Yoel 2:1-2, 12-17/Yesaya 58:1-12; Jabur 51:1-17; II Korinta 5:20b-6:10;
Mateus 6:1-6, 16-21
MRATOBATA
“Atime suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang” (Yoel 2:13)
Mratobat punika satunggaling tumindak ingkang angel katindakaken. Angelipun wonten ing pundi? Angelipun punika kedah katindakaken kanthi sawetahing gesang lan kanthi niat ingkang ageng. Tiyang ingkang badhe mratobat pancen kedah ngraumaosi lan nelangsani kanthi estu sedaya kalepatanipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Saksampunipun punika kedah nggadahi niat ingkang ageng, nilar sapratingkahe tumindak ingkang awon ing ngarsanipun Gusti Allah. Salajengipun kedah katedahaken gesang ingkang leres lan migunani kangge sesami lumantar tetembungan, sikap lan lampahing gesang. Temah mboten wonten ingkang lajeng mastani pamratobat kita punika namung lelamisan kemawon.
Pangandikanipun Gusti ing ayat 13 minangka dhawuhipun Gusti dhumateng bangsa Israel ingkang sampun mblasar tumindakipun. Sedaya ingkang katedahaken mrihatosaken ing ngarsanipun Gusti, dadosa para pemimpinipun punapadene bangsanipun. Milanipun Gusti Allah ngagem Nabi Yoel ngengetaken gesangipun bangsa ingkang sangsaya mblasar punika supados purun mratobat atages kedah wangsul ing kersanipun Gusti Allah. Menawi bangsa Israel mboten purun mratobat, Gusti Allah badhe enggal paring paukuman. Kosokwangsulipun, menawi bangsa Israel purun mratobat Gusti Allah ingkang asipat asih lan welasan, ageng sabaripun lan luber kamirahanipun, badhe njabel paukuman ingkang kaparingaken.
Pramila ingkang wigati ing bab mratobat punika kedah kawiwitan saking raos keduwung, ngakeni lan ngrumaosi dirinipun punika tiyang ingkang lepat. Saking lebeting manah “Atime suweken, aja sandhanganmu” supados anggen mratobat punika mboten namung lelamisan kemawon. Tiyang sanes mboten badhe mangertos niating pamratobat kita, nanging Gusti Allah pirsa kadospundhi adrenging manah ingkang kepingin gesang anyar lan nindakaken kersanipun Gusti ing lampah. |*IAS