+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 6 Maret 2025 Minggu Transfigurasi

Pangentasan 5:10-23; Jabur 91:1-2, 9-16; Lelakone Para Rasul 7:30-34

RUMAKET

“Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari,

bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun” (Jabur 91:14)

              Wonten ing kamus basa jawa, tembung rumaket punika nggadhahi teges sumanak banget, raket, linggih tumempel, tumemplok, nemplok, tumempel, lsp. Kanthi mekaten rumaket punika kawontenan ingkang nglairaken raos supeket lan nyawiji dhateng ingkang dipuncelaki. Menawi kaliyan sesami punika kadosdene nalika kita nggadahi rencang ingkang estu celak lan mangertos kita, dene menawi sambet kaliyan barang, barang punika dipuntresnani estu lan mboten badhe dipunbucal punapadene dipun paringaken tiyang sanes.

              Semanten ugi ing gesang karohanen, kita perlu tansah rumaket kaliyan Gusti Allah. Kenging punapa kita perlu rumaket kaliyan Gusti? Awit Panjenenganipun punika ingkang yasa kita, kabangun dados manungsa ingkang gesang lumantar rohipun. Nalika dhumawah ing dosa, Panjenenganipun ugi ingkang kuwaos mulihaken kawontenaning manungsa. Semanten ugi, namung ing Panjenenganipun kita saged ngraosaken kawontenan ingkang nengsemaken, menawi ketaman ing panandhang lan ngadhepi reribeding gesang, Panjenenganipun ugi ingkang kawuos ngluwari. Nalika kita ngadhepi bebaya lan panggohaning gesang, Gusti Allah ingkang kersa mageri lan ngluwari kita.

              Pitakenan saklajengipun, kadospundhi caranipun supados kita tansah kasagedaken rumaket dhateng Panjenenganipun? Kita kedah “wanuh marang asmaningSun”. Wanuh punika tegesipun tepung, kulina lan wis dadi padatan. Patrap ingkang kados mekaten punika ingkang perlu kita bangun ing gesanging karohanen. Kita kedah tepung kaliyan Gusti Allah ingkang sampun kebabar ing Gusti Yesus. Panjenenganipun karsa dados Juruwilujeng kita. Sampun ngantos mangu-mangu lan bingung malih dhateng panguwaosipun ingkang milujengaken gesang kita. Ing saksisih kita kedah kulina bangun sesambetan kaliyan Gusti Yesus; kulina ngibadah, kulina dedonga, kulina lelados, kulina nglairaken katresnan lan pangaunten awit pakulinan ingkang mekaten punika ingkang badhe sangsaya ngraketaken kita kaliyan Panjenenenganipun. Tundhonipun njalari rumaketing gesang kita kaliyan sesami. Awit saking punika sumangga minangka umat kagunganipun Gusti, tansah mbudidaya rumaket dhateng Gusti awit namung Panjenenganipun ingkang ngrimati kita. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *