+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 8 Maret 2025 Minggu Transfigurasi

Kohelet 3:1-8; Jabur 91:1-2, 9-16; Yokanan 12:27-36

KABEH ANA WAYAHE

Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae ing

sangisore langit iki ana wayahe” (Kohelet 3:1)

              Lair, gesang lan pejah punika garising gesangipun manungsa. Ratri, siang, peteng, padhang, tentrem, bungah, sisah, kapetek lan sapiturutipun punik sedaya wonten wekdalipun. Menawi wekdal punika kita nembe ketaman sakit, ngadhepi kasisahan sampun ngantos lajeng semplah; dene menawi nembe saras, bingah, raosing manah tentrem lajeng nyupekaken dhumateng ingkang maringi gesang.

              Nalikanipun Kohelet nyerat “Samubarang kabeh iku ana wayahe…” mboten namung ngengetaken bab wekdal ingkang gilir gumanti, ugi mboten namung benten-bentenipun kawontenan ingkang mesthi badhe ewah saben wekdal. Wiwit ing ayat 11-14, ing ngriku Kohelet mratelakaken bab werdining Kaagunganipun Gusti Allah tumrap gesanging manungsa. Agenging panguwaosipun Gusti lumantar gilir gumantinipun kawontenan, lsp punika, asring mboten saged jinajagan tumraping nalar. Mila ingkang perlu dipungatosaken inggih punika kadospundhi sinau ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Allah ingkang sampun nata sedayanipun ing gesanging titahipun. Langkung saking punika kadosdene ingkang sinerat ing ayat 14 baris pungkasan: “Gusti Allah tumindak mangkono, supaya manungsa wedia marang Panjenengane”.

              Punika ingkang perlu dados kawigatosan kita minangka kagunganipun Gusti, supados kita nggadahi gesang ingkang ajrih asing dhateng Panjenenganipun. Umpami gesang kita tansah kapetek, ingkang kalair mbokbilih namung nggresula lan tansah ngundhamana.Kosokwangsulipun menawi gesang kita tansah kacekapan lan bingah, ingkang kalair namung gumunggung lan kumalungkung.

              Wekdal lan kawontenan ingkang silih gumanti punika dados piranti pasinaoning gesang ing jagad lan dhumateng Gusti Allah. Kita sinau supados tansah kebak ing pangucap sokur ing sadengah kawontenan ingkang dipunadhepi. Kita sinau supados tansah nggadahi raos lan sikap ingkang kebak ing andhap asor dhumateng Gusti awit sedaya ingkang kelampahan punika mboten uwal saking paningal lan kawigatosanipun Gusti. Kita sinau supados dados umat ingkang tansah ajrih asih dhumateng Panjenenganipun, awit Panjenenganipun kemawon ingkang nata gesang kita saben wekdal. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *