panjenenganipun ingkang tansah mbabar katresnan saha nganthi umat kagunganipun, satemah umat Israel punika saged dumugi ing tlatah Kanaan. Saking punika tiyang-tiyang kabereg supados sampun ngantos gumunggung ananging sageda mujudaken sikep diandhap asor. Mekaten ugi tumrap kita, sikep andhap asor prayogi tansah kita wujudaken wonten ing gesang padintenan. Awit punapa ingkang sampun kita tampi punika mboten awit kapinteran saha kasagedan kita piyambak. Pramila kita kedah sinau mujudaken sikep kados dene pari, sangsaya kathah isinipun, sangsaya tumungkul. Sumangga tansah ngluhuraken asmanipun Gusti amargi namung Panjenenganipun ingkang pantes dipunluhuraken. |*MEK
Rebo, 26 Februari 2025 Minggu Limrah
Kaimaman 5:1-13; Jabur 38; Lukas 17:1-4 REKSANEN AWAKMU! “Reksanen awakmu dhewe! Menawa sadulurmu duwe kaluputan welehna, menawa kaduwung apuranen” (Lukas 17:3) Gesang ing jagad punika kebak tantangan lan kathah prekawis ingkang kedah dipun adhepi. Mboten namug tantangan kemawon, ananging panggodha ugi tansah gilir gumantos wonten ing gesang kita. Supadosa kita mboten dumawah ing dosa punapa ingkang kedah kita tindakaken? Sesarengan kita badhe ngaca saking Lukas 17:1-4. Menawi dipun gatosaken pangandikanipun Gusti dhateng para sekabatipun punika paring piwucal, bab: Sepisan, pambereg supados para sekabatipun sami saged mujudaken sikep saged ngreksa gesangipun kanthi saestu. Pra sakabat nggadhahi tanggel jawab kangge njagi gesangipun saking bab-bab ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti. Kaping kalihipun, supados purun nggatosaken lan preduli dhateng kanca-kancanipun (tiyang sanes). Bab punika, kedah dipun wujudaken dening para sekabatipun Gusti supados sadaya tansah lumampah wonten ing marginipun Allah. Piwucal wonten ing Lukas 17:1-4 punika prayogi dipun cakaken wonten ing gesang kita, para pandherekipun Gusti Yesus. Minangka para pandherekipun Gusti Yesus kita kabereg supados saged njagi gesang saha dhiri kita. Njagi dhiri lan gesang punika dados tanggel jawab kita sacara pribadi. Ananging, ing sisih sanes, kita ugi prelu mujudaken katresnan dhateng sesami. Manawi wonten sesami kita tumindak boten prayogo, kita kedah purun ngemutaken. Kosowangsukipun, manawi kita dipun welehaken dening tiyang sanes, prayoginipun dipun tampi kanthi nglenggana minangka pepenget saking Gusti. Kanthi mekaten kita saged tansah ndherek Gusti kanthi tuhu setya lan ngraosaken endahing gesang sesarengan. Amin.|*MEK
Slasa, 25 Februari 2025 Minggu Limrah
1 Samuel 24:1-22; Jabur 38; 1 Korinta 11:7-22, 27-33 NDADAR AWAKE DHEWE “Mulane saben wong ndadara awake dhewe, lan sawuse mangkono lagi mangan roti lan ngombe ing tuwung iku” (1 Korinta 11:28) Temtunipun tembung pendadaran punika asring kita pireng kepara kita lampahi. Bab punika asring kita prangguli lan kita lampahi nalika ngadhepi paladosan Bujana Suci. Kenging punapa kita kedah nglampahi pendadaran? Menawi dipun gatosaken saha dipunraosaken, lumantar pendadaran punika saben kita kabereg supados saged niti priksa wonten manah lan gesang kita. Bab punika ugi dipun tandesaken dening Rasul Paulus wonten ing serat Korinta 11:27-33. Wonten ing ngriku rasul Paulus paring pemut saha pambereg dhateng pasamuwan ing Korinta supados sami ndadar dhirinipun piyambak langkung rumiyin, sakderengipun kembul Bujana Suci. Isining pendadaran inggih punika niti priksa kawontenaning manahipun punapa saetu pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus. Temtunipun pambereg punika anggadhahi ancas supados pasamuwan ing Korinta anggenipun nampeni Bujana Suci punika tinalesan manah ingkang sumadya saha katebihaken saking sikep budi kethaha. Boten namung punika kemawon, kanthi ndadar dhirinipun piyambak, saged dados sarana ngraos-raosaken sih rahmatipun Gusti. Pasamuwan tansah enget bilih sadaya ingkang dipuntampi, mirungganipun kawilujengan punika namung awit sih katresnanipun Gusti Yesus Kristus. Kanthi mekaten nalika nindakaken Bujana Suci, pasamuwan mujudaken sikep ingkang prayogi. Pramila saking punika, ndadar dhiri kita piyambak ugi dados pambereg tumprap kita. lan punika dipun tindakaken boten namung nalika badhe nampeni Bujana Suci, ananging ugi prayodi dipun wujudaken wonten ing lelampahaning gesang saben dintenipun. Satemah kanthi ndadar dhiri, nebihaken kita saking sikep lan tumindak ingkang boten prayogi. Amin.|*MEK
Senen, 24 Februari 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 33:1-17; Jabur 38; 1 Korinta 11:2-16 PEPANGGIHAN INGKANG NENGSEMAKEN “Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep dirangkul gulune sarta diarasi, sakarone padha nangis” (Purwaning Dumadi 33:4) Saben kita temtu sampun nate maos satunggaling cariyos gegayutan kaliyan Yakub lan Esau. Kalih tiyang punika kakang adi, ingkang nate cecongkrahan awit saking tumindakipun Yakub ingkang kirang pas dhateng Esau. Ing pundi Yakub ngakali Esau supadosa wewengan dados pambarep dipun sade dhateng Yakub. Sesampunipun prastawa punika, lajeng sesambetan antawis Esap kaliyan Yakub kirang sae. Ing pundi awit saking raos ajrihipun Yakub, piyambakipun lajeng mlajar. Lan mboten pepanggihan malih kaliyan Esau ngantos mangtaun-taun. Saksampunipun dangu mboten pepannggihan, wonten ing Purwaning Dumadi 33:1-17 dipun cariyosaken bab pepanggihanipun rama Yaku ingkang nengsemaken. Sinaosa ing wiwitanipun rama Yakub rumaos ajrih lan kuwatos bilih kakangipun badhe nyilakani pyambakipun. Anannging, maargi saking sih kamirahanipun Allah, mila Yakub kasagedaken pinanggih kaliyan Esap. Saking pepanggihan ing antawisipun Esap lan Yakub punika wonten bab ingkang nengsemaken manah. Sepisan, sikep purun ngakeni kaleputan ingkang dipun pratelakaken dening Yakub (ayat 3). Kaping kalihipun, inggih punika tanggapanipun Esap dhateng Yakub (ayat 4). Saksampunipun Esap ningali Yakub, piyambakipun lajeng mlajar lan ngrangkul saha ngekep Yakub. Tumindak punika nelakaken kados pundi raos kangenipun Esap dhateng Yakub, saha pyambakipun sampun paring pangapunten dhateng Yakub, sedherekipun. Esap ugi martosaken kawontenanipun Yakub, saha tiyang-tiyang ingkang sesarengan kaliyan piyambakipun. Saking cariyos kakang adi punika, wonten piwucal ingkang endah kagem kita sami. Ing pundi kita kabereg supados anggadhahi kekendhelan ngakeni kaluputan saha mujudaken “rekonsiliasi” kaliyan sedherek kita dalah tiyang sanes nalika nembe cecongkrahan. Kanthi mekaten kawontenan ingkang nengsemaken saged kita wujudaken ing gesang sesarengan. Amin.|*MEK
Ahad, 23 Februari 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 45:3-11, 15; Jabur 37:1-11, 39-40; 1 Korinta 15:35-38, 42-50; Lukas 6:27-38 KATRESNAN KANG SANYATA “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha dakpituturi: padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.” (Lukas 6:27) Punapa ingkang dados dhasaring katresnan kita dhateng sesami? Punapa kadhasaran dening wontenipun tujuan ingkang sami? Bandha ingkang kathah? Utawi adhedhasar sikepipun tiyang sanes dhateng kita, namung tiyang ingkang tumindak sae punika ingkang kita tresnani? Lajeng kados pundi kaliyan sesami ingkang nate natoni manah kita, punapa kita sampun saged nresnani piyambakipun? Wonten ing gesang padintenan, pancen langkung angel nresnani sesami ingkang nate natoni manah kita. Kita langkung gampil nresnani sesami ingkang tumindak sae kaliyan kita, sesami ingkang nggadhahi kepentingan ingkang sami, ingkang loma lan sakpiturutipun. Ing wekdal punika kita sami kaemutaken kaliyan satunggaling pangandikanipun Gusti ingkang mekaten “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha dakpituturi: padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.” Saking Pangandikanipun Gusti punika, minangka pendherekipun Gusti kita kabereg supados saged nresnani sesami ingkang nate natoni manah kita. Tresna punika dipunwujudaken kanthi sikep tansah tumindak becik, boten males ala, mboten mendhem sengit, purun ngapunteni. Sinaosa sacara kamanungsan punika sanes bab ingkang gampil, ananging nalika wonten krenteg ing manah saha pambudidaya kinanthenan pandonga, sedaya punika badhe saged kawujudaken. Boten namung punika kemawon nalika kita saged nresnani sesami ingkang nate natoni manah kita, punika ateges kita saged mujudaken katresnan ingkang sanyata. Amin.|*MEK
Setu, 22 Februari 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 44:18-34; Jabur 37:1-11, 39-40; Lukas 12:52-59 BEDHAMEN “Amarga, menawa kowe karo lawanmu padha arep ngadhep marang ing ngarsane pamarentah, ana ing dalan ngudia rukun karo wong mau…” (Lukas 12:58) “Rukun cinta satu sama lain itulah maunya Tuhan, rendah hati serta ramah tamah itulah maunya Tuhan. Tunjukkan! Saksikan! Tuhan minta buktinya, Tunjukkan! Saksikan! Tuhan minta buktinya.” Pepujen lare Sekolah Minggu punika badhe nandhesaken bilih saben kita dipuntimbali supados saged mujudaken bedhamen. Ananging emanipun, wonten ing gesang padintenan kita taksih mrangguli kawontenan ingkang mrihatosaken. Inggih punika kathah tiyang taksih sami cecongkrahan, kumeren satemah katentreman angel karaosaken wonten ing gesang sesarengan. Pangandikanipun Gusti wonten ing Lukas 12:58 paring piwucal bilih mujudaken bedhamen punika dados salah satunggaling tugas ingkang kedah dipunwujudaken. Wujudipun kadosdene gesang rukun kaliyan sesami, gesang miturut angger-anggeripun Gusti. Manawi pasamuwan gesang miturut pikajeng saha pamawasipun piyambak, saged nuwuhaken cecongkrahan, rumaos sae lan leres piyambak ing antawis satunggal lan satunggalipun. Pramila saben warga pasamuwan kabereg supados sami nggadhahi manah ingkang jembar anggenipun mujudaken gesang ingkang rukun. Pambereg punika mboten namung katujokaken dhateng tiyang-tiyang ing konteks Injil Lukas kemawon. Timbalan kangge mujudaken bedhamen ugi dipun paringaken dhateng kita sami. Supadosa kita saged mujudaken timbalan punika sumangga kita sami gesang adhedasar dhawuhipun Gusti, rukun antawis satunggal lan satunggalipun saha anggadhahi manah ingkang wiyar anggenipun nampi kawontenaning sesami saha gesang. Amin.|*MEK
Jemuwah, 21 Februari 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 44:1-17; Jabur 37:1-11, 39-40; 1 Yokanan 2:12-17 NINDAKAKEN KARSANIPUN GUSTI “Anadene donya iki lan kamelikane nedhenge sirna, nanging sapa kang nglakoni karsane Gusti Allah iku tetep urip ing salaw-lawase” (1 Yokanan 2:17) “Eling-eling manungsa bakal mati. Eling-eling aneng donya pira lawase. Eling-eling bandha donya ora langgeng. Ndherek Gusti langgeng selaminya.” Punapa panjenengann nate mireng kekidungan punika? Sumangga kita raos-raosaken sesarengan. Sinaosa kekidungan punika namung cekak kemawon, ananging anggadhahi makna ingkang lebet. Kekidungan punika ngengetaken dhateng kita supados saged nglampahi gesang kanthi prayogi. Sampun ngantos lepat anggen kita milih enering gesang punika. Nalika lepat anggenipun namtokaken pilihan, badhe nuwuhaken dampak inkang fatal. Serat 1 Yokanan 2:12-17 paring pepaken dhateng sok sintena kemawon ingkang maos serat punika. Pepaken ingkang dipun tandhesaken wonten ing 1 Yokanan 2:12-17 punika mbereg dhateng sadaya pendherekipun Gusti supadosa saged ngeneraken gesang dhumateng Gusti Allah. Wujuding ngeneraken gesang dhumateng Gusti Allah inggih punika nindakaken punapa ingkang dados dhawuh-dhawuhipun. Satemah gesang langgeng punika dados pengajeng-ajengipun. Ananging menawi pasamuwan nglampahi ingkang kosok wangsulipun, gesangipun namung ngener dhateng bab-bab kadonyan, punika badhe nampi pituwas inggih punika karisakaning gesang. Awit bab-bab kadonyan punika sifatipun boten langgeng saha gampil muspra. Lajeng kados pundi tumrap kita? Punapa ingkang dados enering gesang kita? Sumangga sami ngeneraken gesang dhumateng Gusti. Ndadosaken Gusti Allah minangka bab ingkang utami lan wigati dipun udi. Sumangga sami mujudaken bab punika kanthi nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Allah wonten ing sauruting gesang kita. Amin|*MEK
