+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 9 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I

Pangandharing Toret 26:1-11; Jabur 91:1-2, 9-16; Rum 10:8-13; Lukas 4:1-13

GUSTI PANGUNGSENKU

Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa, iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: Pangungsen saha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken

(Jabur 91:1-2)

              Saben tiyang ingkang nate ngadhepi prahara, kapeteg ing gesang lan rubedaning gesang mesthi saged ngaturaken paseksi bilih papan pangungsen punika satunggaling papan ingkang kabetahaken sanget. Awit namung ing papan punika ingkang dados papan anggenipun ngraosaken malih pulihing kawontenanipun. Ing papan punika ugi tiyang ngraosaken raos tentrem lan tuwuhing pangajeng-ajengipun ingkang sewau pepes.

              Jabur 91 ngemot pangandikanipun Gusti bab pangayomanipun Gusti Allah dadosa saking rancangan tindak kaculikan, sesakit, paukuman, paprangan ngantos bab kacilakan. Wonten ing karupekaning gesang, Panjenenganipun kersa dados papan pangungsen saha beteng lan saged dados andel-andeling gesang.

              Ananging ingkang perlu dados kawigatosan inggih punika tembung “Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa” punapa tegesipun? Tegesipun inggih punika, Gusti kersa dados papan pangungsen, beteng lan piandel menawi tiyang ingkang ngendelaken punika ugi purun mapan ing pangaubanipun lan nyipeng ing pangayomanipun. Liripun tiyang perlu pitados lan masrahaken gesangipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Wanuh lan purun mbangun turut dhateng Panjenenganipun, punapa ingkang kinersakaken dening Gusti ing gesangipun tiyang punika purun pitados bilih kersanipun Gusti Allah ingkang langkung prayogi tumrap sedayanipun.

              Nalaripun pancen kedah mekaten, tiyang ingkang ngendelaken Gusti dados papan pangayoman lan pangungsenipun kedah wanuh lan mituhu dhateng Panjenenganipun. Punika kadosdene para tiyang ingkang ngungsi saking kacilakan, pamrentah sampun damel papan pangungsen, sampun ngutus tiyang-tiyang ingkang purun nawekaken bantuan, ananging malah mboten purun ngungsi. Pramila nalika kita nembe ngadhepi praharaning gesang, sumangga tansah pitados dhateng Gusti, awit namung Panjenenganipun punika ingkang kuwaos ngluwari lan paring lejaring manah kita malih, Gusti pangungsen kita. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *