Purwaning Dumadi 13:1-7, 14-18; Jabur 27; Filipi 3:2-12 DAKANGGEP UWUH “Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Kristus Yesus, Gustiku, kang mulyane ngungkuli iku mau kabeh. Iya marga saka Panjenengane iku aku wis mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep uwuh, supaya aku oleh Kristus” (Filipi 3:8) Nilar gesang lami ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti punika perkawis ingkang mboten gampil katindakaken dening saben tiyang. Umpami saged nilar, boten kathah ingkang saged jagi lan ngrimati gesangipun tansah sae lan bingahaken. Kadangkala, amargi tiyang sanes ingkang nggoda utawi kawontenan ingkang nggoda kita lajeng wangsul malih ing patraping gesang lami. Rasul Paulus paring tuladha bab gesangipun ingkang sampun mratobat lan dados pandherekipun Gusti Yesus. Lumantar ayat punika kita saged mangertos kadospundhi pamawas lan pangakenipun Rasul Paulus bab gesang dados pandherekipun Gusti Yesus. Wonten kalih perkawis ingkang kaaturaken dening Rasul Paulus: ingkang sepisan, gesang ingkang katindakaken sakderengipun wanuh Gusti minangka kapitunan dadosa ing kalenggahan, gegayuhan ingkang nate dipun darbeki sewau dados wakiling Rum anggenipun nguya-uya pandherekipun Gusti. Sedaya kalawau mboten njalari tentrem malah kepara dados dadakan tuwuhing raos sengit, kuciwa lan ajrih ing gesanging sesami. Pramila saksampunipun wanuh dhateng Gusti Yesus Kristus sedaya ingkang sampun kagayuh namung kapitunan kemawon. Ingkang kaping kalih, saksampunipun mratobat lan gesang dados pandherekipun Gusti, piyambakipun sampun mbucal samukawis ingkang rumiyin kawastanan kamulyan ing gesang. Awit saksampunipun nampi Gusti Yesus ingkang sinebat kamulyan punika gesang miturut kersanipun lan nindakaken sedaya ingkang kadawuhaken dening Gusti. Mila Rasul Paulus nganggep uwuh tumrap sedaya gesang ingkang nyingkur Gusti. Pangaken ingkang kados mekaten kedah kapanggihaken ing gesang kita. Blegeripun tiyang kristen ananging sikapipun mboten ngristeni, saben minggu ngibadah lan manembah dhumateng Gusti ananging ing dinten sanes ngibadah lan manembah dhumateng allah sanesipun. Sumangga kita namung ngener lan nggandhul Gusti, kita anggep uwuh menawi punika sambet kaliyan gesang lami. |*IAS
Rebo, 12 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I
Ayub 1:1-22; Jabur 17; Lukas 21:34-22:6 JAGA-JAGAA LAN NDEDONGAA “Padha tansah jaga-jagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingi kakuwatan kang njalari padha ora bakal ngalami lelakon iku lan supaya kowe padha bisa sembada anggonmu ngadhep Putraning Manungsa” (Lukas 21:36) Sinten ingkang tansah nindakaken ayahan jaga lan ayahan ngunjukaken pandonga? Wangsulanipun, ingkang nindakaken ayahan jaga punika satpam dene ingkang nindakaken ayahan ngunjukaken pandonga punika pandita utawi tokoh agama. Ananging ayat punika ngengetaken dhateng kita, mboten namung satpam ingkang jaga ugi mboten namung pandhita utawi tokoh agama ingkang ngunjukaken pandonga. Saben tiyang pitados kedah tansah jumaga lan dedonga, awit kita mboten mangertos gesang kita padintenanipun, punapa ingkang badhe kelampahan ing gesang, punapa ingkang badhe kita adhepi sabendintenipun. Perkawis ingkang endah punapa malah perkawis ingkang njalari sisahing manah. Pramila Gusti Yesus paring dhawuh dhateng para muridipun: Padha tansah jaga-jagaa lan ndedongaa…” tumindak punika perlu katindakaken awit kanthi jumaga lan dedonga kita tansah gesang ing kawaspadan lan pangatos-atos. Iman ing leres punika kedahipun kados mekaten tansah kebak ing kawaspadan lan pangatos-atos. Kenging punapa? Awit senajan Gusti paring prasetya badhe mitulungi gesanging umatipun, ananging kita taksih gesang ing jagad, ugi kita mboten manungsa ingkang kiyat ing bab punapa kemawon. Kita celak ing kawontenan ingkang ringkih, ringkih ing iman, ringkih ing badan lan ringkih ing bab pepinginan daging. Patrap jumaga lan dedonga punika kedah kaudi saben wekdal supados kita mboten gampil dumawah ing dosa. Langkung-langkung kados ingkang kaserat “…lan supaya kowe padha bisa sembada anggonmu ngadhep Putraning manungsa.” Nalika sawekdal-wekdal Gusti Yesus rawuh ingkang kaping kalih lan ngadili gesanging manungsa, Panjenenganipun manggihaken kita sembada ing salebeting gesang minangka umat kagunganipun Gusti. Awit saking punika, sumangga ingkang taksih nganggep remeh tumindak jumaga lan dedonga, ugi ingkang ngendhe-endhe tumindaking jumaga lan dedonga ing gesang padintenan; kita ewahi. Kita kedah tansah jumaga lan dedonga amrih wilujeng ing jagad lan ing ngarsanipun Gusti Yesus. |*IAS
Senen, 10 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I
1 Babad 21:1-17; Jabur 17; I Yokanan 2:1-2 SANG PANTARA “Anak-anakku, prakara iki daktulis marang kowe supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene menawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, yaiku: Yesus Kristus kang adil” (1 Yokanan 2:1) Pantara (pantawis) tegesipun wong kang nglantarake. Kita saged mbiji, bilih tiyang ingkang nglantaraken punika mesthi tiyang ingkang pinilih lan tiyang ingkang sampun pana ing ayahanipun. Piyambakipun mangertos estu kadospundi marginipun, mangertos estu pundhi ingkang kedah kapilih lan ingkang dipunsingkiri supados ayahanipun saged kagayuh kanthi sae. Kanthi mekaten, tiyang ingkang sinebat pantara punika dados tiyang ingkang pantes pinitados. Pangandikanipun Gusti punika minangka pepenget dhateng umatipun Gusti supados sampun ngantos damel dosa ing gesangipun. Kenging punapa kangetaken kados mekaten? Awit ing bab 1, Rasul Yokanan mratelakaken paseksinipun bab Gusti Yesus lan pakaryan ingkang sampun kebabar ing gesanging umat. Pakaryan kawilujengan ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus lumantar seda lan wungunipun “urip iku wis kebabar lan wis padha dakdeleng, sarta saiki aku kabeh…” (I Yok 1:2). Punika ingkang dados dasar perlunipun Rasul Yokanan ngengetaken dhateng umat sampun ngantos tumindak ing dosa. Ananging, piyambakipun ugi ngakeni bilih tumindak dosa punika perkawis ingkang mboten gampil dipunsingkiri dening manungsa limrah. Senajan manungsa punika ugi sampun katebus lan kawilujengaken dening Gusti Yesus. Pramila pangandikanipun: “Ewadene menawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, yaiku: Yesus Kristus kang adil” menawi ing antawisipun umat wonten ingkang damel dosa ngengetana bilih kita nggadahi pantara ingkang adil, ingkang badhe mitulungi kita ing ngarsanipun Gusti Allah. Perkawis punika perlu dipungatosaken kanthi sanget, supados kita tetep nggadahi raos pakering dhumateng Panjenenganipun ingkang kuwaos mulihaken lan milujengaken gesang manungsa. Sampun ngantos kosokwangsulipun, “dupeh” nggadahi pantara ingkang welas asih lajeng kita ngremehaken tumindaking dosa lan lubering sih pangapuntenipun. Awit saking punika sumangga kita tansah njagi gesang ingkang sampun kawilujengaken dening Gusti supados mboten gampil dhumawah ing dosa ananging tansah unggul lumantar iman kita. |*IAS
Ahad, 9 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I
Pangandharing Toret 26:1-11; Jabur 91:1-2, 9-16; Rum 10:8-13; Lukas 4:1-13 GUSTI PANGUNGSENKU “Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa, iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: Pangungsen saha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken” (Jabur 91:1-2) Saben tiyang ingkang nate ngadhepi prahara, kapeteg ing gesang lan rubedaning gesang mesthi saged ngaturaken paseksi bilih papan pangungsen punika satunggaling papan ingkang kabetahaken sanget. Awit namung ing papan punika ingkang dados papan anggenipun ngraosaken malih pulihing kawontenanipun. Ing papan punika ugi tiyang ngraosaken raos tentrem lan tuwuhing pangajeng-ajengipun ingkang sewau pepes. Jabur 91 ngemot pangandikanipun Gusti bab pangayomanipun Gusti Allah dadosa saking rancangan tindak kaculikan, sesakit, paukuman, paprangan ngantos bab kacilakan. Wonten ing karupekaning gesang, Panjenenganipun kersa dados papan pangungsen saha beteng lan saged dados andel-andeling gesang. Ananging ingkang perlu dados kawigatosan inggih punika tembung “Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa” punapa tegesipun? Tegesipun inggih punika, Gusti kersa dados papan pangungsen, beteng lan piandel menawi tiyang ingkang ngendelaken punika ugi purun mapan ing pangaubanipun lan nyipeng ing pangayomanipun. Liripun tiyang perlu pitados lan masrahaken gesangipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Wanuh lan purun mbangun turut dhateng Panjenenganipun, punapa ingkang kinersakaken dening Gusti ing gesangipun tiyang punika purun pitados bilih kersanipun Gusti Allah ingkang langkung prayogi tumrap sedayanipun. Nalaripun pancen kedah mekaten, tiyang ingkang ngendelaken Gusti dados papan pangayoman lan pangungsenipun kedah wanuh lan mituhu dhateng Panjenenganipun. Punika kadosdene para tiyang ingkang ngungsi saking kacilakan, pamrentah sampun damel papan pangungsen, sampun ngutus tiyang-tiyang ingkang purun nawekaken bantuan, ananging malah mboten purun ngungsi. Pramila nalika kita nembe ngadhepi praharaning gesang, sumangga tansah pitados dhateng Gusti, awit namung Panjenenganipun punika ingkang kuwaos ngluwari lan paring lejaring manah kita malih, Gusti pangungsen kita. |*IAS
Setu, 8 Maret 2025 Minggu Transfigurasi
Kohelet 3:1-8; Jabur 91:1-2, 9-16; Yokanan 12:27-36 KABEH ANA WAYAHE “Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae ing sangisore langit iki ana wayahe” (Kohelet 3:1) Lair, gesang lan pejah punika garising gesangipun manungsa. Ratri, siang, peteng, padhang, tentrem, bungah, sisah, kapetek lan sapiturutipun punik sedaya wonten wekdalipun. Menawi wekdal punika kita nembe ketaman sakit, ngadhepi kasisahan sampun ngantos lajeng semplah; dene menawi nembe saras, bingah, raosing manah tentrem lajeng nyupekaken dhumateng ingkang maringi gesang. Nalikanipun Kohelet nyerat “Samubarang kabeh iku ana wayahe…” mboten namung ngengetaken bab wekdal ingkang gilir gumanti, ugi mboten namung benten-bentenipun kawontenan ingkang mesthi badhe ewah saben wekdal. Wiwit ing ayat 11-14, ing ngriku Kohelet mratelakaken bab werdining Kaagunganipun Gusti Allah tumrap gesanging manungsa. Agenging panguwaosipun Gusti lumantar gilir gumantinipun kawontenan, lsp punika, asring mboten saged jinajagan tumraping nalar. Mila ingkang perlu dipungatosaken inggih punika kadospundhi sinau ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Allah ingkang sampun nata sedayanipun ing gesanging titahipun. Langkung saking punika kadosdene ingkang sinerat ing ayat 14 baris pungkasan: “Gusti Allah tumindak mangkono, supaya manungsa wedia marang Panjenengane”. Punika ingkang perlu dados kawigatosan kita minangka kagunganipun Gusti, supados kita nggadahi gesang ingkang ajrih asing dhateng Panjenenganipun. Umpami gesang kita tansah kapetek, ingkang kalair mbokbilih namung nggresula lan tansah ngundhamana.Kosokwangsulipun menawi gesang kita tansah kacekapan lan bingah, ingkang kalair namung gumunggung lan kumalungkung. Wekdal lan kawontenan ingkang silih gumanti punika dados piranti pasinaoning gesang ing jagad lan dhumateng Gusti Allah. Kita sinau supados tansah kebak ing pangucap sokur ing sadengah kawontenan ingkang dipunadhepi. Kita sinau supados tansah nggadahi raos lan sikap ingkang kebak ing andhap asor dhumateng Gusti awit sedaya ingkang kelampahan punika mboten uwal saking paningal lan kawigatosanipun Gusti. Kita sinau supados dados umat ingkang tansah ajrih asih dhumateng Panjenenganipun, awit Panjenenganipun kemawon ingkang nata gesang kita saben wekdal. |*IAS
Jemuwah, 7 Maret 2025 Minggu Transfigurasi
Pangentasan 6:1-13; Jabur 91:1-2, 9-16; Lelakone Para Rasul 7:35-42 ASTA KANG ROSA “Ing samengko sira bakal sumurup, apa kang bakal Suntandukake marang Pringon, anggone bakal nglilani lunga bangsa iki sarana dipeksa ing asta kang rosa, iya marga saka dipeksa dening asta kang rosa dheweke bakal nundhung bangsa iku saka nagarane” (Pangentasan 6:1) Bangsa Israel ingkang manggen ing Mesir sampun katindhes dening Bangsa Mesir atusan taon. Sami dipunpeksa nyambutdamel bangun kitha-kithanipun Mesir; awit kawontenan ingkang mekaten kados ingkang sinerat ing Kitab Pangentasan 2:23 “…..Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean….” Awit pasambatipun punika, Gusti Allah karenan miyarsakaken lajeng Panjenenganipun ngengeti prasetyanipun malih dhateng Rama Abraham, Iskak lan Yakub (Pangentasan 2:24). Nabi Musa kautus dening Gusti Allah saged mimpin bangsa Israel luwar saking pangawulan. Ananging punapa gampil? Temtu mboten; Sang Pringon nepsu lan bangsa Israel sangsaya kasiyo-siyo. Milanipun ing Pangentasan 6:1 Gusti Allah ngandika: “Nanging pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Ing samengko sira bakal sumurup, apa kang bakal Suntandukake marang Pringon, anggone bakal nglilani lunga bangsa iki sarana dipeksa ing asta kang rosa, iya marga saka dipeksa dening asta kang rosa dheweke bakal nundhung bangsa iku saka nagarane” Pangandika punika ngantepaken dhateng Nabi Musa, bilih Musa mboten piyambakan ngluwari bangsa Israel saking astanipun Prabu Pringon. Musa kayakinaken bab panganthinipun Gusti Allah dhumateng piyambakipun. Saksisihipun punika, Gusti Allah nyakinaken Musa bilih, Ingkang dhawuh dhateng piyampakipun lan ingkang nuntun Israel punika kagungan kuwaos nglangkungi panguwaosing manungsa. Panjenenganipun piyambak ingkang badhe meksa Pringon kanthi asta ingkang rosa. Awit asta ingkang rosa punika bangsa Israel badhe kesah saking tanah Mesir tumuju ing tanah prajanjian. Kadosdene cariyosipun Musa punika, kita minangka umat kagunganipun Gusti ingkang sampun nampi pangluwaran kedah tansah pitados lan masrahaken saestu gesang kita dhumateng Gusti, awit astanipun Gusti Allah punika rosa malah ngedhap-edhapi tumrap gesang kita. |*IAS
Kemis, 6 Maret 2025 Minggu Transfigurasi
Pangentasan 5:10-23; Jabur 91:1-2, 9-16; Lelakone Para Rasul 7:30-34 RUMAKET “Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari, bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun” (Jabur 91:14) Wonten ing kamus basa jawa, tembung rumaket punika nggadhahi teges sumanak banget, raket, linggih tumempel, tumemplok, nemplok, tumempel, lsp. Kanthi mekaten rumaket punika kawontenan ingkang nglairaken raos supeket lan nyawiji dhateng ingkang dipuncelaki. Menawi kaliyan sesami punika kadosdene nalika kita nggadahi rencang ingkang estu celak lan mangertos kita, dene menawi sambet kaliyan barang, barang punika dipuntresnani estu lan mboten badhe dipunbucal punapadene dipun paringaken tiyang sanes. Semanten ugi ing gesang karohanen, kita perlu tansah rumaket kaliyan Gusti Allah. Kenging punapa kita perlu rumaket kaliyan Gusti? Awit Panjenenganipun punika ingkang yasa kita, kabangun dados manungsa ingkang gesang lumantar rohipun. Nalika dhumawah ing dosa, Panjenenganipun ugi ingkang kuwaos mulihaken kawontenaning manungsa. Semanten ugi, namung ing Panjenenganipun kita saged ngraosaken kawontenan ingkang nengsemaken, menawi ketaman ing panandhang lan ngadhepi reribeding gesang, Panjenenganipun ugi ingkang kawuos ngluwari. Nalika kita ngadhepi bebaya lan panggohaning gesang, Gusti Allah ingkang kersa mageri lan ngluwari kita. Pitakenan saklajengipun, kadospundhi caranipun supados kita tansah kasagedaken rumaket dhateng Panjenenganipun? Kita kedah “wanuh marang asmaningSun”. Wanuh punika tegesipun tepung, kulina lan wis dadi padatan. Patrap ingkang kados mekaten punika ingkang perlu kita bangun ing gesanging karohanen. Kita kedah tepung kaliyan Gusti Allah ingkang sampun kebabar ing Gusti Yesus. Panjenenganipun karsa dados Juruwilujeng kita. Sampun ngantos mangu-mangu lan bingung malih dhateng panguwaosipun ingkang milujengaken gesang kita. Ing saksisih kita kedah kulina bangun sesambetan kaliyan Gusti Yesus; kulina ngibadah, kulina dedonga, kulina lelados, kulina nglairaken katresnan lan pangaunten awit pakulinan ingkang mekaten punika ingkang badhe sangsaya ngraketaken kita kaliyan Panjenenenganipun. Tundhonipun njalari rumaketing gesang kita kaliyan sesami. Awit saking punika sumangga minangka umat kagunganipun Gusti, tansah mbudidaya rumaket dhateng Gusti awit namung Panjenenganipun ingkang ngrimati kita. |*IAS
Rebo, 5 Maret 2025 Rabu Abu
Yoel 2:1-2, 12-17/Yesaya 58:1-12; Jabur 51:1-17; II Korinta 5:20b-6:10; Mateus 6:1-6, 16-21 MRATOBATA “Atime suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang” (Yoel 2:13) Mratobat punika satunggaling tumindak ingkang angel katindakaken. Angelipun wonten ing pundi? Angelipun punika kedah katindakaken kanthi sawetahing gesang lan kanthi niat ingkang ageng. Tiyang ingkang badhe mratobat pancen kedah ngraumaosi lan nelangsani kanthi estu sedaya kalepatanipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Saksampunipun punika kedah nggadahi niat ingkang ageng, nilar sapratingkahe tumindak ingkang awon ing ngarsanipun Gusti Allah. Salajengipun kedah katedahaken gesang ingkang leres lan migunani kangge sesami lumantar tetembungan, sikap lan lampahing gesang. Temah mboten wonten ingkang lajeng mastani pamratobat kita punika namung lelamisan kemawon. Pangandikanipun Gusti ing ayat 13 minangka dhawuhipun Gusti dhumateng bangsa Israel ingkang sampun mblasar tumindakipun. Sedaya ingkang katedahaken mrihatosaken ing ngarsanipun Gusti, dadosa para pemimpinipun punapadene bangsanipun. Milanipun Gusti Allah ngagem Nabi Yoel ngengetaken gesangipun bangsa ingkang sangsaya mblasar punika supados purun mratobat atages kedah wangsul ing kersanipun Gusti Allah. Menawi bangsa Israel mboten purun mratobat, Gusti Allah badhe enggal paring paukuman. Kosokwangsulipun, menawi bangsa Israel purun mratobat Gusti Allah ingkang asipat asih lan welasan, ageng sabaripun lan luber kamirahanipun, badhe njabel paukuman ingkang kaparingaken. Pramila ingkang wigati ing bab mratobat punika kedah kawiwitan saking raos keduwung, ngakeni lan ngrumaosi dirinipun punika tiyang ingkang lepat. Saking lebeting manah “Atime suweken, aja sandhanganmu” supados anggen mratobat punika mboten namung lelamisan kemawon. Tiyang sanes mboten badhe mangertos niating pamratobat kita, nanging Gusti Allah pirsa kadospundhi adrenging manah ingkang kepingin gesang anyar lan nindakaken kersanipun Gusti ing lampah. |*IAS
Slasa, 4 Maret 2025 Minggu Transfigurasi
Yehezkiel 1:1, 2:1; Jabur 35:11-28; Lelakone Para Rasul 10:23b-33 NAMPI TIYANG SANES “… bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawung kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi utawi lumebet ing griyanipun. Nanging Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula mboten dipunparengaken nyebut sok sintena najis utawi haram” (Lelakone Para Rasul 10:28) Nampi tiyang sanes punapa gampil? Tumraping tiyang ingkang nggadahi sikap ingkang tinarbuka mbokbilih punika perkawis ingkang gampil. Ananging kosokwangsul tumrap tiyang ingkang nutup diri; perkawis punika angel dipunlampahi. Punapa malih menawi sampun nggadahi raos, bilih piyambakipun nggadahi kaluwihan katimbang tiyang sanes. Temtu nampi tiyang sanes punika satunggaling perkawis ingkang angel. Lajeng kadospundhi tumrap kita? Senajan sampun nampi Gusti Yesus ananging awit piyambakipun tiyang Yahudi, ugi taksih mboten gampil katedahaken dening Rasul Petrus anggenipun nampi tiyang sanes. Raos minangka tiyang ingkang pinilih, minangka bangsa ingkang unggul katimbang sanesipun, taksih kapanggihaken ing pangucapipun: “Panjenengan sadaya sami mangertos, bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawung kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi utawi lumebet ing griyanipun”. Ananging pangaken saklajengipun: “Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula mboten dipunparengaken nyebut sok sintena najis utawi haram” punika pangaken ingkang endah sanget. Senajan mboten gampil, Rasul Petrus nampi pitedahipun Allah, purun ngugemi lan nindakaken dhawuhipun Gusti. Mila wantun mbuka manahipun, mbengkas singgetan lan nampi sesaminipun awit Sang Kristus Yesus. Nyinau pangandika punika, kita sami kaengetaken bab ingkang wigati tumrap gesang kita minangka tiyang pitados. Kita umat kagunganipun Gusti ingkang sampun nampi sih katresnan lan kawilujengan saking Gusti Yesus. Gusti Yesus piyambak ingkang sampun mratelakaken katresnanipun tumrap kita tiyang dosa. Inggih tiyang dosa ingkang tinampi kanthi wetah, kapulihaken lan kawilujengaken. Mila kanugrahan ingkang mekaten punika, ingkang perlu kita tedahaken ing salebeting tetepangan, sesambetan lan sesrawungan kaliyan taiyang sanes, supados katesnan lan kawilungan peparingipun Gusti ugi karaosaken dening sesami. |*IAS
Senen, 3 Maret 2025 Minggu Transfigurasi
Pangentasan 35:1-29; Jabur 35:11-28; Lelakone Para Rasul 10:9-23a HALAL LAN HARAM “Tumuli kapireng swara maneh kang kaping pindhone, dhawuh, “Apa kang wis kapangandikakake halal dening Allah, aja kokarani haram” (Lelakone Para Rasul 10:15) Kalih tembung punika kaginakaken ing paugeraning tiyang Yahudi ingkang sambet kaliyan tetedhan. Ingkang sepisan, tembung halal ing basa ibrani sinebat kosher utawi kosyer. Tetedhan punika kasebat kosher menawi pancen pantes dipun tedha. Dene ingkang kaping kalih kasebat treifah atau treif (טְרֵפָה ṭərēp̄āh) (“tercabik”); ingkang mratelakaken bilih tetedhan punika boten pareng lan boten pantes dipun tedha. Paugeran punika katindakaken turun tumurun lan tansah dipunugemi kanthi setya dening tiyang Yahudi ngantos sapriki. Lajeng kenging punapa Gusti Allah paring pangandika dhumateng rasul Petrus ingkang mekaten: “Tumuli kapireng swara maneh kang kaping pindhone, dhawuh, “Apa kang wis kapangandikakake halal dening Allah, aja kokarani haram” Pangandikanipun Gusti punika mboten namung sesambetan kaliyan tetedhan, ananging ugi bab panampining tiyang Yahudi dhateng tiyang sakjawining Yahudi. Gusti Allah ngengetaken dhateng rasul Petrus bab tuladha lan pangurbananipun Gusti Yesus tumrap sedaya manungsa. Tetingalan punika mucal dhateng Petrus bilih punapa ingkang sewaunipun kasebat najis, dadosa tetedan, tiyang sanes ingkang mboten sami suku bangsanipun, rencang ingkang mboten sajajar kalenggahanipun sakpunika sami awit sih kamirahanipun Gusti lumantar pangurbananipun Gusti Yesus dhateng sedaya titah. Paugeran bab halal lan haram pancen nate kaparingaken dening Gusti Allah piyambak dhateng Israel, nalikanipun tiyang-tiyang punika dhereng wanuh dhateng Gusti lan gesang mituhu dhateng Panjenenganipun. Ananging nalikanipun paugeran halal lan haram lajeng njalari umat ngremehaken tiyang sanes awit tetedhan, suku bangsanipun ingkang benten, mboten sajajar kalenggahanipun, lan njalari tuwuhing raos sengit dhateng sesaminipun. Gusti Allah badhe ngengetaken dhumateng kita, bilih ing ngarsanipun Gusti saben titah punika sami, menawi kita nggadahi panganggep tiyang sanes langkung asor lan mboten saged nampi tiyang sanes kanthi prayogi. Mugi kita tansah kasagedaken nampi tiyang sanes kanthi wetah satraju kaliyan kamirahanipun Gusti dhateng sedaya titah. |*IAS
