Pangentasan 6:1-13; Jabur 91:1-2, 9-16; Lelakone Para Rasul 7:35-42
ASTA KANG ROSA
“Ing samengko sira bakal sumurup, apa kang bakal Suntandukake marang Pringon, anggone bakal nglilani lunga bangsa iki sarana dipeksa ing asta
kang rosa, iya marga saka dipeksa dening asta kang rosa dheweke bakal nundhung bangsa iku saka nagarane” (Pangentasan 6:1)
Bangsa Israel ingkang manggen ing Mesir sampun katindhes dening Bangsa Mesir atusan taon. Sami dipunpeksa nyambutdamel bangun kitha-kithanipun Mesir; awit kawontenan ingkang mekaten kados ingkang sinerat ing Kitab Pangentasan 2:23 “…..Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean….” Awit pasambatipun punika, Gusti Allah karenan miyarsakaken lajeng Panjenenganipun ngengeti prasetyanipun malih dhateng Rama Abraham, Iskak lan Yakub (Pangentasan 2:24).
Nabi Musa kautus dening Gusti Allah saged mimpin bangsa Israel luwar saking pangawulan. Ananging punapa gampil? Temtu mboten; Sang Pringon nepsu lan bangsa Israel sangsaya kasiyo-siyo. Milanipun ing Pangentasan 6:1 Gusti Allah ngandika: “Nanging pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Ing samengko sira bakal sumurup, apa kang bakal Suntandukake marang Pringon, anggone bakal nglilani lunga bangsa iki sarana dipeksa ing asta kang rosa, iya marga saka dipeksa dening asta kang rosa dheweke bakal nundhung bangsa iku saka nagarane”
Pangandika punika ngantepaken dhateng Nabi Musa, bilih Musa mboten piyambakan ngluwari bangsa Israel saking astanipun Prabu Pringon. Musa kayakinaken bab panganthinipun Gusti Allah dhumateng piyambakipun. Saksisihipun punika, Gusti Allah nyakinaken Musa bilih, Ingkang dhawuh dhateng piyampakipun lan ingkang nuntun Israel punika kagungan kuwaos nglangkungi panguwaosing manungsa. Panjenenganipun piyambak ingkang badhe meksa Pringon kanthi asta ingkang rosa. Awit asta ingkang rosa punika bangsa Israel badhe kesah saking tanah Mesir tumuju ing tanah prajanjian. Kadosdene cariyosipun Musa punika, kita minangka umat kagunganipun Gusti ingkang sampun nampi pangluwaran kedah tansah pitados lan masrahaken saestu gesang kita dhumateng Gusti, awit astanipun Gusti Allah punika rosa malah ngedhap-edhapi tumrap gesang kita. |*IAS